Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa sing Bakal Sirna Wektu Kratoné Allah Teka?

Apa sing Bakal Sirna Wektu Kratoné Allah Teka?

”Donya iki lan kamélikané nedhengé sirna, nanging sapa kang nglakoni karsané Gusti Allah iku tetep urip ing salawas-lawasé.”1 YO. 2:17.

LAGU: 55, 24

1, 2. (a) Ing bab apa donya sing jahat saiki padha karo penjahat sing arep diukum mati? (Deloken gambar ing ndhuwur.) (b) Piyé perasaané kabèh sing ana ing swarga lan bumi sakwisé donya iki disirnakké?

BAYANGNA ana penjahat sing kejem lan bakal diukum mati. Dhèwèké lagi dikawal karo penjaga penjara menyang panggonan kanggo èksekusi. Saiki dhèwèké isih urip lan kétok séhat. Ning, ora suwé manèh dhèwèké bakal mati.

2 Kita saiki manggon ing donya sing jahat. Alkitab kandha nèk donya iki bakal ”sirna”, padha karo penjahat sing arep diukum mati mau. (1 Yo. 2:17) Ing crita mau, isa waé ana sing rumangsa nèk keputusané hakim kuwi ora adil, banjur protès bèn penjahat kuwi ora sida diukum mati. Ning, Yéhuwah kuwi hakim sing sampurna lan keputusané mesthi adil. (PT. 32:4) Yéhuwah wis mutuské nèk donya iki bakal disirnakké, lan kuwi mesthi bakal ndang kelakon. Sakwisé donya iki akiré disirnakké, kabèh sing ana ing swarga lan bumi bakal ngakoni nèk keputusané Yéhuwah kuwi pancèn bener. Mesthi dadi lega banget rasané.

3. Patang perkara apa sing bakal disirnakké wektu Kratoné Allah teka?

3 Apa sing dimaksud ”donya” sing bakalé ”sirna”? Kuwi maksudé kabèh bab jahat sing ana ing donya iki, sing ora suwé manèh bakal disingkirké. Iki dadi bagéan saka kabar apik bab Kratoné Allah. (Mt. 24:14) Ing artikel iki, kita bakal ngrembug patang perkara sing bakal sirna wektu Kratoné Allah teka, yaiku wong-wong jahat, organisasi sing jahat, tumindak sing ora apik, lan kahanan sing ora apik. Kita arep ngrembug (1) apa pengaruhé perkara-perkara kuwi kanggo kita saiki, (2) apa sing bakal Yéhuwah tindakké, lan (3) Yéhuwah bakal ngganti perkara kuwi karo apa.

WONG-WONG JAHAT

4. Apa pengaruhé wong-wong jahat kanggo kita saiki?

4 Apa pengaruhé wong-wong jahat kanggo kita saiki? Rasul Paulus kandha nèk ing dina-dina wekasan, bakal ana ”mangsa kang rekasa” sarta ”wong ala lan culika iku bakal saya wuwuh alané”. (2 Tm. 3:1-5, 13) Apa panjenengan ya ngrasakké nèk ramalan kuwi wis kelakon? Ana sing nindakké kejahatan kanthi blak-blakan. Ana sing éthok-éthoké apik, ning sakjané nduwé niyat jahat. Akèh sing dianiaya, disengiti merga béda bangsané, utawa dadi kurban saka penjahat sing kejem. Mbokmenawa awaké dhéwé ora tau dadi kurbané. Ning, kuwi tetep ana pengaruhé kanggo kita. Awaké dhéwé mesthi sengit banget wektu krungu ana sing tumindak kejem marang bocah-bocah, wong sing wis tuwa, lan wong liya sing ora nduwé daya. Wong-wong jahat kuwi tumindaké kaya kéwan liar utawa malah kaya sétan. (Yb. 3:15) Untung waé Yéhuwah maringi pangarep-arep.

5. (a) Saiki, Yéhuwah isih maringi kesempatan apa kanggo wong-wong jahat? (b) Apa sing bakal dialami karo wong-wong sing ora gelem malih?

5 Apa sing bakal Yéhuwah tindakké? Saiki, Yéhuwah isih maringi kesempatan bèn wong-wong jahat padha mertobat. (Yé. 55:7) Donya iki pancèn ndang arep disirnakké. Ning, wong-wong saiki durung dihakimi. Dadi, wektu sengsara gedhé sukmbèn, apa sing bakal dialami karo wong-wong jahat sing ora gelem malih lan sing mèlu-mèlu urusané donya iki? Yéhuwah wis janji bakal nyingkirké kabèh wong jahat saka bumi iki. (Wacanen Jabur 37:10.) Jaman saiki, akèh sing ndhelikké kejahatané bèn ora diukum. (Ay. 21:7, 9) Ning, Alkitab ngélingké nèk ”paningalé [Yéhuwah] mirsani lakuning manungsa, tuwin nguningani tumapaking sikilé kabèh. Ora ana pepeteng utawa palimengan, kang dadi pandhelikaning wong ala”. (Ay. 34:21, 22) Dadi, ora ana sing isa didhelikké saka Yéhuwah, merga Yéhuwah isa ngerti kabèh sing ditindakké karo wong jahat. Sakwisé Armagédhon, wong-wong sing jahat kuwi bakal ora ana manèh kanggo saklawasé.Ms. 37:12-15.

6. Sapa sing bakal tetep ana wektu wong-wong jahat sirna lan apa sebabé iki dadi kabar apik?

6 Sapa sing bakal tetep ana wektu wong-wong jahat sirna? Yéhuwah janji, ”Wong kang andhap-asor iku bakal padha olèh warisan bumi, sarta bakal bungah-bungah marga ngrasakaké katentreman kang linuwih.” Alkitab uga kandha, ”Para wong mursid padha olèh warisan bumi lan tansah manggon ing kono.” (Ms. 37:11, 29) ”Wong kang andhap-asor” kuwi maksudé wong sing gelem sinau lan manut karo Yéhuwah. ”Wong mursid” kuwi maksudé wong sing seneng nindakké kersané Yéhuwah. Saiki, wong sing jahat luwih akèh timbang wong sing mursid. Ning, ing donya anyar, mung ana wong sing andhap asor lan mursid sing bakal nggawé bumi iki dadi pirdus.

ORGANISASI SING JAHAT

7. Apa pengaruhé organisasi sing jahat kanggo kita saiki?

7 Apa pengaruhé organisasi sing jahat kanggo kita saiki? Jaman saiki, akèh bab sing jahat disebabké karo organisasi sing jahat. Organisasi agama wis ngapusi jutaan wong. Contoné, agama mulang nèk Alkitab kuwi ora kena dipercaya sarta ngajarké sing ora bener bab Gusti Allah sarta bab bumi lan uripé manungsa sukmbèn. Pamréntahan sing jahat nyebabké perang, nganiaya wong sing béda bangsané, sarta nindhes wong sing mlarat lan ora isa apa-apa. Pamréntahan sing kaya ngono kuwi dadi luwih kuwat lan makmur merga akèh sing korupsi lan pilih kasih. Perusahaan sing srakah ngrusak alam lan ngreged-regedi lingkungan, sarta ngakali wong-wong bèn éntuk untung gedhé. Dadi, cetha nèk organisasi sing jahat kuwi sing nyebabké akèh kasusahan ing donya iki.

8. Apa kandhané Alkitab bab organisasi sing kétok kuwat ing jaman saiki?

8 Apa sing bakal Yéhuwah tindakké? Sengsara gedhé bakal diwiwiti wektu sistem politik nyerang kabèh organisasi agama palsu, sing digambarké ing Alkitab kaya pelacur sing diarani Babil Gedhé. (Wy. 17:1, 2, 16; 18:1-4) Kabèh organisasi agama kuwi bakal disirnakké. Ning, apa sing bakal dialami karo kabèh organisasi jahat liyané? Alkitab kandha nèk organisasi-organisasi kuwi kaya gunung lan pulau-pulau merga kétok kuwat lan bakoh. (Wacanen Wahyu 6:14.) Ning, Alkitab uga kandha nèk kabèh pamréntahan lan organisasi sing ora ndhukung Kratoné Allah bakal disirnakké ing pungkasané sengsara gedhé. (Ym. 25:31-33) Sakwisé kuwi, ora bakal ana manèh organisasi sing jahat.

9. Apa sebabé kita isa yakin nèk bumi anyar bakal diatur lan ditata kanthi apik?

9 Organisasi sing jahat bakal diganti karo apa? Sakwisé Armagédhon, apa isih ana organisasi ing bumi? Alkitab kandha, ”Laras karo prasetyané, kita padha nganti-anti marang langit anyar sarta bumi anyar kang kadunungan kayektèn.” (2 Pt. 3:13) Langit lan bumi sing lawas kuwi maksudé pamréntahan sing jahat lan para pendhukungé. Nèk wis disingkirké, banjur diganti karo apa? ”Langit anyar sarta bumi anyar.” Langit anyar kuwi maksudé pamréntahan anyar sing dipimpin karo Yésus Kristus lan 144.000 wong sing wis dipilih. Yésus lan wong-wong sing dipilih kuwi bakal niru Yéhuwah, Gusti Allah sing tertib. (1 Kr. 14:33) Bumi anyar kuwi maksudé wong-wong sing dadi rakyaté Kratoné Allah. Bakal ana para ”pangageng” sing dituntun karo Yésus lan 144.000 wong kanggo ngatur lan ngurus bumi anyar. (Ms. 45:17) Mesthi nyenengké banget wektu kabèh organisasi sing jahat sukmbèn bakal diganti karo pamréntahané Gusti Allah sing sampurna lan isa nggawé kahanan dadi rukun.

TUMINDAK SING ORA APIK

10. Tumindak ora apik apa waé sing wis umum saiki, lan apa pengaruhé kanggo panjenengan lan keluarga?

10 Apa pengaruhé tumindak sing ora apik kanggo kita saiki? Saiki, tumindak saru, kejem, lan ora jujur kuwi wis umum. Hiburan-hiburan nggawé kuwi kabèh dadi kétok nyenengké. Akiré, wong-wong dadi nyepèlèkké pathokané Yéhuwah. (Yé. 5:20) Para wong tuwa kudu ngupaya njaga anak-anaké bèn ora kena pengaruh sing èlèk. Malah, kabèh wong Kristen sakjané kudu ngupaya njaga hubungané dhéwé karo Yéhuwah bèn ora kena pengaruh saka donya sing ora ngajèni pathokané Gusti Allah.

11. Apa sing isa disinaoni saka paukumané Yéhuwah marang Sodom lan Gomora?

11 Apa sing bakal Yéhuwah tindakké? Gatèkna apa sing Yéhuwah tindakké marang kutha Sodom lan Gomora. Ing kono, ana akèh tumindak sing ora apik. (Wacanen 2 Pétrus 2:6-8.) Lut kuwi tumindaké bener. Lut lan keluargané susah atiné merga wong-wong ing sak kiwa tengené padha tumindak jahat. Yéhuwah ngancurké kutha kuwi kanggo nyingkirké kabèh tumindak bejat sing ana ing kono. Kuwi nggambarké apa sing bakal dialami karo wong-wong jahat ing jaman saiki. Sukmbèn, Yéhuwah bakal nyirnakké donya sing jahat iki.

12. Panjenengan péngin ngapa waé ing donya anyar?

12 Tumindak sing ora apik bakal diganti karo apa? Ing donya anyar, kita bakal sibuk nindakké akèh kagiyatan sing nyenengké. Contoné, kita bakal nggawé bumi iki dadi pirdus sarta mbangun omah kanggo awaké dhéwé lan wong-wong sing ditresnani. Kita uga bakal ketemu karo jutaan wong sing diuripké manèh sarta mulang wong-wong kuwi bab Yéhuwah lan kabèh tumindaké. (Yé. 65:21, 22; PR. 24:15) Kuwi kabèh mesthi nggawé awaké dhéwé seneng lan isa ngluhurké Yéhuwah.

KAHANAN SING ORA APIK

13. Apa akibat saka pembrontakan ing Èden?

13 Apa pengaruhé kahanan sing ora apik kanggo kita saiki? Sétan, Adam, lan Kawa wis mbrontak nglawan Yéhuwah. Akibaté, ana akèh wong lan organisasi sing jahat sarta tumindak sing ora apik sing marahi kahanan dadi ora apik. Contoné, ana akèh perang, wong sing mlarat, wong-wong padha disengiti merga béda bangsané, sarta ngalami lara lan mati. Kita kabèh uga mèlu kena pengaruhé.

14. Kahanan sing ora apik bakal diapakké karo Yéhuwah?

14 Apa sing bakal Yéhuwah tindakké? Yéhuwah janji bakal nyingkirké perang. (Wacanen Jabur 46:9, 10.) Bakal ora ana manèh wong sing lara. (Yé. 33:24) Pati bakal disingkirké kanggo saklawasé. (Yé. 25:8) Bakal ora ana manèh wong sing mlarat. (Ms. 72:12-16) Kabèh bab liyané sing nyebabké sengsara uga bakal disingkirké. Sakliyané kuwi, Yéhuwah uga bakal nyingkirké pengaruh jahat saka Sétan lan para dhemité.—Éf. 2:2.

Bayangna urip tanpa perang, penyakit, lan pati (Deloken paragraf 15)

15. Apa waé sing bakal ora ana manèh kanggo saklawasé sakwisé Armagédhon?

15 Mesthi nyenengké banget urip ing donya sing ora ana perang, penyakit, lan pati. Bakal ora ana manèh tentara, senjata, utawa kurban perang. Rumah sakit, dhokter, perawat, kamar mayat, utawa kuburan bakal wis ora dibutuhké manèh. Kejahatan bakal ora ana manèh, dadi awaké dhéwé wis ora butuh polisi sarta alarm kanggo njaga keamanan, lan mbokmenawa uga wis ora butuh kunci lan gembok. Kabèh bab sing marahi kuwatir wis ora ana manèh.

16, 17. (a) Apa sing bakal dirasakké karo wong-wong sing slamet saka Armagédhon? Critakna gambarané. (b) Piyé carané bèn isa tetep urip wektu donya sing lawas iki disirnakké?

16 Nèk kahanan sing ora apik wis ora ana manèh, urip bakal dadi kaya apa? Ora gampang kanggo mbayangké kahanané. Gambarané, wong sing omahé cedhak stasiun mungkin suwé-suwé wis ora keganggu karo swara ramé. Lan wong sing omahé cedhak panggonan kanggo mbuwang sampah mungkin suwé-suwé wis ora keganggu karo ambuné. Semono uga, kita wis suwé ngrasakké kahanan sing ora apik. Dadi, mbokmenawa kita wis ora pati krasa nèk kahanan sing ora apik kuwi isa nggawé strès. Ning, nèk mengko Yéhuwah wis nyingkirké kabèh kahanan sing ora apik, mesthi lega banget rasané.

17 Jabur 37:11 kandha, ”[Wong-wong] bakal bungah-bungah marga ngrasakaké katentreman kang linuwih.” Kuwi bener-bener janji sing nentremké ati. Karo ngentèni janji kuwi kelakon, kita isa ngupaya sak isa-isané kanggo tetep cedhak karo Yéhuwah lan pakumpulané. Pangarep-arep ing donya anyar kuwi aji banget. Mula, pikirna tenanan bèn dadi saya nyata kanggo panjenengan lan critakna marang wong liya. (1 Tm. 4:15, 16; 1 Pt. 3:15) Nèk nindakké kuwi, panjenengan isa yakin nèk bakal tetep urip lan bungah saklawasé wektu donya iki disirnakké.