Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

Ngrasakké Dhéwé Katresnané Yéhuwah ing Akèh Cara

Ngrasakké Dhéwé Katresnané Yéhuwah ing Akèh Cara

WIWIT isih enom, bapakku sing jenengé Arthur, péngin dadi rohaniwan gréja Métodis. Ning, bar maca wacan-wacan saka Siswa-Siswa Alkitab, bapakku malah mèlu gabung karo Siswa-Siswa Alkitab lan dibaptis ing taun 1914, wektu umuré 17 taun. Wektu Perang Donya I, dhèwèké dikon mèlu wajib militèr, ning ora gelem. Mula, bapakku dipenjara sepuluh sasi ing Kingston Penitentiary, Ontario, Kanada. Sakwisé dibébaské saka penjara, bapakku dadi kolportir, nèk saiki diarani perintis.

Ing taun 1926, bapakku nikah karo Hazel Wilkinson, sing ibuké wis sinau Alkitab ing taun 1908. Aku lair tanggal 24 April 1931. Wong tuwaku nduwé anak papat, aku sing nomer loro. Bapakku seneng lan ngajèni Alkitab. Dadi, anak-anaké ya diajari ngono. Ibadah marang Yéhuwah kuwi dadi bab sing paling penting ing keluargaku. Aku sak keluarga ajeg mèlu nginjil ing omah-omah.PR. 20:20.

KAYA BAPAKKU, AKU TETEP NÉTRAL LAN DADI PERINTIS

Setaun sakbanjuré Perang Donya II sing dimulai ing taun 1939, Seksi-Seksi Yéhuwah ing Kanada dilarang karo pamréntah. Bocah-bocah ing sekolah kudu hormat bendéra lan nyanyi lagu nasional. Biyasané, aku lan sedulurku wédok, sing jenengé Dorothy, éntuk metu saka kelas wektu ana acara kuwi. Ning, wis tau aku diisin-isin lan dilokké jirih karo guruku. Pas mulih sekolah, kanca-kancaku nyerang lan nyurung aku nganti kejlungup. Kuwi malah nggawé aku dadi luwih péngin ”mbangun turut dhumateng Gusti Allah katimbang dhateng manungsa”.PR. 5:29.

Ing sasi Juli 1942, wektu umurku 11 taun, aku dibaptis ing tandon banyu ing peternakan. Wektu liburan sekolah aku mèlu dadi perintis liburan, nèk saiki diarani perintis èkstra. Aku wis tau mèlu nginjil bareng karo telung sedulur liyané marang wong-wong sing negori wit ing alas ing Ontario sisih lor.

Aku mulai dadi perintis biasa tanggal 1 Mei 1949. Sakwisé kuwi, aku diundang mbantu gawéan pembangunan ing kantor cabang Kanada lan banjur dadi anggota keluarga Bètel Kanada. Aku éntuk tugas ing bagéan percétakan lan ajar nggunakké mesin cétak. Aku wis tau kerja sewengi muput pirang-pirang minggu kanggo nyétak selebaran sing nyritakké bab umaté Yéhuwah sing dianiaya ing Kanada.

Sakbanjuré kuwi, aku kerja ing Departemen Dinas. Aku éntuk tugas wawancara karo para perintis sing nglayani ing Quebec. Ing dhaérah kono Seksi-Seksi Yéhuwah dianiaya. Salah sijiné yaiku Mary Zazula sing asalé saka Edmonton, Alberta. Wong tuwané anggota gréja Orthodox. Mary lan kakangé diusir saka omah karo keluargané, merga ora gelem mandheg sinau Alkitab. Mary lan kakangé dibaptis ing sasi Juni 1951, lan mulai merintis nem sasi sakwisé kuwi. Wektu wawancara, aku nggatèkké nèk Mary tresna banget karo Yéhuwah, lan aku dadi seneng karo dhèwèké. Sangang sasi sakbanjuré, ing 30 Januari 1954, aku lan Mary nikah. Seminggu sakwisé kuwi, aku wong loro diundang mèlu pelatihan kanggo dadi pinituwa wilayah, banjur rong taun suwéné aku dadi pinituwa wilayah ing Ontario sisih lor.

Gawéan nginjil ing saklumahing bumi saya suwé saya akèh. Mula, dibutuhké utusan injil luwih akèh. Aku lan bojoku rumangsa isa urip ing ngendi waé, merga wis kulina manggon ing Kanada sing hawané adhem banget wektu musim adhem lan akèh nyamuk wektu musim panas. Aku lan Mary mèlu Sekolah Giléad kelas sing ke-27 lan lulus ing sasi Juli 1956, banjur ing sasi November pindhah menyang Brasil.

DINAS UTUSAN INJIL ING BRASIL

Wektu tekan Brasil, aku lan bojoku sinau basa Portugis. Sing sepisanan, aku sinau carané mulai omongan karo wong-wong nganggo cara sing gampang-gampang. Banjur, aku ngapalké cara sing cendhak kanggo nawakké majalah. Aku lan bojoku wis rencana nèk sing nduwé omah gelem nampa, aku arep macakké ayat sing njelaské bab urip ing pamréntahané Gusti Allah. Dadi, wektu aku ketemu karo wong wédok sing kétok minat, aku macakké Wahyu 21:3, 4, terus langsung semaput. Aku jebulé ora kuwat karo hawa panas lan lembap ing kono.

Aku ditugaské dadi utusan injil ing kutha Campos. Saiki ing kono wis ana 15 jemaat. Ning, wektu aku lagi tekan kono, mung ana sak kelompok cilik. Aku lan bojoku manggon bebarengan ing omah kanggo utusan injil karo patang sedulur wédok, yaiku Esther Tracy, Ramona Bauer, Luiza Schwarz, lan Lorraine Brookes (saiki Wallen). Tugasku ing omah utusan injil yaiku ngumbahi lan nggolèk kayu kanggo masak. Senèn bengi sakwisé ngrembug Warta Penting, Aku lan Mary crita-crita bab sing kelakon ing sedina kuwi. Mary turonan ing sofa nganggo bantal. Wektu Mary ngadeg, jebulé ana ula metu saka ngisor bantal kuwi. Aku wong loro kagèt banget terus ula kuwi tak patèni.

Sakwisé setaun ajar basa Portugis, aku dadi pinituwa wilayah ing dhaérah sing ora ana listriké, turuné ing klasa, terus nèk lunga-lunga kudu numpak jaran utawa kréta. Wis tau aku numpak sepur arep nginjil ing dhaérah plosok ing pegunungan. Aku lan bojoku nginep ing kana. Kantor cabang ngirimi 800 majalah kanggo nginjil. Aku wong loro kudu bolak-balik menyang kantor pos kanggo njupuki kerdhus-kerdhus sing isiné majalah kuwi.

Taun 1962, ing Brasil dianakké Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat ing panggonan sing béda-béda. Nem sasi aku éntuk tugas mulang sekolah kuwi ing Manaus, Belém, Fortaleza, Recife, lan Salvador. Ing Manaus, aku ngatur kebaktian distrik ing gedhung sing terkenal sing biyasané dinggo pertunjukan opera. Merga udan deres banget, ora ana banyu resik kanggo ngombé lan panggonan resik kanggo mangan wektu ngaso. Aku nyritakké masalah kuwi karo salah siji kepala militèr. Wongé apikan lan ngatur bèn ana cukup banyu kanggo ngombé saksuwéné acara kebaktian. Dhèwèké uga ngutus para tentara kanggo nyedhiyakké téndha gedhé sing cacahé loro, sing isa dinggo masak lan mangan-mangan.

Nèk aku lunga, Mary nginjil ing dhaérah bisnis. Ing kono, akèh wong sing asalé saka Portugal teka ing Brasil kanggo dagang, ning padha ora minat bab Alkitab. Mary dadi cilik ati lan ngomong karo kancané, ”Aku ora bakal gelem manggon ing Portugal.” Ora suwé sakwisé kuwi, aku wong loro nampa surat undangan kanggo nglayani ing Portugal, sing wektu kuwi isih dilarang karo pamréntah. Mary kagèt banget. Ning, aku wong loro nampa tugas kuwi lan pindhah menyang Portugal.

TUGAS ING PORTUGAL

Aku lan Mary tekan ing Lisbon, Portugal, sasi Agustus 1964. Aku ora ngubungi para sedulur ing Portugal dhisik, merga polisi rahasia ing kono ngincer para sedulur. Ing Portugal aku lan bojoku nyéwa kamar. Banjur, sakwisé éntuk visa aku nyéwa apartemèn. Limang sasi sakwisé, aku ngubungi para sedulur ing kantor cabang. Seneng banget rasané merga aku lan bojoku akiré isa teka ing pakumpulan ibadah.

Merga gawéan nginjil dilarang pamréntah, Balé Ibadah ditutup lan pakumpulan ibadah dianakké ing omahé para sedulur, kuwi waé kerep diglédhah karo polisi. Atusan sedulur digawa menyang kantor polisi kanggo ditakon-takoni. Polisi-polisi kuwi kejem lan meksa para sedulur kanggo nyebutké jeneng-jenengé sedulur sing nduwé wewenang ing jemaat. Dadi, kanggo njaga siji lan sijiné, para sedulur nyeluk sedulur liya nganggo jeneng ngarepé.

Aku lan bojoku seneng ngabdi marang Yéhuwah luwih saka 60 taun

Sing paling penting yaiku para sedulur kudu tetep nampa wacan-wacan Alkitab bèn isa tetep tekun. Mary ngetik Warta Penting sing dinggo rembugan ing pakumpulan lan wacan-wacan Alkitab liyané nganggo kertas kusus, sing dicétak akèh nganggo mesin stènsil.

MBÉLA KABAR APIK ING PENGADILAN

Ing sasi Juni 1966, sedulur-sedulur sing cacahé 49 saka jemaat Feijó ing Lisbon ditudhuh mèlu pakumpulan sing nglanggar hukum ing omahé salah siji sedulur. Aku mbantu para sedulur bèn siap wektu ing pengadilan. Éthok-éthoké aku dadi jaksa penuntut sing bakal ngupaya kanggo mbuktèkké nèk para sedulur kuwi salah. Pancèn, aku lan para sedulur wis ngira nèk bakalé kalah. Akiré, para sedulur mau dipenjara, ana sing 45 dina lan malah ana sing nganti limang sasi setengah. Ning, pengadilan kuwi isa dadi kesaksian sing apik. Pengacara sing mbantu para sedulur malah ngutip omongané Gamalièl saka Alkitab. (PR. 5:33-39) Sakbanjuré, kedadéan ing pengadilan kuwi disiarké ing berita. Aku lan para sedulur seneng banget wektu pengacara mau mulai sinau Alkitab lan teka ing pakumpulan ibadah.

Ing sasi Desember 1966, aku ditugaské dadi pengawas cabang lan ngurusi masalah hukum. Aku lan para sedulur ngupaya sak isa-isané bèn Seksi-Seksi Yéhuwah ing Portugal isa bébas ngibadah. (Fp. 1:7) Akiré, tanggal 18 Desember 1974, Seksi-Seksi Yéhuwah ing Portugal diakoni karo pamréntah. Sedulur Nathan Knorr lan Frederick Franz saka kantor pusat teka lan mèlu seneng, banjur nganakké pertemuan sing ora bakal dilalèkké ing Oporto lan Lisbon. Sing teka ing acara kuwi cacahé 46.870 wong.

Yéhuwah uga mbantu bèn injil isa diwartakké marang wong-wong sing nggunakké basa Portugis, contoné ing kepulauan Azores, Cape Verde, Madeira, sarta São Tomé lan Príncipe. Jumlah Seksi ing dhaérah-dhaérah kuwi saya akèh. Mula, dibutuhké kantor cabang sing luwih gedhé. Ing 23 April 1988, Sedulur Milton Henschel nyampèkké ceramah kanggo ngresmèkké kantor cabang sing lagi waé dibangun. Ana 45.522 sedulur sing teka ing acara kuwi, klebu wong 20 sing wis tau dadi utusan injil ing Portugal sing padha bali merga péngin teka ing acara kuwi.

SINAU SAKA PARA SEDULUR SING SETYA

Aku lan Mary seneng banget isa sinau saka para sedulur sing setya. Contoné, wektu ngancani Sedulur Theodore Jaracz sing dadi pengawas zona, aku éntuk piwulang sing apik banget. Kantor cabang sing tak parani kuwi lagi ngalami masalah sing abot, lan Panitya Cabang rumangsa sedhih merga wis ngupaya sak isa-isané ning durung isa ngrampungi masalahé. Mula, Sedulur Jaracz nglipur para sedulur kuwi, ”Saiki wektuné mènèhi roh suci kesempatan kanggo mbantu kita.” Aku uga ora bakal lali karo kandhané Sedulur Franz pirang-pirang taun kepungkur wektu aku lan bojoku mara menyang Brooklyn. Dhèwèké kandha, ”Saranku, tetepa setya marang pakumpulané Yéhuwah ing bumi ing wektu seneng utawa susah. Mung pakumpulan iki sing nindakké préntahé Yésus kanggo martakké kabar apik bab Kratoné Gusti Allah.”

Aku lan Mary seneng banget merga nindakké saran kuwi. Aku wong loro ora bakal lali wektu dadi pengawas zona lan marani kantor-kantor cabang sakdonya. Seneng banget rasané isa ketemu sarta nguwatké para sedulur bèn terus ngabdi lan yakin nèk Yéhuwah ngajèni kabèh sing wis ditindakké.

Ora krasa, saiki aku lan bojoku wis umur 80-an. Akèh pacoban sing tak alami lan Mary ngalami penyakit sing werna-werna. (2 Kr. 12:9) Ning, kabèh pacoban kuwi isa nguwatké iman sarta nggawé aku lan bojoku nduwé tékad kanggo terus setya marang Yéhuwah. Wektu ngéling-éling manèh pengalamanku dadi abdiné Yéhuwah, aku lan bojoku wis ngrasakké dhéwé katresnané Yéhuwah ing akèh cara. *—Deloken katrangan ing ngisor.

^ par. 29 Wektu artikel iki lagi digawé, sedulur Douglas Guest tetep setya nganti mati ing tanggal 25 Oktober 2015.