Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ditimbali saka Pepeteng

Ditimbali saka Pepeteng

”[Yéhuwah] wus nimbali kowé saka pepeteng marang ing pepadhangé kang ngéram-éramaké.”​—1 PT. 2:9.

LAGU: 143, 28

1. Critakna apa sing kelakon wektu Yérusalèm diremuk?

ING taun 607 SM, Raja Nebukadnézar II saka Babil lan prajurité sing akèh nyerang kutha Yérusalèm. Alkitab kandha nèk raja kuwi matèni cah-cah enom nganggo pedhang. Dhèwèké ”ora ngatingalaké pangémané marang jaka utawa prawan, wong tuwa utawa wong uwanen”. Banjur, ”padalemaning Allah diobong, temboké Yérusalèm dirubuhaké lan sakèhé puri ing kutha padha diobongi kalawan geni, satemah padha sirna sakèhé prabot kang éndah-éndah”.​—2 Bb. 36:17, 19.

2. Yéhuwah wis ngélikké apa, lan apa sing bakal dialami wong-wong Yahudi?

2 Wong-wong Yahudi kuduné ora kagèt wektu Yérusalèm diremuk. Pirang-pirang taun sakdurungé, Yéhuwah wis ngélikké liwat para nabi nèk ora manut marang Yéhuwah, wong-wong Yahudi bakal diserang wong Babil. Akèh wong Yahudi bakal dipatèni nganggo pedhang, lan wong-wong sing slamet dibuwang ing Babil. (Ym. 15:2) Kaya apa urip ing pembuwangan? Apa wong Kristen wis tau ngalami kahanan sing kaya ngono? Nèk iya, kapan?

URIP ING PEMBUWANGAN

3. Piyé dadi tawanan ing Babil béda karo wektu dadi budhak ing Mesir?

3 Yéhuwah wis ngandhani wong-wong Yahudi bèn isa nampa kahanan apa anané lan urip sak isa-isané ing pembuwangan. Yéhuwah ngendika liwat Yérémia, ”Padha ngadegna omah lan sira enggonana, sira gawéa pakebonan, kang kena sira pangan pametuné. Padha ngudia marang karaharjaning kutha, ing ngendi parané anggoningSun mbucal sira, sarta ndongakna kutha-kutha iku marang Sang Yéhuwah, amarga tata-tentreming kutha iku uga dadi karaharjanira dhéwé.” (Ym. 29:5, 7) Uripé wong-wong sing manut arahané Yéhuwah ing pembuwangan ora pati rekasa kaya wektu dadi budhak ing Mesir mbiyèn. Wong-wong Babil ngéntukké wong Yahudi ngurusi urusané dhéwé lan lunga ing ngendi waé ing negara kuwi. Wektu kuwi Babil dadi pusat dagang. Dhokumèn-dhokumèn kuna nduduhké nèk ing kono wong Yahudi sinau dagang, dadi pengrajin sing trampil, lan ana sing dadi sugih.​—Wacanen Pangentasan 2:23-25.

4. Sakliyané wong Yahudi sing ora setya, sapa manèh sing uga sengsara, lan apa sebabé wong-wong kuwi ora mungkin isa nindakké kabèh hukumé Yéhuwah?

4 Ana wong-wong Yahudi ing pembuwangan sing tetep setya ngabdi marang Yéhuwah. Senajan ora salah, wong-wong kuwi mèlu sengsara bareng karo bangsané. Wong-wong Yahudi kecukupan ing bab jasmani, ning apa isa ngibadah marang Yéhuwah? Bait lan misbyahé wis diremuk, lan gawéané para imam wis ora diatur lan ditata. Ning, wong-wong sing setya tetep ngetrapké Hukumé Yéhuwah. Contoné, Dhanièl, Sadrakh, Mésakh, lan Abèdnégo ora gelem mangan panganan sing dilarang kanggo wong Yahudi. Alkitab uga kandha nèk Dhanièl ajeg ndonga. (Dn. 1:8; 6:11) Ning, merga dikuwasani karo bangsa kafir, wong-wong kuwi ora mungkin isa nindakké kabèh hukumé Yéhuwah.

Janjiné Yéhuwah mesthi bakal kelakon

5. Yéhuwah janji apa marang umaté, lan apa sebabé janji kuwi kayané ora mungkin kelakon?

5 Apa mungkin wong-wong Israèl isa ngibadah manèh marang Yéhuwah nganggo cara sing bener? Wektu kuwi kayané ora mungkin, merga wong-wong Babil ora tau mbébaské tawanané. Ning Yéhuwah janji nèk umaté bakal dibébaské, lan akhiré kuwi kelakon. Janjiné Yéhuwah mesthi bakal kelakon.​—Yé. 55:11.

APA WONG KRISTEN WIS TAU DITAWAN ING BABIL?

6, 7. Apa sebabé perlu ana pangertèn anyar?

6 Apa wong Kristen wis tau ngalami kahanan sing padha kaya pembuwangan ing Babil? Wis pirang-pirang taun, majalah Menara Pengawal kandha nèk wong-wong Kristen sing setya ditawan ing Babil taun 1918 lan dibébaské taun 1919. Ning, ing wulangan iki lan sakbanjuré, kita arep sinau pangertèn sing anyar.

Suwé sakdurungé Perang Donya I, para sedulur sing dipilih munggah swarga wis misah saka agama palsu

7 Coba dipikir, Babil Gedhé kuwi kumpulan agama palsu sakdonya. Umaté Yéhuwah ora dadi budhaké agama palsu ing taun 1918. Wektu kuwi para sedulur sing dipilih munggah swarga pancèn dianiaya, ning sing nganiaya kuwi pamréntah, dudu agama palsu. Suwé sakdurungé Perang Donya I, para sedulur kuwi wis misah saka agama palsu. Dadi, umaté Yéhuwah ora ditawan ing Babil Gedhé taun 1918.

KAPAN UMATÉ YÉHUWAH DITAWAN ING BABIL?

8. Ana kedadéan apa sakwisé para rasul mati? (Deloken gambar ing kaca 21.)

8 Wektu Péntakosta taun 33 M, éwonan wong kristen anyar dipilih roh suci kanggo munggah swarga. Wong-wong kuwi dadi ”bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungané Gusti Allah pribadi”. (Wacanen 1 Pétrus 2:9, 10.) Wektu isih urip, para rasul nggatèkké tenanan jemaat-jemaat. Ning, sakwisé para rasul mati ana wong-wong lanang ing jemaat sing seneng karo ajarané Aristoteles lan Plato. Wong-wong kuwi mulai mulangké ajarané dhéwé sing ora cocog karo Alkitab sarta ngupaya bèn para murid ora ngetrapké ajaran Alkitab. (PR. 20:30; 2 Ts. 2:6-8) Akèh saka wong-wong kuwi nduwé wewenang lan dadi pengawas ing jemaat. Senajan Yésus kandha nèk para muridè ”kabèh padha-padha sadulur”, ning wektu kuwi ana sing mulai mbentuk kelompok pemimpin agama.​—Mt. 23:8.

Wong-wong Kristen setya sing dipilih munggah swarga digambarké Yésus kaya gandum, lan ngupaya ngibadah sing tenanan

9. Piyé critané wong-wong Kristen murtad mulai éntuk dhukungan saka pamréntahan Roma? Apa akibaté?

9 Ing taun 313 M, Kaisar Konstantin nguwasani wilayah Kerajaan Roma lan ndadèkké agama Kristen sing murtad dadi agama resmi. Sakwisé kuwi, Gréja mulai éntuk dhukungan saka pamréntahan Roma. Contoné, Konstantin nganakké rapat bareng karo para pemimpin agama, sing disebut Konsili Nicea. Sakwisé kuwi, Kaisar Konstantin nyingkirké imam Arius menyang pembuwangan merga ora gelem percaya nèk Yésus kuwi Gusti Allah. Banjur, Theodosius dadi kaisar Roma, lan Gréja Katolik dadi agama resmi ing wilayah Kerajaan Roma. Para ahli sejarah kandha nèk wong-wong kafir ing Roma dadi ”Kristen” saksuwéné pamréntahané Kaisar Theodosius. Wektu kuwi, wong-wong Kristen sing murtad nampa ajaran kafir lan dadi bagéan saka Babil Gedhé. Ning, isih ana wong-wong Kristen setya sing dipilih munggah swarga, sing digambarké Yésus kaya gandum. Wong-wong kuwi ngupaya tenan ngibadah marang Yéhuwah lan martakké wulangan sing bener saka Alkitab, ning mung sithik sing perduli. (Wacanen Matéus 13:24, 25, 37-39.) Kahanan kaya ngono kuwi bener-bener kaya pembuwangan ing Babil.

10. Apa sebabé wong-wong mulai ora gelem manèh dadi anggotané gréja?

10 Atusan taun sakwisé jamané Yésus, akèh wong isih tetep isa maca Alkitab ing basa Yunani utawa Latin. Wong-wong kuwi mbandhingké ajarané Alkitab karo ajarané gréja. Wektu ngerti nèk ajarané gréja salah, ana sing ora gelem manèh dadi anggotané gréja. Ning, wong-wong kuwi isa cilaka lan dipatèni nèk nyritakké kapracayané.

11. Piyé critané Alkitab isa dikuwasani karo para pemimpin agama?

11 Saya suwé, sing isa basa Yunani lan Latin mung sithik. Para pemimpin gréja ora ngéntukké Alkitab diterjemahké ing basa sing umum digunakké. Mula, sing isa maca Alkitab mung para pemimpin agama lan sing sekolahé dhuwur. Para pemimpin agama kuwi waé ora pati pinter maca lan nulis basané Alkitab. Sapa waé sing ora setuju karo ajarané gréja bakal dianiaya. Dadi, wong-wong Kristen setya sing dipilih munggah swarga kudu ndhelik-ndhelik nèk arep ngumpul bareng ing kelompok-kelompok cilik, malah ana sing blas ora isa mèlu ngumpul. Wong-wong sing dadi bagéan saka ”kaimaman kaprabon” kuwi ora isa ngibadah nganggo cara sing diatur lan ditata, kaya wong Yahudi sing ditawan ing Babil mbiyèn. Babil Gedhé bener-bener wis nguwasani kabèh wong.

ANA PANGAREP-AREP

12, 13. Apa sebabé wong-wong Kristen sing sejati bakal isa bébas ngibadah? Terangna rong alesané.

12 Apa wong-wong Kristen sing sejati bakal isa bébas ngibadah? Ya, paling ora merga rong alesan. Sing sepisan, ing kira-kira taun 1450 wis ditemokké mesin cétak nganggo huruf-huruf sing isa dibongkar-pasang. Sakdurungé kuwi, Alkitab kudu disalin nganggo tangan lan ditulis ing kulit kéwan. Wong sing trampil waé butuh sepuluh sasi kanggo nyalin sak Alkitab. Mula, Alkitab mung ana sithik lan regané larang banget. Ning, merga saiki wis ana mesin cétak lan kertas, wong sing trampil isa nyétak luwih saka 1.300 kaca saben dina.

Mesin cétak sing ditemokké lan semangaté para penerjemah Alkitab sing kendel isa mènèhi pangarep-arep bébas saka Babil (Deloken paragraf 12, 13)

13 Alesan kepindho yaiku terjemahan Alkitab. Kira-kira ing taun 1500, ana wong-wong lanang sing kendel nerjemahké Alkitab ing basa sing umum digunakké, senajan ngerti nèk bakal dipatèni merga nindakké kuwi. Para pemimpin gréja wedi lan kuwatir nèk wong-wong sing tulus atiné isa maca Alkitab lan mulai takon, ’Ayat Alkitab endi sing mulang bab api penyucian? Ayat Alkitab endi sing mulang nèk wong kudu mbayar imam kanggo upacara wong mati? Ayat Alkitab endi sing mulang bab pemimpin agama kaya paus lan kardinal?’ Akèh ajaran palsu gréja dhasaré saka ajarané Aristoteles lan Plato sing urip atusan taun sakdurungé Yésus ing bumi. Para pemimpin gréja nesu merga ora péngin ana sing maca Alkitab lan takon-takon bab kuwi. Sapa waé sing nolak ajarané gréja bakal dipatèni. Pancèn akèh sing wis ora maca Alkitab lan takon-takon manèh. Ning ana sing kendel lan ora gelem dikuwasani Babil Gedhé. Wong-wong kuwi wis ngerti ajaran sing bener saka Alkitab lan péngin ngerti luwih akèh. Kuwi tegesé, wong-wong wis arep bébas saka agama palsu.

Ana wong-wong lanang sing kendel nerjemahké Alkitab ing basa sing umum digunakké

14. (a) Apa sing ditindakké karo wong-wong sing péngin sinau Alkitab? (b) Critakna carané Sedulur Russell nemokké ajaran sing bener?

14 Akèh wong péngin maca lan sinau Alkitab sarta nyritakké apa sing wis disinau. Wong-wong kuwi ora gelem nampa ajarané para pemimpin gréja. Dadi wong-wong kuwi pindhah menyang negara sing ora nglarang sinau Alkitab. Salah sijiné yaiku Amerika Serikat. Taun 1870, Charles Taze Russell lan kanca-kancané mulai sinau tenanan isiné Alkitab. Sedulur Russell péngin ngerti agama endi sing ajarané cocog karo Alkitab. Ajarané agama-agama sing disebut Kristen lan sing dudu Kristen, dibandhingké karo kandhané Alkitab. Dhèwèké dadi ngerti nèk ora ana siji-sijia agama sing bener-bener cocog karo Alkitab. Sedulur Russell lan kanca-kancané nemokké ajaran sing bener saka Alkitab. Banjur, Sedulur Russell ngomong karo para pemimpin greja ing dhaérah kana, bèn padha nampa lan ngajarké sing bener saka Alkitab marang jemaaté. Ning, para pemimpin agama ora seneng. Siswa-Siswa Alkitab dadi ngerti nèk ibadah marang Yéhuwah ora isa dicampur karo agama palsu.​—Wacanen 2 Korinta 6:14.

15. (a) Kapan wong-wong Kristen sejati ditawan ing Babil? (b) Pitakonan-pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing wulangan sakbanjuré?

15 Ing wulangan iki, kita wis sinau nèk wong-wong Kristen sejati ditawan ing Babil ora suwé sakwisé rasul terakhir mati. Ning, awaké dhéwé isih perlu sinau jawaban saka pitakonan-pitakonan iki: Apa buktiné nèk wong-wong sing dipilih munggah swarga wis bébas saka Babil Gedhé sakdurungé taun 1914? Apa bener nèk Yéhuwah ora seneng karo para abdiné merga ora semangat nginjil saksuwéné Perang Donya I? Apa ana para sedulur sing mèlu ndhukung perang lan nggawé Yéhuwah ora seneng? Nèk wong-wong Kristen ditawan ing agama palsu sakwisé para rasul mati, kapan wong-wong kuwi dibébaské? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing wulangan sakbanjuré.