Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Tetepana Ikrarmu

Tetepana Ikrarmu

”Tetepana sumpahira [”ikrarmu”, Terjemahan Dunia Baru (NW)] ana ing ngarsaning Pangéran.”MT. 5:33.

LAGU: 18, 7

1. (a) Yéfta lan Hana padha-padha nindakké apa? (Deloken gambar ing ndhuwur.) (b) Pitakonan apa waé sing bakal dirembug?

YÉFTA kuwi pemimpin lan prajurit sing kendel. Hana kuwi wong wédok sing andhap asor sarta prigel ngurusi bojo lan keluargané. Wong loro kuwi padha-padha abdiné Yéhuwah sing setya netepi ikraré lan dadi conto sing apik kanggo kita kabèh sing wis nggawé ikrar marang Yéhuwah. Saiki, kita arep ngrembug telung pitakonan iki: Apa maksudé ikrar kuwi? Sepira seriusé netepi ikrar marang Yéhuwah? Piwulang apa sing isa disinaoni saka Yéfta lan Hana?

2, 3. (a) Sing dimaksud ikrar kuwi apa? (b) Apa kandhané Alkitab bab sepira seriusé netepi ikrar marang Yéhuwah?

2 Ing Alkitab, ikrar kuwi janji sing serius marang Gusti Allah. Contoné, janji arep mènèhi kurban, dadi abdi kusus, sarta nindakké utawa ora nindakké salah siji bab. Awaké dhéwé isa nggawé ikrar merga nduwé kebébasan kanggo milih, ora merga dipeksa karo wong liya. Ning, wektu ana sing mutuské kanggo nggawé ikrar, Yéhuwah nganggep kuwi janji sing serius lan kudu ditetepi. Ing Alkitab, nggawé ikrar kuwi padha pentingé karo sumpah. Sumpah kuwi maksudé ngucapké janji arep nindakké utawa ora nindakké salah siji bab. (Pd. 14:22, 23; Ib. 6:16, 17) Apa kandhané Alkitab bab sepira seriusé netepi ikrar marang Yéhuwah?

3 Hukum Musa kandha nèk wong sing wis nggawé ikrar kuwi ”aja nganti nerak janjiné [”ikraré”, NW]; apa kang wus diucapaké iku kudu ditetepi”. (Wi. 30:2) Salomo uga kandha, ”Manawa kowé duwé nadar [”ikrar”, NW] ana ing ngarsaning Allah, aja kok undur-undur anggonmu netepi, marga Panjenengané ora rena mirsani para wong kang gemblung. Tetepana nadarmu.” (Ko. 5:3) Yésus mulang, ”Para leluhur padha tampa pangandika mangkéné: Aja nglairaké sumpah palsu, nanging tetepana sumpahira [”ikrarmu”, NW] ana ing ngarsaning Pangéran.”Mt. 5:33.

4. (a) Sepira seriusé nggawé ikrar marang Yéhuwah? (b) Apa sing bakal kita sinaoni bab Yéfta lan Hana?

4 Dadi, ikrar marang Yéhuwah kuwi serius banget, merga ana pengaruhé kanggo hubungan kita karo Yéhuwah. Dawud takon, ”Sapa kang kepareng munggah ing gunungé Sang Yéhuwah? Sapa kang kepareng ngadeg ana ing padalemané kang suci?” Banjur, Dawud njawab nèk Yéhuwah bakal nampa sapa waé sing ”ora nglairaké sumpah goroh”. (Ms. 24:3, 4) Ing wulangan iki, kita bakal ngrembug bab ikraré Yéfta lan Hana marang Yéhuwah lan upayané wong loro kuwi kanggo netepi ikraré.

WONG-WONG SING NETEPI IKRARÉ

5. Yéfta nggawé ikrar apa lan apa hasilé?

5 Yéfta nggawé ikrar marang Yéhuwah wektu arep perang nglawan bangsa Amon, mungsuhé umaté Yéhuwah. (PH. 10:7-9) Yéfta njaluk bantuané Yéhuwah bèn menang, banjur ngucapké ikrar iki, ’Manawi saèstu Paduka ngulungaken tiyang bani Amon dhateng ing tangan kawula, punapa kémawon ingkang medal rumiyin saking korinipun griya kawula, methukaken kawula, samangsa kawula mantuk klayan wilujeng, punika badhé dados sesengkeranipun [persembahan kanggo] Sang Yéhuwah.’ Dongané Yéfta dijawab lan dhèwèké menang perang. Bareng tekan omah, sing metu nemoni yaiku anaké wédok sing ditresnani. Anaké kuwi sing bakal dadi persembahan kanggo Yéhuwah.PH. 11:30-34.

Yéfta lan anaké kuwi wong sing setya lan ora bakal mblénjani ikraré marang Gusti Allah

6. (a) Apa netepi ikrar kuwi gampang kanggo Yéfta lan anaké? (b) Apa sing isa disinaoni bab ikrar saka Pangandharing Torèt 23:21, 23 lan Jabur 15:4?

6 Kanggo netepi ikraré bapaké, anaké Yéfta kudu dadi abdi kusus ing tabernakel. Apa Yéfta nggawé ikrar kuwi tanpa mikir dhisik? Ora. Malah, isa waé Yéfta wis ngerti nèk sing bakal sepisanan metu nemoni kuwi anaké. Senajan ngono, kuwi tetep ora gampang kanggo Yéfta lan anaké. Wektu weruh anaké, atiné Yéfta sedhih banget. Anaké Yéfta banjur lunga kanggo ”muwuni [nangisi] anggoné dadi prawan”. Apa sebabé? Yéfta ora nduwé anak lanang, lan saiki anaké wédok siji-sijiné ora bakal nikah lan nduwé anak. Yéfta ora isa nduwé keturunan sing neruské jenengé. Ning, Yéfta lan anaké ora mentingké perasaané dhéwé. Yéfta kandha, ”Aku wus duwé ujar marang Sang Yéhuwah lan ora kena daksélaki.” Anaké Yéfta uga kandha, ”Inggih sumangga kula panjenengan punapakaken kémawon, ingkang laras kaliyan nadar panjenengan punika.” (PH. 11:35-39) Yéfta lan anaké kuwi wong sing setya lan ora bakal mblénjani ikraré marang Gusti Allah, senajan kuwi ora gampang.Wacanen Pangandharing Torèt 23:21, 23; Jabur 15:4.

7. (a) Apa sing dadi ikraré Hana lan apa sebabé Hana nggawé ikrar kuwi? Piyé crita sakbanjuré? (b) Apa pengaruhé ikraré Hana kanggo Samuèl? (Deloken katrangan ing ngisor.)

7 Hana uga nggawé ikrar marang Yéhuwah wektu ngalami kahanan sing marahi strès. Hana diécé lan dilok-lokké merga ora isa nduwé anak. Dhèwèké dadi susah atiné. (1 Sa. 1:4-7, 10, 16) Hana crita perasaané marang Yéhuwah lan nggawé ikrar, ”Dhuh Sang Yéhuwah, Gustining sarwa dumadi, manawi Paduka nggalih dhateng karibedanipun abdi Paduka lan karsa ngèngeti kawula saha boten kasupèn dhateng abdi Paduka, nanging maringi anak jaler dhateng abdi Paduka punika, kawula badhé ngaturaken laré punika dhateng Sang Yéhuwah sajeging gesangipun saha sirahipun boten badhé kagepok ing lading panyukuran.” * (Deloken katrangan ing ngisor.) (1 Sa. 1:11) Dongané Hana dijawab lan setaun sakbanjuré Hana nglairké anak lanang sing jenengé Samuèl. Hana seneng banget, ning ora lali karo ikraré. Wektu anaké lair, Hana kandha, ”Iku olèhku nyuwun marang Sang Yéhuwah.”1 Sa. 1:20.

Hana lila ngurbanké duwèké sing paling aji kanggo netepi janjiné marang Yéhuwah

8. (a) Apa netepi ikrar kuwi gampang kanggo Hana? (b) Piyé Jabur 61 ngélingké panjenengan bab tuladhané Hana?

8 Wektu Samuèl umur telung taun, Hana nggawa Samuèl marang Imam Agung Èli ing tabernakel ing Silo lan kandha, ”Ingkang kula suwun inggih laré punika, déné Sang Yéhuwah sampun nyembadani panyuwun kula dhateng Panjenenganipun. Pramila laré punika kula saosaken dhateng Sang Yéhuwah; sajegipun gesang mangsa boronga Sang Yéhuwah.” (1 Sa. 1:24-28) Mulai wektu kuwi, Samuèl manggon ing tabernakel. Alkitab kandha nèk ”wong anom Samuèl saya mundhak gedhé ana ing ngarsané Sang Yéhuwah”. (1 Sa. 2:21) Kuwi ora gampang kanggo Hana merga Hana ora isa ndelok anaké sing ditresnani mundhak gedhé. Ning, Hana nganggep ikraré kuwi bab sing serius. Hana lila ngurbanké duwèké sing paling aji kanggo netepi janjiné marang Yéhuwah.1 Sa. 2:1, 2; wacanen Jabur 61:2, 6, 9.

Apa panjenengan netepi ikrar marang Yéhuwah?

9. Apa sing bakal dirembug sakbanjuré?

9 Dadi, nggawé ikrar marang Yéhuwah kuwi pancèn serius banget. Mula, ayo dirembug pitakonan-pitakonan iki: Ikrar apa waé sing mbokmenawa kita gawé? Kita kudu nduwé tékad sing kaya apa kanggo netepi ikrar?

JANJI NGABDI

Janji ngabdi (Deloken paragraf 10)

10. Ikrar apa sing paling penting kanggo wong Kristen? Apa tegesé ikrar kuwi kanggo kita?

10 Ikrar sing paling penting kanggo wong Kristen yaiku janji ngabdi marang Yéhuwah. Kita ngucapké janji wektu ndonga nèk arep nggunakké urip kanggo ngabdi marang Yéhuwah saklawasé. Yésus kandha nèk kita wis ”nyingkur [nampik]” awaké dhéwé, kuwi tegesé kita janji bakal ngutamakké Yéhuwah, dudu awaké dhéwé. (Mt. 16:24) Mulai wektu kuwi, ”kita iki kagungané Gusti”. (Rm. 14:8) Kita nganggep nèk janji ngabdi kuwi pancèn serius, padha karo sing nulis buku Jabur wektu kandha, ”Kang dakgawé piwales apa marang Sang Yéhuwah, tumrap ing sakèhé sih-kadarmané marang aku? [Aku] arep ngluwari kaulku [”mbayar ikrarku”, NW] marang Sang Yéhuwah ana ing ngarepé umat kabèh.”Ms. 116:12, 14.

11. Apa waé sing kelakon ing dina panjenengan dibaptis?

11 Nèk panjenengan wis janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis, kuwi apik banget. Apa panjenengan kèlingan wektu sedulur sing nyampèkké ceramah baptisan takon, apa panjenengan wis janji ngabdi marang Yéhuwah sarta ngerti ”yèn wis janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis kuwi tandha yèn panjenengan dadi Seksi-Seksi Yéhuwah”? Wektu panjenengan njawab ya, kabèh sing teka dadi ngerti nèk panjenengan wis janji ngabdi lan isa dibaptis sarta wis resmi dadi abdiné Yéhuwah. Yéhuwah mesthi seneng banget.

12. (a) Pitakonan apa waé sing isa digunakké kanggo mriksa awaké dhéwé? (b) Apa waé sing perlu kita upayakké?

12 Wektu dibaptis, panjenengan janji marang Yéhuwah nèk bakal ngupaya sak isa-isané kanggo ngabdi lan manut karo pathokan-pathokané. Ning, baptisan kuwi lagi wiwitané. Kita kabèh perlu terus mriksa awaké dhéwé lan takon: ’Piyé hubunganku karo Yéhuwah saiki? Apa aku isih ngabdi saktulusé ati? (Kl. 3:23) Apa aku kerep ndonga? Apa aku maca Alkitab saben dina? Apa aku ajeg teka ing pakumpulan ibadah? Apa aku sregep nginjil? Utawa, apa aku wis ora semangat manèh nindakké kuwi kabèh?’ Rasul Pétrus ngélikké kita bèn aja nganti dadi ora aktif. Mula, kita kudu ngupaya tekun, nguwatké iman, nduwé kawruh sing luwih akèh, lan dadi abdi sing salèh.Wacanen 2 Pétrus 1:5-8.

13. Apa sing perlu dingertèni karo wong Kristen sing wis janji ngabdi lan dibaptis?

13 Janji ngabdi marang Yéhuwah kuwi kanggo saklawasé. Wong sing wis ora semangat ngabdi ora isa kandha nèk dhèwèké durung tau ngucap janji ngabdi marang Yéhuwah lan baptisané ora sah. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Nèk wong sing wis ngabdi marang Yéhuwah nindakké dosa sing serius, dhèwèké kudu tanggung jawab marang Yéhuwah lan jemaat. (Rm. 14:12) Kita ora péngin kaya wong-wong sing dikandhakké Yésus, sing wis ’ninggal katresnané kang kawitan’. Kita mesthi péngin Yésus kandha marang kita, ”Ingsun ngudanèni panggawénira kabèh: iya katresnanira, iya pracayanira, apadéné pangabdinira lan kaantepanira. Ingsun nguningani, manawa panggawénira kang wekasan iku ngluwihi kang wiwitan.” (Wy. 2:4, 19) Nèk kita semangat kanggo netepi janji ngabdi, Yéhuwah mesthi seneng.

IKRAR WEKTU NIKAH

Ikrar wektu nikah (Deloken paragraf 14)

14. Ikrar apa manèh sing dianggep penting karo wong Kristen? Apa sebabé?

14 Ikrar kapindho sing paling penting yaiku ikrar wektu nikah. Yéhuwah nganggep nèk nikah kuwi suci lan ikrar wektu nikah kuwi serius banget. Wong lanang lan wédok sing dadi mantèn biyasané ngucap janji ing ngarsané Yéhuwah lan kabèh sing teka, nèk bakal nresnani lan ngajéni sisihané saklawasé urip ing bumi manut pathokané Gusti Allah bab urip bebojoan. Kadhang kala ukarané ora persis kaya ngono. Ning, wong sing dadi mantèn kuwi mesthi nggawé ikrar ing ngarsané Gusti Allah. Nèk wis nggawé ikrar, kuwi tegesé wis dadi bojoné lan urip bebojoan kuwi kanggo saklawasé. (Pd. 2:24; 1 Kr. 7:39) Yésus kandha, ”Apa kang wis didadèkaké siji déning Allah iku, ora kena dipisah déning manungsa.” Nèk ana masalah, aja gampang mutuské kanggo pegatan.Mk. 10:9.

15. Apa sebabé wong Kristen ora nyepèlèkké urip bebojoan kaya wong-wong liyané?

15 Pancèn, ora ana manungsa sing sampurna. Dadi, mesthi ana masalah ing urip bebojoan. Mula, Alkitab kandha nèk kabèh wong sing wis nikah ”bakal nandhang kasusahan”. (1 Kr. 7:28) Jaman saiki, akèh sing nyepèlèkké urip bebojoan lan gampang mutuské kanggo pegatan wektu ana masalah. Ning, wong Kristen ora éntuk kaya ngono, merga wektu nikah wis ngucap ikrar ing ngarsané Yéhuwah. Dadi nèk ora netepi ikrar, kuwi tegesé ngapusi Yéhuwah, lan Yéhuwah gething karo wong sing seneng ngapusi. (Km. 19:12; WB. 6:16-19) Wong Kristen sing wis nikah kudu éling karo kandhané rasul Paulus, ”Manawa kowé wus katalènan ing wong wadon, aja ngarah pegaté!” (1 Kr. 7:27) Paulus isa ngomong ngono merga ngerti nèk Yéhuwah gething karo wong sing sengaja ora setya bèn isa pegatan.Ml. 2:13-16.

16. Apa kandhané Alkitab bab pegatan lan pisahan?

16 Yésus mulang nèk nurut Alkitab wong isa pegatan kuwi mung nèk salah sijiné laku jina lan bojoné ora ngapurani. (Mt. 19:9; Ib. 13:4) Lha terus, apa kandhané Alkitab bab pisahan? (Wacanen Matéus 19:6.) Alkitab ora netepké dhasar kanggo pisahan. Ning, kadhang kala ana kahanan sing nggawé wong Kristen rumangsa kudu pisahan. Contoné, ana sing bojoné murtad utawa seneng nganiaya, nganti dhèwèké rumangsa nèk kuwi bahaya banget kanggo uripé lan hubungané karo Yéhuwah. * (Deloken katrangan ing ngisor.)

17. Apa sing isa ditindakké wong Kristen bèn urip bebojoané isa langgeng?

17 Nèk ana sing njaluk naséhat bab carané nggawé urip bebojoané luwih ayem tentrem, para pinituwa isa mènèhi saran kanggo ndelok vidhéo Apa Itu Cinta Sejati? lan sinau brosur Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem. Ana sing kandha, ”Merga sinau brosur kuwi, urip bebojoanku isa saya nyenengké.” Ana uga sedulur wédok sing wis nikah 22 taun, sing mikir nèk urip bebojoané bakal bubrah. Sakwisé ndelok vidhéo kuwi, dhèwèké kandha, ”Senajan wis dibaptis, aku lan bojoku wis ora sak pikiran lan sak perasaan manèh. Vidhéo kuwi bener-bener pas banget. Saiki, urip bebojoanku dadi luwih ayem tentrem.” Dadi, nèk ngetrapké pathokané Alkitab, urip bebojoan isa dadi langgeng lan ayem tentrem.

IKRAR WEKTU DADI ABDI KUSUS

18, 19. (a) Apa sing ditindakké para wong tuwa Kristen? (b) Piyé carané para sedulur sing dadi abdi kusus isa netepi ikraré?

18 Mau awaké dhéwé wis ngrembug bab ikraré Yéfta lan Hana. Merga wong tuwané wis nggawé ikrar, anak wédoké Yéfta lan anak lanangé Hana dadi abdi kusus kanggo Yéhuwah. Saiki, akèh wong tuwa Kristen sing nyemangati anak-anaké bèn dadi perintis utawa abdi kusus liyané lan bèn terus nggunakké uripé kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Kita kabèh uga isa nyemangati cah-cah enom bèn terus ngabdi.PH. 11:40; Ms. 110:3.

Ikrar wektu dadi abdi kusus (Deloken paragraf 19)

19 Saiki, ana kira-kira 67.000 anggota saka Ordo Pelayan Sepenuh-Waktu Khusus Saksi-Saksi Yehuwa Sedunia. Ana sing ngabdi ing Bètel, proyèk pembangunan, utawa dadi pinituwa wilayah. Sing liyané dadi instruktur, perintis istiméwa, utusan injil, hamba Balai Kebaktian, utawa hamba fasilitas sekolah Alkitab. Para sedulur kuwi wis nggawé ”Ikrar Ketaatan dan Kesahajaan”. Ikrar kuwi isiné janji kanggo nindakké tugas apa waé ing pakumpulané Yéhuwah kanthi mempeng, urip sederhana, lan ora nyambut gawé ing njaba pakumpulan kecuali wis éntuk ijin. Sing dianggep istiméwa kuwi dudu wongé, ning tugasé. Para sedulur kuwi tetep andhap asor lan nduwé tékad kanggo netepi ikraré saksuwéné dadi abdi kusus.

20. Kepriyé kuduné pandhangan kita bab ikrar marang Yéhuwah lan apa sebabé?

20 Ing artikel iki, kita wis ngrembug telung ikrar sing isa digawé marang Yéhuwah. Mbokmenawa panjenengan ya wis nggawé ikrar-ikrar kuwi. Kita kudu nganggep serius ikrar sing wis digawé lan ngupaya sak isa-isané kanggo netepi ikrar kuwi. (WB. 20:25) Nèk ora netepi ikrar marang Yéhuwah, mesthi ana akibaté. (Ko. 5:5) Muga-muga kita nduwé perasaan sing padha karo sing nulis buku Jabur, ”Kawula badhé ngidungaken asma Paduka klayan masmur ing salaminipun, saha ngluwari nadar [”mbayar ikrar”, NW] kawula ing sadinten-dintenipun.”Ms. 61:9.

^ par. 7 Hana janji karo Yéhuwah nèk dhèwèké nduwé anak lanang, anaké kuwi bakal dadi wong Nazir sajegé uripé. Kuwi tegesé anaké bakal dadi abdi kusus kanggo Yéhuwah.Wi. 6:2, 5, 8.

^ par. 13 Arang banget ana baptisan sing ora sah, merga para pinituwa wis rembugan dhisik karo sing arep dibaptis kanggo mesthèkké apa wong kuwi isa dibaptis.

^ par. 16 Deloken bagéan Apéndiks ”Pandangan Alkitab tentang Perceraian dan Perpisahan” ing buku ”Tetaplah Berada dalam Kasih Allah”.