Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Ngajèni Tenan Pangandikané Yéhuwah?

Apa Panjenengan Ngajèni Tenan Pangandikané Yéhuwah?

”Pangandikané Gusti Allah . . . iku wus padha koktampani, . . . lan iki pancèn iya nyata mangkono—kokanggep sabdaning Allah.”​—1 TS. 2:13.

LAGU: 37, 20

1-3. Masalah apa sing isa waé dialami Euodhia lan Sintikhé? Piyé carané bèn ora kena masalah kaya ngono? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

KITA tenanan ngajèni Alkitab merga kuwi Pangandikané Yéhuwah. Alkitab ngandhani carané bèn ora kena masalah lan ngélikké wektu awaké dhéwé tumindak salah. Piyé tanggepané awaké dhéwé? Ing abad kapisan, ana sedulur wédok loro sing dipilih munggah swarga, sing jenengé Euodhia lan Sintikhé. Alkitab nyritakké nèk wong loro kuwi padha udur-uduran, ning ora dicritakké apa sebabé.

2 Kétoké Euodhia ngundang sedulur-sedulur mangan ing omahé, ning ora ngundang Sintikhé. Pas Sintikhé krungu sedulur-sedulur nyritakké senengé wektu diundang mangan, dhèwèké dadi jèngkèl banget. Sintikhé mikir, ’Aku ra nyangka Euodhia ora ngundang aku. Tak kira aku iki kanca apiké.’ Sintikhé rumangsa nèk Euodhia ora seneng lan ngedohi dhèwèké. Mula Sintikhé genti ngundang sedulur-sedulur mau lan ora ngundang Euodhia. Kahanan kaya ngono isa ngganggu jemaat. Alkitab kandha nèk Paulus ngélikké wong loro mau bèn rukun. Akhiré, wong loro mau gelem ngrungokké lan terus ngabdi marang Yéhuwah.​—Fp. 4:2, 3.

3 Saiki awaké dhéwé isa waé nduwé masalah karo sedulur-sedulur ing jemaat. Ning, nèk gelem manut karo naséhaté Alkitab, awaké dhéwé isa ngrampungi masalah utawa malah ora kena masalah. Kuwi uga bukti nèk awaké dhéwé ngajèni banget Pangandikané Yéhuwah.​—Ms. 27:11.

ALKITAB MULANG CARANÉ NGENDHALÈNI PERASAAN

4, 5. Alkitab mènèhi naséhat apa bab carané ngendhalèni perasaan?

4 Ngendhalèni perasaan kuwi ora mesthi gampang. Isa waé awaké dhéwé sedhih utawa nesu banget wektu ana sing ngenyèk utawa tumindak ora adil. Kuwi isa merga budaya, werna kulit, utawa penampilané awaké dhéwé. Lan luwih nylekit manèh nèk sing nindakké kuwi sedulur seimané dhéwé. Naséhat Alkitab endi sing isa mbantu kita?

5 Yéhuwah ngerti apa sing bakal kelakon nèk ora isa ngendhalèni perasaan. Nèk lagi jèngkèl utawa nesu, awaké dhéwé isa ngomong utawa nindakké bab sing akhiré marahi gela. Ing Alkitab, Yéhuwah ndhawuhi awaké dhéwé, ”Aja agé-agé nepsu ing sajroning ati.” Nèk ora gampang nesu, kaya naséhat kuwi, mesthi awaké dhéwé ora bakal kena akèh masalah. (Wacanen Kohèlèt 7:9; Wulang Bebasan 16:32.) Alkitab uga ngandhani bèn awaké dhéwé ngapura wong liya. Malah, Yésus kandha nèk ora ngapura liyané, Yéhuwah uga ora bakal ngapura awaké dhéwé. (Mt. 6:14, 15) Apa panjenengan perlu luwih sabar lan ngapura liyané?

6. Apa akibaté nèk gampang nesu?

6 Nèk ora ngendhalèni perasaan, awaké dhéwé isa dadi nesu lan mulai gething karo liyané, utawa malah marahi sedulur liyané bèn mèlu nesu. Senajan ngupaya bèn ora kétok nesu utawa gething, ning suwé-suwé wong liya isa ngerti perasaané awaké dhéwé. Banjur para sedulur isa waé ngedohi awaké dhéwé. (WB. 26:24-26) Para pinituwa bakal mènèhi naséhat saka Alkitab kanggo mbantu awaké dhéwé bèn ngapura liyané lan ora nesu manèh. (Km. 19:17, 18; Rm. 3:11-18) Apa kita gelem manut tuntunané Alkitab liwat para pinituwa?

YÉHUWAH NUNTUN KITA

7, 8. (a) Piyé carané Yéhuwah nuntun umaté? (b) Apa waé arahan sing ana ing Alkitab lan apa sebabé kita kudu manut?

7 Saiki Yéhuwah mulang lan nuntun pakumpulané sing ana ing bumi. Piyé carané? Yéhuwah wis milih Yésus dadi ”sesirahing pasamuwan”, lan Yésus wis milih ”abdi kang setya lan pinter”, kanggo mulang lan ngarahké umaté Yéhuwah. (Éf. 5:23; Mt. 24:45-47) Kaya pengurus pusat ing abad kapisan, abdi kang setya ngajèni Alkitab merga kuwi Pangandikané Gusti Allah. (Wacanen 1 Tésalonika 2:13.) Apa waé arahan sing ana ing Alkitab?

8 Alkitab ngarahké bèn awaké dhéwé ajeg teka ing pakumpulan ibadah. (Ib. 10:24, 25) Kuwi isa marahi kita kabèh nduwé pangertèn sing padha bab Alkitab. (1 Kr. 1:10) Awaké dhéwé uga diajari bèn ndhisikké Kratoné Gusti Allah. (Mt. 6:33) Alkitab mréntahké bèn awaké dhéwé nginjil ing omah-omah, panggonan umum, lan ing panggonan ngendi waé sing ana wongé. (Mt. 28:19, 20; PR. 5:42; 17:17; 20:20) Alkitab uga ngarahké bèn para pinituwa njaga jemaat tetep resik. (1 Kr. 5:1-5, 13; 1 Tm. 5:19-21) Uga ngandhani bèn awaké dhéwé njaga awak tetep resik lan ngedohi pikiran lan kebiyasaan sing digethingi Yéhuwah.​—2 Kr. 7:1.

’Apa aku gelem setya karo Yésus lan manut arahané abdi kang setya?’

9. Sapa sing dipilih Yésus kanggo mbantu kita ngerti wulangané Alkitab?

9 Ana sing rumangsa ora butuh wong liya kanggo nerangké wulangané Alkitab. Ning wiwit taun 1919, Yésus wis milih ”abdi kang setya lan pinter”, kanggo mbantu umaté Yéhuwah ngerti wulangané Alkitab lan manut karo arahané. Nèk manut karo Alkitab, awaké dhéwé isa njaga jemaat tetep resik, rukun, lan ayem tentrem. Coba dipikir, ’Apa aku gelem setya karo Yésus lan manut arahané abdi kang setya?’

KRÉTANÉ YÉHUWAH NGEBUT

10. Piyé buku Yéheskièl nggambarké pakumpulané Yéhuwah ing swarga?

10 Saka Alkitab kita ngerti nèk abdiné Yéhuwah ing swarga uga diatur lan ditata. Contoné, Yéheskièl éntuk wahyu lan isa ndelok Yéhuwah nitih kréta sing mlakuné cepet manut kersané. (Yk. 1:4-28) Kréta kuwi nggambarké pakumpulané Yéhuwah ing swarga sing cepet nindakké arahané Yéhuwah. Lan kuwi ana pengaruhé kanggo pakumpulané Yéhuwah ing bumi. Buktiné, akèh owah-owahan sing wis digawé pakumpulané Yéhuwah saksuwéné sepuluh taun iki. Élinga nèk kuwi kabèh dituntun karo Yéhuwah. Ora suwé manèh, Yésus lan para malaékaté bakal nyingkirké sing jahat ing donya iki. Kabèh bakal ngajéni Yéhuwah, asmané lan carané mréntah.

Maturnuwun banget kanggo para rélawan pembangunan sing wis kerja mempeng (Deloken paragraf 11)

11, 12. Apa sing wis ditindakké pakumpulané Yéhuwah ing dina-dina pungkasan iki?

11 Coba pikirna apa sing wis ditindakké pakumpulané Yéhuwah ing dina-dina pungkasan iki. Pembangunan. Atusan sedulur lanang lan wédok kerja mempeng mbangun kantor pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah sing anyar ing Warwick, New York, AS. Éwonan sedulur ngréwangi mbangun Balé Ibadah lan kantor cabang ing saklumahing bumi. Sedulur-sedulur sing ngréwangi kuwi diarahké karo Departemèn Rancang/Bangun Sedunia. Awaké dhéwé mesthi maturnuwun banget karo para sedulur mau sing wis kerja mempeng. Umaté Yéhuwah ing ngendi waé uga mèlu ngragadi pembangunan-pembangunan kuwi. Yéhuwah mberkahi umaté sing andhap asor lan setya.​—Lk. 21:1-4.

12 Pendhidhikan. Yéhuwah seneng ndhidhik umaté. (Yé. 2:2, 3) Ing pakumpulané Yéhuwah ana Sekolah kanggo Perintis, Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah, Sekolah Giléad, Sekolah Bètel, Sekolah kanggo Pinituwa Wilayah lan Bojoné, Sekolah kanggo Pinituwa Jemaat, Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat, sarta Sekolah kanggo Panitya Cabang lan Bojoné. Ing situs wèb jw.org, ana Alkitab lan wacan Alkitab liyané ing atusan basa. Ing situs wèb iki uga ana bagéan kusus kanggo anak-anak lan keluarga sarta bagéan berita. Apa panjenengan wis tau nggunakké situs wèb jw.org wektu nginjil lan wektu ngibadah sak keluarga?

SETYA MARANG YÉHUWAH LAN NDHUKUNG PAKUMPULANÉ

13. Apa sing kudu ditindakké umaté Yéhuwah?

13 Kaurmatan gedhé isa ngerti kersané Yéhuwah lan dadi bagéan saka pakumpulané. Merga ngerti kersané Yéhuwah, kita kudu manut lan nindakké sing bener. Senajan akèh wong seneng nindakké sing ala, awaké dhéwé kudu ’sengit marang piala’, kaya Yéhuwah. (Ms. 97:10) Aja nganti kaya wong-wong sing mikir nèk ”piala iku becik lan kabecikan iku ala”. (Yé. 5:20) Merga péngin nyenengké Yéhuwah, awaké dhéwé nduwé tékad kanggo terus nindakké sing bener. (1 Kr. 6:9-11) Pangandikané Yéhuwah ing Alkitab kuwi ana gunané kanggo kita. Merga tresna lan setya marang Yéhuwah, awaké dhéwé gelem manut karo tuntunané wektu ing omah, jemaat, gawéan, sekolah, utawa ing ngendi waé. (WB. 15:3) Coba dipikir, ing kahanan apa waé kita perlu setya marang Yéhuwah.

Wong tuwa sing tresna marang Yéhuwah péngin anaké cedhak karo Yéhuwah

14. Piyé carané wong tuwa isa setya marang Yéhuwah?

14 Carané ndhidhik anak-anak. Ing Alkitab, Yéhuwah maringi arahan kanggo wong tuwa bab carané ndhidhik anaké. Wong Kristen aja nganti dipengaruhi karo cara mikiré wong-wong ing donya iki. (Éf. 2:2) Contoné, ana bapak sing mikir, ’Nèk ing kéné, bocah-bocah diwulang karo ibuké.’ Ning, Alkitab cetha mréntahké bapak-bapak kanggo mulang anaké bab Yéhuwah. (Éf. 6:4) Wong tuwa sing tresna marang Yéhuwah péngin anaké cedhak karo Yéhuwah, kaya Samuèl wektu isih bocah.​—1 Sa. 3:19.

15. Piyé carané tetep setya marang Yéhuwah wektu nggawé keputusan penting?

15 Carané nggawé keputusan. Sakdurungé nggawé keputusan penting, kita kudu ngerti dhisik kersané Yéhuwah bèn isa tetep setya. Alkitab lan pakumpulané isa mbantu kita nindakké kuwi. Contoné, merga péngin tetep nyambut gawé ing negara liya, ana wong tuwa sing mutuské bèn bayiné diopèni karo keluargané ing negara asalé. Pancèn iki keputusan pribadi, ning wong tuwa kudu mikir, ’Piyé pandhangané Yéhuwah bab keputusanku iki?’ (Wacanen Rum. 14:12.) Sakdurungé nggawé keputusan penting bab keluarga lan gawéan, awaké dhéwé kudu mikirké dhisik kandhané Alkitab. Awaké dhéwé perlu tuntunané Yéhuwah merga ora nduwé kuwasa netepké langkahé dhéwé.​—Ym. 10:23.

16. Pilihan apa sing kudu digawé karo salah sijiné wong wédok wektu bayiné lair? Apa sing mbantu dhèwèké nggawé keputusan sing bener?

16 Ana wong wédok sing pindhah menyang negara liya karo bojoné, nduwé bayi, banjur arep nitipké anaké bèn diopèni karo mbahé. Ning wektu kuwi, dhèwèké mulai sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah, lan dadi ngerti nèk wong tuwa nduwé tanggung jawab mulang anaké bab Yéhuwah. (Ms. 127:3; WB. 22:6) Wong wédok kuwi manut karo kandhané Alkitab, banjur ndonga njaluk bèn Yéhuwah mbantu dhèwèké nindakké sing bener. (Ms. 62:8, 9) Dhèwèké uga nyritakké masalahé karo sedulur wédok sing mbantu sinau Alkitab lan sedulur-sedulur liya ing jemaat. Senajan keluarga lan kanca-kancané meksa bèn bayiné dititipké mbahé, ning dhèwèké tetep ora gelem. Sing lanang ndelok nèk para sedulur ing jemaat mbantu bojoné lan bayiné. Dhèwèké dadi nggumun banget, banjur gelem sinau Alkitab lan teka ing pakumpulan ibadah sak keluarga. Wong wédok mau mesthi seneng banget merga Yéhuwah njawab dongané.

17. Wektu mulang Alkitab, arahan apa sing kudu ditrapké?

17 Carané ngetrapké arahan. Nèk awaké dhéwé setya marang Yéhuwah, mesthi gelem ngetrapké arahan saka pakumpulané. Contoné, wektu mulai mulang nganggo buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? ana arahan supaya awaké dhéwé langsung ngenalké pakumpulané Yéhuwah nggunakké vidhéo Ana Acara Apa Waé ing Balé Ibadah? lan buku Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki? Sakwisé rampung buku Wulangan Alkitab, sing sinau kudu dibantu bèn ’precayané dadi mundhak teguh’ nggunakké buku ”Tetaplah Berada dalam Kasih Allah”, senajan dhèwèké wis dibaptis. (Kl. 2:7, Basa Jawi Padintenan) Apa panjenengan gelem ngetrapké arahan saka pakumpulané Yéhuwah?

18, 19. Apa waé alesan kanggo ngucap sokur marang Yéhuwah?

18 Kita nduwé akèh alesan kanggo ngucap sokur marang Yéhuwah. Salah sijiné yaiku, ”Jalaran kita punika gesang wonten ing Panjenenganipun, kita ébah, kita wonten.” (PR. 17:27, 28) Yéhuwah uga maringi Alkitab. Kaya wong-wong Kristen ing Tésalonika, kita tenanan ngajèni Alkitab merga kuwi pangandikané Yéhuwah.​—1 Ts. 2:13.

19 Alkitab mbantu awaké dhéwé nyedhak marang Yéhuwah, lan Yéhuwah uga bakal nyedhak marang awaké dhéwé. (Yb. 4:8) Kita uga seneng merga diundang Yéhuwah dadi bagéan saka pakumpulané. Perasaan kita padha karo sing nulis buku Jabur sing kandha, ”Padha saosa puji marang Pangéran Yéhuwah, sabab Panjenengané iku becik! awit langgeng sih-kadarmané.” (Ms. 136:1) Ing Jabur 136, ukara ”awit langgeng sih-kadarmané” dibalèni ing saben ayat. Nèk setya lan ngetrapké arahan saka Yéhuwah liwat pakumpulané, Yéhuwah uga bakal setya karo awaké dhéwé lan maringi urip saklawasé.