Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Terus Mikirké bab sing Paling Penting

Terus Mikirké bab sing Paling Penting

”Supados sami sumerepa, bilih namung Paduka ingkang asma Yéhuwah, Ingkang Mahaluhur tuwin misésani ing salumahing bumi.”MS. 83:19.

LAGU: 46, 136

1, 2. (a) Bab paling penting apa sing ana pengaruhé kanggo kabèh wong? (b) Apa sebabé kuwi penting kanggo kita?

DHUWIT kuwi dadi bab sing paling penting kanggo akèh wong jaman saiki. Kuwi sing terus dipikirké lan dikuwatirké. Akèh wong ngentèkké wektu kanggo nggolèk dhuwit luwih akèh utawa ngupaya bèn dhuwité ora kélong. Sing liyané manèh luwih ngutamakké keluargané, keséhatané, utawa cita-citané.

2 Ning, ana bab sing sakjané luwih penting timbang kuwi kabèh, yaiku ndhukung haké Yéhuwah kanggo mréntah. Kuwi dadi bab sing kudu terus kita utamakké. Nèk ora ngati-ati, kita isa dadi nglalèkké bab kuwi merga sibuk ngurusi kagiyatan saben dina utawa nguwatirké masalahé dhéwé. Sakjané, kita bakal dadi luwih isa ngatasi masalah ing urip saben dina lan luwih cedhak marang Yéhuwah, nèk mèlu ndhukung haké Yéhuwah kanggo mréntah.

APA SEBABÉ KUWI PENTING?

3. Sétan péngin wong-wong mikir apa bab pamréntahané Allah?

3 Sétan nantang haké Yéhuwah kanggo mréntah. Sétan péngin manungsa mikir nèk Yéhuwah kuwi Panguwasa sing jahat lan ora péngin maringi sing paling apik kanggo kita. Nurut Sétan, manungsa isa luwih bungah nèk nggawé aturan dhéwé. (Pd. 3:1-5) Sétan uga kandha nèk ora ana manungsa sing bener-bener setya karo Yéhuwah. Nurut Sétan, manungsa mesthi bakal nolak Yéhuwah nèk ngalami kasusahan. (Ay. 2:4, 5) Mula, Yéhuwah maringi wektu kanggo mbuktèkké nèk urip tanpa Gusti Allah kuwi bakal sengsara.

4. Apa sebabé masalah bab haké Yéhuwah kanggo mréntah kudu dituntaské?

4 Pancèn, Yéhuwah ngerti nèk tudhuhané Sétan kuwi ora bener. Dadi, apa sebabé Yéhuwah maringi wektu marang Sétan kanggo mbuktèkké omongané? Merga kuwi ana pengaruhé kanggo manungsa lan malaékat. (Wacanen Jabur 83:19.) Adam lan Kawa wis nolak pamréntahané Yéhuwah. Banjur, ana akèh wong lan malaékat liyané sing uga mèlu-mèlu. Isa waé dadi ana sing mikir nèk Sétan kuwi bener. Nèk masalah kuwi durung tuntas, kahanané ora bakal isa ayem tentrem. Ning, nèk haké Yéhuwah kanggo mréntah wis diteguhké, kabèh sing ana ing jagat raya iki bakal urip ayem tentrem saklawasé ing pamréntahané Yéhuwah.—Éf. 1:9, 10.

5. Apa sing isa kita tindakké kanggo ndhukung Yéhuwah?

5 Haké Yéhuwah kanggo mréntah bakal diteguhké. Pamréntahané Sétan lan manungsa bakal gagal total sarta diganti karo Kratoné Allah sing dipimpin karo Yésus. Umaté Allah bakal mbuktèkké nèk manungsa isa tetep setya ndhukung pamréntahané Allah. (Yé. 45:23, 24) Apa panjenengan péngin klebu ing antarané wong-wong sing setya kuwi? Mesthiné iya, ta? Mula, awaké dhéwé perlu sinau luwih akèh bèn ngerti sepira pentingé masalah kuwi.

NDHUKUNG YÉHUWAH KUWI LUWIH PENTING TIMBANG KESLAMETAN KITA

6. Sepira pentingé ndhukung haké Yéhuwah kanggo mréntah?

6 Ndhukung haké Yéhuwah kanggo mréntah kuwi luwih penting timbang kesenengané awaké dhéwé. Ning, kuwi ora ateges keslametan kita ora penting utawa Yéhuwah ora perduli karo kita. Apa buktiné?

Ndhukung haké Yéhuwah kanggo mréntah kuwi luwih penting timbang kesenengan lan keslametan kita

7, 8. Apa sebabé ndhukung pamréntahané Yéhuwah kuwi ana paédahé kanggo kita?

7 Yéhuwah tresna banget karo manungsa nganti maringké Putrané bèn kita isa urip saklawasé. (Yo. 3:16; 1 Yo. 4:9) Nèk Yéhuwah ora netepi janjiné bab donya mbésuk, Sétan lan para penentang liyané bakal kebukti bener. Sétan nudhuh nèk Yéhuwah kuwi ngapusi, ora adil, lan ora maringi bab sing apik kanggo manungsa. Para penentang ngécé janjiné Yéhuwah, ”Endi prasetya bakal rawuhé iku? Jalaran wiwit nalika ngajalé para leluhur kita samubarang kabèh ajeg baé kaya nalika donya dititahaké.” (2 Pt. 3:3, 4) Ning, Yéhuwah bakal netepi janjiné. Nèk haké Yéhuwah kanggo mréntah wis diteguhké, wong-wong sing manut bakal dislametké. (Wacanen Yésaya 55:10, 11.) Pamréntahané Yéhuwah kuwi dhasaré katresnan. Dadi, kita isa yakin nèk Yéhuwah bakal terus nresnani lan ngajèni para abdiné sing setya.Pa. 34:6.

8 Senajan haké Yéhuwah kanggo mréntah kuwi bab sing penting banget, ning kuwi ora ateges keslametan kita ora penting kanggo Yéhuwah. Yéhuwah perduli banget karo kita. Kita perlu terus mikirké bab sing paling penting lan setya ndhukung pamréntahané Yéhuwah.

AYUB NGOWAHI PANDHANGANÉ

9. Apa kandhané Sétan bab Ayub? (Deloken gambar ing kaca 15.)

9 Kita kudu nduwé pandhangan sing bener bab pamréntahané Yéhuwah. Kita isa sinau bab kuwi saka buku Ayub. Ing kono, kita maca nèk Sétan nudhuh Ayub bakal ora setya manèh karo Yéhuwah wektu ngalami kasusahan. Sétan malah ngongkon Yéhuwah bèn nggawé Ayub sengsara. Yéhuwah ora gelem, ning Yéhuwah ngijinké Sétan kanggo nguji Ayub. Yéhuwah ngendika, ”Apa sadarbèké wus ana ing tanganira.” (Wacanen Ayub 1:7-12.) Bar kuwi, Ayub kélangan para abdiné lan bandhané. Banjur, sepuluh anaké mati ngenes. Sétan nggawé kaya-kayané kuwi gara-gara Yéhuwah. (Ay. 1:13-19) Banjur, Sétan nggawé Ayub lara parah lan njijiki. (Ay. 2:7) Sing marahi sengsara manèh, bojoné Ayub lan kancané sing cacahé telu malah ngomongké bab sing nggawé lara ati lan cilik ati.Ay. 2:9; 3:11; 16:2.

10. (a) Apa buktiné nèk Ayub tetep setya marang Yéhuwah? (b) Apa sebabé Ayub kudu dibenerké?

10 Apa tudhuhané Sétan kuwi bener? Ora. Ayub tetep setya marang Yéhuwah senajan sengsara. (Ay. 27:5) Ning, Ayub wis tau lali bab sing paling penting lan mung mikirké kepentingané dhéwé. Ayub rumangsa nèk dhèwèké ora tau tumindak salah lan kudu ngerti alesané dhèwèké sengsara. (Ay. 7:20; 13:24) Mbokmenawa kita isa ngerti perasaané Ayub. Ning, Yéhuwah ngerti nèk pandhangané Ayub kuwi klèru, mula Yéhuwah mbenerké Ayub. Piyé carané?

11, 12. Yéhuwah mbantu Ayub bèn ngajèni bab apa? Piyé tanggepané Ayub?

11 Kita isa maca bab kuwi ing buku Ayub bab 38 tekan 41. Ing kono, Yéhuwah ora nerangké alesané Ayub sengsara. Ning, Yéhuwah péngin mbantu Ayub ngerti nèk dhèwèké kuwi ora ana apa-apané nèk dibandhingké karo Yéhuwah. Yéhuwah mulang Ayub nèk ana masalah sing luwih penting timbang masalahé Ayub. (Wacanen Ayub 38:18-20.) Pangandikané Yéhuwah mbantu Ayub ngowahi pandhangané.

12 Apa kuwi tegesé Yéhuwah tegel marang Ayub sing lagi sengsara? Ora ngono. Ayub dhéwé ya ora mikir kaya ngono. Ayub ngrungokké lan ngajèni naséhat saka Yéhuwah kuwi, sarta ngowahi pandhangané. Ayub malah kandha, ”Omonganku tak jupuk manèh, aku mertobat ing lebu lan awu.” (Ay. 42:1-6, Terjemahan Dunia Baru) Sakdurungé kuwi, ana wong lanang enom sing jenengé Élihu, sing uga mbantu Ayub ngowahi pikirané. (Ay. 32:5-10) Sakwisé kuwi, Alkitab kandha nèk Yéhuwah ngajèni kasetyané Ayub.Ay. 42:7, 8

13. Piyé pangandikané Yéhuwah mbantu Ayub sakwisé kasangsarané rampung?

13 Pangandikané Yéhuwah tetep ana gunané kanggo Ayub senajan kasangsarané wis rampung. Alkitab kandha, ”Ayub diberkahi déning Sang Yéhuwah nganti ngungkuli dhèk biyèn”. Akiré, Ayub nduwé ’anak lanang pitu lan wadon telu’. (Ay. 42:12-14) Ayub mesthi tetep kangen karo anak-anaké sing wis mati. Ayub mbokmenawa uga ora bakal lali marang kabèh kasusahan sing dialami. Malah, senajan ngerti alesané sengsara, Ayub mbokmenawa tetep bingung kenapa Gusti Allah ngejarké dhèwèké sengsara. Nèk nduwé cara mikir kaya ngono, Ayub isa ngéling-éling apa sing wis Yéhuwah ngendikakké marang dhèwèké. Kuwi bakal nguwatké lan mbantu Ayub nduwé pandhangan sing bener.Ms. 94:19.

Apa kita luwih mikirké haké Yéhuwah kanggo mréntah timbang masalahé dhéwé? (Deloken paragraf 14)

14. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Ayub?

14 Kita isa dikuwatké lan nduwé pandhangan sing bener nèk mikirké tenanan apa sing dialami Ayub. Buku Ayub kuwi bagéan saka sejarah sing wis Yéhuwah tulis ”minangka piwulang kanggo kita, supaya kita ngandhemana ing pangarep-arep kalawan sabar mantep sarta kalawan gondhèlan panglipur kang saka ing Kitab Suci”. (Rm. 15:4) Saka pengalaman kuwi, kita isa sinau nèk kita kudu terus ngutamakké lan ndhukung haké Yéhuwah kanggo mréntah, aja mung mikirké masalahé dhéwé. Kaya Ayub, kita kudu tetep setya senajan sengsara.

15. Apa asilé nèk kita tetep setya senajan ngalami kasusahan?

15 Saka pengalamané Ayub kita ngerti nèk kasusahan kuwi dudu bukti nèk Yéhuwah nesu karo kita. Kuwi malah isa dadi kesempatan kanggo ndhukung pamréntahané Yéhuwah. (WB. 27:11) Nèk kita tetep setya, kuwi isa nyenengké Yéhuwah lan nguwatké pengarep-arep kita bab donya mbésuk. (Wacanen Rum 5:3-5.) Pengalamané Ayub mbuktèkké nèk Yéhuwah kuwi ”gedhé sih-palimirmané sarta welasan”. (Yb. 5:11) Nèk ndhukung haké Yéhuwah kanggo mréntah, kita bakal diberkahi. Kita isa ”kuwat nyangga sadhéngah prekara klawan sabar” nèk ngerti bab kuwi.Kl. 1:11, Basa Jawi Padintenan.

TERUS MIKIRKÉ

16. Apa sebabé kita kudu terus éling nèk ndhukung haké Yéhuwah kanggo mréntah kuwi bab sing paling penting?

16 Pancèn, ora gampang kanggo terus mikirké lan ndhukung haké Yéhuwah kanggo mréntah, wektu lagi ngalami masalah. Masalah sing sakjané cilik isa kétok gedhé nèk terus dipikirké. Dadi, kita kudu terus éling nèk ndhukung haké Yéhuwah kanggo mréntah kuwi bab sing paling penting, ora soal masalah apa sing kita alami.

Tetep sibuk nginjil isa mbantu kita ngéling-éling apa sing bener-bener penting

17. Apa sebabé tetep sibuk nginjil isa mbantu kita ngéling-éling apa sing bener-bener penting?

17 Tetep sibuk nginjil isa mbantu kita ngéling-éling apa sing bener-bener penting. Contoné, ana sedulur wédok sing jenengé Renee, sing ngrasakké lara terus-terusan merga stroke lan kanker. Ing rumah sakit, dhèwèké mènèhi kesaksian marang wong-wong sing kerja ing kono, para pasièn liyané, lan wong-wong sing niliki. Renee wis tau opname ing rumah sakit rong minggu setengah, lan nggunakké 80 jam kanggo nginjil. Senajan ngerti nèk wis arep mati, Renee ngrasakké ayem merga terus ndhukung pamréntahané Yéhuwah.

18. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Jennifer bab ndhukung haké Yéhuwah kanggo mréntah?

18 Kita uga isa ndhukung haké Yéhuwah kanggo mréntah wektu ngadhepi masalah sing luwih cilik ing urip saben dina. Ana sedulur wédok sing jenengé Jennifer, sing arep mulih numpak pesawat. Merga penerbangan padha dibatalké, dhèwèké kudu ngentèni ing bandara nganti telung dina. Jennifer dadi kesel lan kesepian. Ning, Jennifer ora dadi susah atiné. Dhèwèké malah ndonga bèn isa nginjil marang wong-wong sing lagi nunggu ing bandara. Jennifer akiré isa mènèhi akèh wacan marang wong akèh. Jennifer kandha, ”Senajan lagi ngalami masalah, aku rumangsa nèk Yéhuwah wis mberkahi lan maringi kekuwatan bèn isa ngluhurké asmané.”

19. Apa tandhané wong-wong sing nyembah Gusti Allah sing sejati?

19 Mung umaté Yéhuwah sing bener-bener ngerti pentingé ndhukung haké Yéhuwah kanggo mréntah. Kuwi dadi tandhané wong-wong sing nyembah Gusti Allah sing sejati. Mula, kita kabèh kudu terus ndhukung haké Yéhuwah kanggo mréntah.

20. Piyé perasaané Yéhuwah wektu kita ndhukung haké kanggo mréntah?

20 Yéhuwah nggatèkké lan ngajèni kabèh sing panjenengan tindakké kanggo ndhukung haké Yéhuwah kanggo mréntah lan ngabdi kanthi setya senajan ngalami kasusahan. (Ms. 18:26) Artikel sakbanjuré bakal nerangké luwih cetha alesané pamréntahané Yéhuwah kuwi pantes didhukung lan piyé carané kita nindakké kuwi luwih apik manèh.