Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ngajèni Bandha Rohani

Ngajèni Bandha Rohani

”Ing ngendi dunungé bandhamu, iya ing kono dununging atimu.”LK. 12:34.

LAGU: 153, 9

1, 2. (a) Apa waé bandha rohani saka Yéhuwah? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

YÉHUWAH kuwi Pribadi sing paling sugih sak jagat raya iki. Kabèh iki kagungané Yéhuwah. (1 Bb. 29:11, 12) Ning, Yéhuwah uga loma banget marang kabèh wong. Kita mesthi maturnuwun banget merga Yéhuwah wis maringi akèh bandha rohani, contoné yaiku (1) Kratoné Allah, (2) gawéan nginjil, lan (3) piwulang sing bener ing Alkitab. Ning, nèk ora ngati-ati, kita isa waé dadi lali lan ora ngajèni. Kita kudu terus éling nèk bandha rohani kuwi aji banget. Kita uga kudu ngupaya bèn katresnan kita marang bandha rohani kuwi dadi saya kuwat, merga Yésus kandha, ”Ing ngendi dunungé bandhamu, iya ing kono dununging atimu.”Lk. 12:34.

2 Ayo ngrembug bab carané bèn tetep nresnani lan ngajèni Kratoné Allah, gawéan nginjil, lan piwulang Alkitab. Pikirna uga carané bèn panjenengan isa saya nresnani bandha rohani kuwi.

KRATONÉ ALLAH KUWI KAYA MUTIARA SING AJI

3. Apa sing ditindakké karo wong lanang ing critané Yésus kanggo tuku mutiara? (Deloken gambar ing kaca 9.)

3 Wacanen Matéus 13:45, 46. Yésus nyritakké bab wong lanang sing tuku lan ngedol mutiara. Ing sawijiné dina, dhèwèké nemokké mutiara sing luwih aji timbang mutiara liyané sing wis tau didelok. Merga péngin banget tuku mutiara kuwi, dhèwèké ngedol kabèh barang duwèké. Nurut panjenengan, sepira ajiné mutiara kuwi kanggo dhèwèké?

Nèk ngajèni Kratoné Allah, kita mesthi gelem ngurbanké apa waé, kaya wong lanang sing ngajèni mutiara mau

4. Kita gelem nindakké apa kanggo Kratoné Allah?

4 Apa piwulangé kanggo kita? Piwulang sing bener bab Kratoné Allah kuwi kaya mutiara sing aji. Nèk ngajèni Kratoné Allah, kita mesthi gelem ngurbanké apa waé bèn isa dadi rakyaté saklawasé. Kuwi kaya wong lanang sing ngajèni mutiara mau. (Wacanen Markus 10:28-30.) Ayo ngrembug tuladhané wong loro sing wis nindakké kuwi.

5. Zakhéus gelem nindakké apa kanggo Kratoné Allah?

5 Ana tukang pajeg sing jenengé Zakhéus. Dhèwèké dadi sugih merga meres dhuwité wong-wong. (Lk. 19:1-9, Basa Jawa Suriname) Ing sawijiné dina, Zakhéus krungu critané Yésus bab Kratoné Allah. Zakhéus seneng karo apa sing dicritakké Yésus lan kepéngin ngowahi uripé. Dhèwèké kandha, ”Gusti, bandaku sing separo arep tak kèkké kanggo wong sing ora nduwé lan sapa waé sing tau tak apusi bandané bakal tak balèkké ping papat.” Zakhéus mbalèkké dhuwité wong-wong lan ora dadi srakah manèh.

6. Critakna pengalamané wong wédok sing nggawé owah-owahan lan apa sebabé dhèwèké gelem nindakké kuwi.

6 Pirang-pirang taun kepungkur, ana wong wédok sing dadi lesbian lan dadi ketua organisasi sing mbéla haké kaum homosèks. Wektu sinau Alkitab lan ngerti nèk Kratoné Allah kuwi aji banget, dhèwèké sadhar nèk kudu nggawé owah-owahan sing gedhé ing uripé. (1 Kr. 6:9, 10) Dhèwèké banjur ninggalké organisasi kuwi lan mandheg dadi lesbian. Dhèwèké dibaptis taun 2009 lan dadi perintis biasa setaun sakwisé kuwi. Dhèwèké gelem nindakké kuwi kabèh merga tresnané marang Yéhuwah luwih kuwat timbang kepénginané sing salah.Mk. 12:29, 30.

7. Piyé carané njaga bèn katresnan kita marang Kratoné Allah tetep kuwat?

7 Akèh sedulur sing wis nggawé owah-owahan sing gedhé, merga péngin dadi rakyaté Kratoné Allah. (Rm. 12:2) Ning, kita kabèh isih kudu terus ngupaya njaga katresnan marang Kratoné Allah bèn ora dadi suda merga luwih nresnani bandha utawa nuruti hawa-napsu. (WB. 4:23; Mt. 5:27-29) Saiki, ayo ngrembug bandha liyané manèh saka Yéhuwah sing isa mbantu kita kanggo njaga katresnan marang Kratoné Allah bèn tetep kuwat.

GAWÉAN NGINJIL ISA NYLAMETKÉ URIP

8. (a) Apa sebabé rasul Paulus nggambarké gawéan nginjil iki kaya bandha sing disimpen ing grabah? (b) Apa buktiné nèk Paulus nresnani gawéan nginjil?

8 Yésus mènèhi tugas marang kita kanggo martakké lan mulangké kabar apik bab Kratoné Allah. (Mt. 28:19, 20) Rasul Paulus nggambarké gawéan nginjil iki kaya bandha sing disimpen ing grabah. (2 Kr. 4:7; 1 Tm. 1:12) Kita iki kaya grabah merga ora sampurna. Ning, kabar sing kita wartakké kuwi kaya bandha sing aji merga isa nggawé awaké dhéwé lan wong liya sing gelem ngrungokké dadi éntuk urip langgeng. Mula, Paulus mempeng nginjil nggunakké cara apa waé, lan kandha, ”Samubarang kabèh iku mau daktindakaké marga saka Injil, supaya aku mèlua olèh pandumané.” (1 Kr. 9:23) Paulus uga mempeng mulang wong liya bab Kratoné Allah. (Wacanen Rum 1:14, 15; 2 Timotéus 4:2.) Paulus tetep setya nginjil senajan dianiaya kanthi kejem, merga nresnani kabar apik. (1 Ts. 2:2) Piyé carané niru Paulus sing nresnani gawéan nginjil?

Kabar sing kita wartakké kuwi kaya bandha sing aji merga isa nggawé awaké dhéwé lan wong liya sing gelem ngrungokké dadi éntuk urip langgeng

9. Apa buktiné nèk kita nresnani gawéan nginjil?

9 Salah siji bukti nèk Paulus nresnani gawéan nginjil yaiku nggunakké saben kesempatan kanggo nginjil. Kaya Paulus lan wong-wong Kristen ing abad kapisan, kita uga nginjil ing omah-omah, panggonan umum, lan ing ngendi waé sing ana wongé. (PR. 5:42; 20:20) Kita kudu ngupaya sak isa-isané kanggo nginjil marang sak akèh-akèhé wong. Nèk isa, kita isa dadi perintis èkstra utawa perintis biasa, sinau basa liya, pindhah ing panggonan liya utawa negara liya.PR. 16:9, 10.

10. Paédah apa sing dirasakké Irene merga mempeng nginjil?

10 Ana sedulur wédok sing isih lajang saka Amerika Serikat, sing jenengé Irene. Dhèwèké péngin nginjil marang wong-wong sing nggunakké basa Rusia. Dadi, ing taun 1993, Irene nggabung ing kelompok basa Rusia ing New York City. Wektu kuwi, mung ana kira-kira 20 penginjil ing kono. Sakwisé 20 taun, Irene kandha, ”Aku durung pati lancar ngomong basa Rusia”. Ning, Yéhuwah wis mbantu Irene lan penginjil liyané. Asilé, saiki ana nem jemaat basa Rusia ing New York City. Akèh wong sing sinau Alkitab karo Irene lan ana 15 sing dibaptis. Ana sing ngabdi ing Bètel, dadi perintis, lan pinituwa. Irene bener-bener nresnani gawéan nginjil. Dhèwèké kandha, ”Aku isa waé ngoyak tujuan-tujuan liyané. Ning, mung gawéan nginjil iki sing isa ngekèki rasa bungah sing paling gedhé.”

Apa panjenengan ngajèni gawéan nginjil lan nggunakké wektu kanggo nginjil saben minggu? (Deloken paragraf 11, 12)

11. Apa waé hasilé nèk kita terus nginjil senajan dianiaya?

11 Nèk ngajèni gawéan nginjil, kita bakal niru rasul Paulus lan terus nginjil senajan dianiaya. (PR. 14:19-22) Contoné, ing antarané taun 1930 lan 1944, para sedulur ing Amerika Serikat dianiaya kanthi kejem. Ning, para sedulur kuwi isih tetep nginjil. Wektu pamréntah ngupaya kanggo ngendhegké gawéan nginjil, para sedulur ngajokké perkara kuwi ing pengadilan lan menangké akèh kasus. Ing taun 1943, Sedulur Knorr nyritakké salah siji kasus sing dimenangké ing Mahkamah Agung AS. Dhèwèké kandha nèk para sedulur ora terus nginjil, ora bakal ana kasus sing kudu diajokké menyang Mahkamah Agung kuwi. Lan merga para sedulur ing saklumahing bumi tetep semangat nginjil, kuwi bukti nèk tentangan ora isa ngalang-alangi gawéan nginjil. Para sedulur ing negara-negara liya uga wis menangké kasus hukum sing kaya ngono. Dadi, rasa tresna marang gawéan nginjil kuwi nggawé awaké dhéwé tetep nginjil senajan dianiaya.

12. Apa sing dadi tékad kita?

12 Nèk ngajèni gawéan nginjil, kita ora mung mikirké sepira akèhé jam sing dilaporké saben sasi. Ning, kita mesthi ngupaya sak isa-isané kanggo ”martakké injil kanthi tliti”. (PR. 20:24, Terjemahan Dunia Baru; 2 Tm. 4:5) Ning, bab apa sing arep kita wulangké marang wong liya? Ayo dirembug bandha rohani liyané saka Yéhuwah.

PIWULANG SING AJI SAKA ALKITAB

13, 14. Apa sing dimaksud ’pasimpenan’ sing disebutké Yésus ing Matéus 13:52, lan piyé carané ngebaki?

13 Bandha rohani sing katelu yaiku piwulang sing bener. Yéhuwah kuwi Sumberé piwulang sing bener. (2 Sa. 7:28; Yo. 17:17) Yéhuwah uga Bapak sing loma lan péngin bèn awaké dhéwé isa éntuk pangertèn sing bener. Kita wis sinau akèh bab piwulang kuwi wektu maca Alkitab lan wacan-wacan Alkitab, sarta teka ing pakumpulan ibadah lan kebaktian. Kaya kandhané Yésus, saya akèh sinau, kita isa nduwé ’pasimpenan’ sing isiné ’barang anyar lan lawas’, yaiku pangertèn sing bener. (Wacanen Matéus 13:52.) Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé ngebaki ’pasimpenan’ kuwi, nèk terus nggolèki piwulang sing bener kayadéné nggolèki bandha sing kependhem. (Wacanen Wulang Bebasan 2:4-7.) Piyé carané?

14 Kita kudu ajeg sinau Alkitab lan wacan-wacan Alkitab, sarta riset sing tenanan. Kuwi isa mbantu kita nemokké piwulang sing ”anyar”, sing durung dingertèni sakdurungé. (Ys. 1:8, 9; Ms. 1:2, 3) Artikel kapisan saka Watch Tower sasi Juli 1879, nggambarké piwulang sing bener kuwi kaya kembang sing ketutup alang-alang. Bèn isa nemokké kembang kuwi, kita kudu nggolèki kanthi tenanan. Lan nèk wis nemokké siji, aja mandheg nggolèki. Semono uga, aja langsung puas nèk mung lagi nemokké siji piwulang sing bener saka Alkitab. Kita kudu terus semangat nggolèk pangertèn sing luwih akèh manèh.

15. Apa sebabé ana sing disebut piwulang sing ”lawas”, lan piwulang endi sing paling panjenengan ajèni?

15 Wektu mulai sinau Alkitab, ana akèh piwulang sing bener sing kita sinaoni. Kuwi isa disebut piwulang sing ”lawas”, merga kuwi sing sepisanan disinau. Contoné, kita sinau bab Yéhuwah, Gusti Allah sing nggawé jagat sak isiné sarta bab kersané kanggo manungsa. Kita uga sinau nèk Yéhuwah ngutus Putrané menyang bumi kanggo mati lan dadi tebusan bèn isa mbébaské kita saka dosa lan pati. Lan kita sinau nèk Kratoné Allah bakal nyingkirké kabèh kasusahan lan kita isa urip saklawasé ing bumi sing ayem tentrem.Yo. 3:16; Wy. 4:11; 21:3, 4.

16. Apa sing perlu ditindakké wektu ana pangertèn Alkitab sing kudu diowahi?

16 Kadhang kala, pangertèn kita bab ayat utawa ramalan ing Alkitab kudu diowahi. Mula, kita kudu nggunakké wektu kanggo sinau tenanan lan mikirké kuwi. (PR. 17:11; 1 Tm. 4:15) Kita perlu ngerti bédané pangertèn sing lawas lan sing anyar, sarta nggatèkké rincian saka pangertèn sing anyar. Nèk wis sinau lan mudheng tenan, pangertèn sing anyar kuwi isa dadi bagéan saka ’pasimpenan’ kita. Apa sebabé kita kudu nggawé upaya kaya ngono?

17, 18. Piyé carané roh suci mbantu kita?

17 Yésus mulang nèk roh suci isa mbantu kita ngéling-éling piwulang sing wis kita sinau. (Yo. 14:25, 26) Piyé roh suci mbantu wektu kita nginjil? Gatèkna pengalamané sedulur lanang sing jenengé Peter. Ing taun 1970, wektu umuré 19 taun, Peter lagi waé mulai ngabdi ing Bètel Inggris. Wektu nginjil ing omah-omah, Peter ketemu karo wong lanang jénggoten sing umuré kira-kira 50 taun. Peter nawani wong kuwi sinau Alkitab. Wong kuwi jebulé pemimpin agama Yahudi, lan dhèwèké kagèt merga ditawani sinau Alkitab karo cah enom. Banjur, dhèwèké takon karo Peter, ”Coba, kowé ngerti apa ora, buku Dhanièl ditulis nganggo basa apa?” Peter njawab, ”Sebagéan buku kuwi ditulis nganggo basa Aram.” Peter crita, ”Dhèwèké kagèt merga aku ngerti jawabané. Ning, aku luwih kagèt manèh, kok jebulé aku ngerti jawabané. Bareng tekan omah tak delok manèh Menara Pengawal lan Sedarlah! sasi sakdurungé, aku nemokké artikel sing ngrembug bab kuwi.” (Dn. 2:4) Dadi, roh suci isa mbantu kita ngéling-éling katrangan sing wis tau diwaca lan kuwi dadi mlebu ing ’pasimpenan’ kita.Lk. 12:11, 12; 21:13-15.

18 Nèk nresnani lan ngajèni piwulang sing bener saka Yéhuwah, kita dadi kepéngin terus nambahké kuwi ing ’pasimpenan’ kita. Saya akèh nindakké kuwi, kita dadi saya siap kanggo mulang wong liya.

JAGANEN BANDHA ROHANI

19. Apa sebabé kita kudu njaga bandha rohani?

19 Ing artikel iki, kita wis sinau nèk ngajèni bandha rohani kuwi penting banget. Ning, kita kudu ngati-ati merga Sétan lan donyané ngupaya bèn katresnan kita marang bandha rohani kuwi dadi suda. Nèk ora ngati-ati, kita isa dislimurké karo gawéan sing gajiné gedhé, utawa karo rasa péngin urip nyaman lan mamèrké bandha. Rasul Yokanan ngélingké kita nèk donya iki lan kabèh sing ditawakké ora suwé manèh bakal sirna. (1 Yo. 2:15-17) Mula, kita kudu tetep ngajèni lan njaga bandha rohani kuwi.

20. Apa sing kudu panjenengan tindakké kanggo njaga bandha rohani?

20 Kita kudu ngedohi perkara-perkara sing isa nggawé katresnan kita marang Kratoné Allah dadi suda. Terusa semangat nginjil lan nresnani gawéan nginjil. Terusa nyinaoni piwulang sing bener saka Alkitab. Kuwi kabèh tegesé awaké dhéwé nglumpukké ”rajabrana ing swarga, kang ora bakal entèk, kang ora bakal katekanan maling sarta ora bakal karusak déning renget. Amarga ing ngendi dunungé bandhamu, iya ing kono dununging atimu”.Lk. 12:33, 34.