Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Carané Nguculi lan Mbuwang Sipat-Sipat sing Lawas

Carané Nguculi lan Mbuwang Sipat-Sipat sing Lawas

”Kowé wus padha ngrucat [nguculi] kamanungsan lawas sapratingkahé.”​—KL. 3:9.

LAGU: 52, 54

1, 2. Apa pendhapaté wong-wong bab Seksi-Seksi Yéhuwah?

AKÈH sing kandha nèk Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi béda karo liyané. Contoné, ana penulis sing jenengé Anton Gill sing ngalem sipat-sipaté para Seksi ing jamané Jerman Nazi. Dhèwèké kandha, ”Nazi kuwi gething banget karo Seksi-Seksi Yéhuwah. . . . Ing taun 1939, ana 6.000 Seksi sing dilebokké ing [kamp konsèntrasi].” Dhèwèké kandha nèk Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi isa dipercaya, tetep tenang senajan dianiaya, setya marang Gusti Allahé, lan tetep rumaket siji lan sijiné senajan ngalami kasusahan sing abot banget.

2 Wong-wong ing Afrika Selatan uga nggatèkké nèk Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi béda karo liyané. Mbiyèn, para Seksi sing béda-béda werna kulité ing negara kuwi ora diijinké nganakké pakumpulan. Ning, ing dina Minggu 18 Desember 2011, ana luwih saka 78.000 Seksi Yéhuwah saka ras sing béda-béda ing Afrika Selatan lan negara-negara sak kiwa tengené ngumpul bareng kanggo acara kusus sing dianakké ing stadion paling gedhé ing kutha Johannesburg. Salah siji manajer stadion kuwi kandha, ”Aku durung tau ndelok sing kaya ngéné. Akèh wong sing ngumpul ing stadion iki sikapé apik, klambiné rapi, lan njaga stadion tetep resik. Sing luwih nggumunké manèh, kabèh asalé saka ras sing béda-béda.”

3. Apa bédané Seksi-Seksi Yéhuwah karo liyané?

3 Wong-wong sing dudu Seksi Yéhuwah waé isa ndelok kanthi cetha nèk pakumpulané Seksi Yéhuwah kuwi pancèn béda karo liyané. (1 Pt. 5:9) Apa bédané? Seksi-Seksi Yéhuwah ngupaya ninggalké kabèh bab sing ora disenengi Yéhuwah, merga wis padha sinau Alkitab lan éntuk bantuan saka roh suci. Kita kabèh wis ”ngrucat kamanungsan lawas [nguculi sipat-sipat sing lawas]” lan ”ngrasuk kamanungsan anyar [nganggo sipat-sipat sing anyar]”.​—Kl. 3:9, 10.

Saben wong isa nggawé owah-owahan sing gedhé

4. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki lan apa sebabé?

4 Sakwisé diuculi, sipat-sipat sing lawas kuwi aja nganti dinggo manèh. Ing artikel iki, kita bakal ngrembug carané nguculi sipat-sipat sing lawas lan apa sebabé kuwi penting. Kita uga bakal sinau nèk saben wong isa nggawé owah-owahan sing gedhé, ora soal sepira akèhé tumindak salah sing wis ditindakké mbiyèn. Kita uga bakal ngrembug piyé carané bèn wong-wong sing wis suwé dadi abdiné Yéhuwah aja nganti nganggo sipat-sipat sing lawas manèh. Apa sebabé kuwi kabèh kudu dirembug? Merga ana abdiné Yéhuwah sing ora tetep ngati-ati, lan akiré dadi tumindak sarta mikir kaya wong-wong sing dudu abdiné Yéhuwah. Kita kabèh kudu éling, ”Sing sapa rumangsa ngadeg jejeg, dingati-ati aja nganti tiba.”​—1 Kr. 10:12.

MBUWANG PEPÉNGINAN SÈKS SING BEJAT

5. (a) Terangna apa sebabé kita kudu langsung nguculi sipat-sipat sing lawas. (Deloken gambar ing kaca 15.) (b) Tumindak apa waé sing dadi bagéan saka sipat-sipat lawas sing disebutké ing Kolosé 3:5-9?

5 Apa sing panjenengan tindakké nèk klambiné reged utawa mambu? Panjenengan mesthi bakal langsung nguculi klambi kuwi. Semono uga, nèk wis ngerti nèk sing kita tindakké kuwi digethingi Yéhuwah, kita kudu langsung ngowahi kuwi. Paulus kandha bab tumindak sing salah, ”Kabèh mau buwangen.” Ayo saiki ngrembug bab ”laku jina” lan ”tindak rusuh”.​—Wacanen Kolosé 3:5-9.

6, 7. (a) Apa kandhané Paulus bab nguculi sipat-sipat sing lawas? (b) Critakna pengalamané Sakura. Apa sing mbantu dhèwèké ngowahi tumindaké?

6 Laku jina. Ing Alkitab, ”laku jina” kuwi maksudé nindakké hubungan sèksual sing ora sah karo sing dudu bojoné. Paulus kandha marang wong Kristen bab tumindak sèks sing bejat kuwi, ”Padha matènana samubarang kang asipat kadonyan kang ana ing awakmu.” Dadi, kita kudu ngupaya tenanan kanggo mbuwang pepénginan sing ora bener. Kuwi pancèn ora gampang, ning kita isa nindakké kuwi.

7 Gatèkna pengalamané Sakura, sedulur wédok saka Jepang. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Wektu isih enom, Sakura kerep rumangsa dhèwèkan lan sedhih. Bèn ora kesepian, Sakura mulai gonta-ganti pasangan lan nindakké hubungan sèks wiwit umur 15 taun. Dhèwèké wis ping telu nggugurké bayiné. Sakura kandha, ”Awalé aku dadi rumangsa ditresnani lan dibutuhké wektu nindakké hubungan sèks. Ning, suwé-suwé aku dadi rumangsa ora aman.” Sakura nglakoni urip sing bejat kuwi nganti umur 23 taun. Banjur, Sakura mulai sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah, lan dhèwèké seneng karo apa sing disinaoni. Yéhuwah mbantu Sakura bèn isa ngowahi uripé sarta ngatasi perasaané sing kadhang kala isih rumangsa salah lan isin. Saiki, Sakura dadi perintis biasa lan ora rumangsa kesepian manèh. Sakura kandha, ”Aku seneng banget merga saben dina isa ngrasakké katresnané Yéhuwah.”

CARANÉ BÉBAS SAKA TINDAK RUSUH

8. Apa waé sing klebu ”tindak rusuh” nurut pandhangané Gusti Allah?

8 Tindak rusuh. Ing Alkitab, sing dimaksud ”tindak rusuh” kuwi ora mung tumindak sèks sing bejat. Ngrokok utawa ngomong saru kuwi uga klebu ”tindak rusuh”. (2 Kr. 7:1; Éf. 5:3, 4) Tumindak ora bener sing ditindakké wektu dhèwèkan, contoné kaya maca buku sing isa nggawé napsu utawa nonton pornografi, kuwi uga klebu ”tindak rusuh”. Kuwi isa marahi wong dadi nindakké masturbasi. (Kl. 3:5) *—Deloken katrangan ing ngisor.

9. Apa sing bakal kelakon nèk nduwé ”hawa nepsu” sing ora isa dikendhalèni?

9 Wong sing wis biasa nonton pornografi isa dadi kecanduan sèks lan ora isa ngendhalèni ”hawa nepsu”. Nurut para ahli, kecanduan pornografi kuwi padha karo kecanduan alkohol utawa narkoba. Dadi, wong sing nduwé kebiasaan nonton pornografi kuwi isa ngalami akibat sing mbebayani. Dhèwèké isa dadi rumangsa ora aji, nyambut gawéné dadi keganggu, keluargané ora tentrem, isa marahi pegatan, lan malah isa nyebabké bunuh diri. Ana wong lanang kandha nèk akiré dhèwèké isa ngajèni awaké dhéwé manèh sakwisé setaun bébas saka kecanduan pornografi.

10. Piyé carané Ribeiro isa bébas saka kecanduan pornografi?

10 Akèh wong pancèn kudu ngupaya tenanan bèn isa bébas saka kecanduan pornografi. Ning, nèk wis ngupaya tenanan kuwi mesthi isa menang. Gatèkna pengalamané Ribeiro saka Brasil. Wektu isih enom, dhèwèké lunga saka omah lan nyambut gawe ing pabrik daur ulang kertas. Ing kono, dhèwèké ndelok majalah-majalah pornografi. Ribeiro kandha, ”Suwé-suwé aku dadi kecanduan. Saking kecanduané, aku terus nonton vidéo porno senajan ana pacarku sing manggon sak omah karo aku.” Ing sawijiné dina, Ribeiro ndelok buku Rahasia Kebahagiaan Keluarga ing tumpukan buku sing arep didaur ulang. Dhèwèké banjur njupuk buku kuwi lan diwaca. Akiré, dhèwèké dadi gelem sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah. Ning, Ribeiro isih butuh wektu suwé kanggo bébas saka pornografi. Apa sing mbantu dhèwèké? Ribeiro kandha, ”Aku ndonga, sinau Alkitab, lan mikirké tenanan sing wis tak sinaoni. Aku dadi luwih isa ngajèni sipat-sipaté Yéhuwah. Suwé-suwé katresnanku marang Yéhuwah dadi luwih kuwat timbang pepénginanku kanggo nonton pornografi.” Ribeiro akiré isa ngowahi tumindaké lan dibaptis merga bantuané Alkitab lan roh suciné Yéhuwah, lan saiki ngabdi dadi pinituwa jemaat.

Kita kudu nduwé katresnan sing kuwat marang Yéhuwah lan gething marang bab sing ala

11. Apa sing isa mbantu wong bébas saka kecanduan pornografi?

11 Bèn isa bébas saka kecanduan pornografi, Ribeiro ora mung maca Alkitab, ning uga kudu mikirké tenanan bèn isa tekan atiné. Dhèwèké uga ndonga nyuwun bantuané Yéhuwah. Kuwi kabèh isa nggawé katresnané Ribeiro marang Yéhuwah dadi saya kuwat, lan ngalahké pepénginané kanggo nonton pornografi. Bèn isa bébas saka kecanduan pornografi, kita kudu nduwé katresnan sing kuwat marang Yéhuwah lan gething marang bab sing ala.​—Wacanen Jabur 97:10.

BUWANGEN SIPAT GAMPANG NESU, NGOMONG KASAR, LAN SENENG NGAPUSI

12. Apa sing isa mbantu Stephen mbuwang sipaté sing gampang nesu lan ngomong kasar?

12 Wong-wong sing gampang nesu, ngomong kasar, utawa ngenyèk wong liya kuwi isa nggawé susah kabèh anggota keluargané. Contoné, salah siji bapak saka Australia, sing jenengé Stephen, kerep misuh-misuh lan gampang nesu senajan masalahé mung sepélé. Dhèwèké kandha, ”Aku lan bojoku wis pisah omah ping telu lan arep pegatan.” Banjur, dhèwèké mulai sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah. Stephen uga ngupaya ngetrapké apa sing wis disinaoni. Dhèwèké crita nèk sakdurungé kenal Yéhuwah, dhèwèké rumangsa kaya bom sing arep mbledhos nèk ana sing marahi mangkel. Ning, sakwisé ngetrapké pathokané Alkitab, dhèwèké kandha, ”Rumah tanggaku saiki dadi nyenengké banget. Merga bantuané Yéhuwah, aku dadi wong sing alus lan apikan.” Saiki, Stephen dadi abdiné jemaat, lan bojoné wis pirang-pirang taun dadi perintis biasa. Para pinituwa ing jemaaté Stephen kandha, ”Stephen kuwi wongé menengan, andhap asor, lan nyambut gawéné tenanan.” Para pinituwa uga kandha nèk ora tau ndelok Stephen nesu. Stephen kandha nèk kuwi kabèh dudu merga upayané dhéwé. Dhèwèké kandha, ”Aku ora mungkin isa dadi wong sing kaya ngéné nèk ora dibantu karo Yéhuwah.”

13. Apa sebabé gampang nesu kuwi mbebayani? Apa naséhaté Alkitab bab kuwi?

13 Alkitab ngélingké supaya aja gampang nesu, mbengok-mbengok, lan ngomong nylekit marang wong liya. (Éf. 4:31) Kuwi isa marahi wong dadi tumindak kasar. Akèh wong saiki mikir nèk kuwi wis lumrah. Ning, kuwi kabèh sakjané tumindak sing ora ngajèni Yéhuwah. Ana akèh sedulur Kristen sing kudu nggawé owah-owahan lan ninggalké sipat-sipaté sing lawas.​—Wacanen Jabur 37:8-11.

14. Apa wong sing brangasan isa malih dadi alus?

14 Ana salah siji pinituwa ing Austria sing jenengé Hans. Koordinator badan pinituwa ing jemaaté Hans kandha, ”Hans kuwi sedulur sing paling alus.” Ning, Hans kuwi mbiyèné ora kaya ngono. Wektu isih enom, dhèwèké seneng mendem lan brangasan. Wis tau dhèwèké mendem lan ngamuk nganti matèni pacaré. Hans dipenjara 20 taun, ning kuwi tetep ora isa ngowahi tumindaké. Banjur, ibuké njaluk tulung karo salah siji pinituwa kanggo mbantu Hans sinau Alkitab. Hans kandha, ”Aku kudu ngupaya tenanan kanggo mbuwang sipat-sipat sing lawas. Aku rumangsa dikuwatké wektu maca Yésaya 55:7, sing kandha, ”Wong duraka karebèn ninggal dalané,” lan 1 Korinta 6:11, sing nyritakké bab wong-wong sing wis isa mbuwang sipat-sipaté sing lawas. Yéhuwah sabar mbantu aku nganggo roh suciné, bèn aku isa nduwé sipat-sipat sing anyar.” Akiré, Hans dibaptis ing penjara lan dibébaské sakwisé dipenjara 17 taun setengah. Hans kandha, ”Aku maturnuwun banget marang Yéhuwah merga wis ngapurani aku kanthi welas asih.”

15. Apa manèh sing klebu sipat sing lawas? Apa kandhané Alkitab bab kuwi?

15 Ngapusi kuwi uga klebu sipat sing lawas. Contoné, akèh wong ngapusi bèn ora perlu mbayar pajeg utawa ora gelem tanggung jawab marang kesalahané. Ning, Alkitab kandha nèk Yéhuwah ”iku bener”. (PT. 32:4) Mula, Yéhuwah péngin kabèh abdiné ”ngomong sing bener” lan ora ngapusi. (Éf. 4:25; Kl. 3:9) Dadi, cetha nèk kita kudu ngomong sing saktenané senajan kuwi ora gampang utawa nggawé isin.​—WB. 6:16-19.

CARANÉ BÈN MENANG

16. Apa sing isa mbantu kita nguculi sipat-sipat sing lawas?

16 Pancèn, kita ora mungkin isa nguculi sipat-sipat sing lawas nganggo kekuwatané dhéwé. Sakura, Ribeiro, Stephen, lan Hans kudu ngupaya tenanan kanggo ngowahi cara uripé sing lawas. Kuwi kabèh merga bantuan saka Alkitab lan roh suciné Yéhuwah. (Lk. 11:13; Ib. 4:12) Bèn isa suksès, kita kudu maca Alkitab saben dina, mikirké tenanan sing diwaca, sarta ajeg ndonga njaluk kawicaksanan lan kekuwatan bèn isa ngetrapké apa sing wis disinaoni. (Ys. 1:8; Ms. 119:97; 1 Ts. 5:17) Kita uga isa éntuk paédah saka Alkitab lan roh suciné Yéhuwah nèk teka ing pakumpulan ibadah lan nggawé persiapan sakdurungé. (Ib. 10:24, 25) Kita uga isa nggunakké sarana liyané saka pakumpulané Yéhuwah, contoné majalah, JW Broadcasting, JW Library, lan jw.org.​—Lk. 12:42.

Piyé carané nguculi sipat-sipat sing lawas? (Deloken paragraf 16)

17. Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

17 Kita wis ngrembug tumindak èlèk sing kudu diuculi lan dibuwang bèn isa nyenengké Yéhuwah. Ning, sakliyané kuwi kita uga kudu nganggo lan nduduhké sipat-sipat sing anyar saben dina. Ing artikel sakbanjuré, kita bakal ngrembug carané nindakké kuwi.

^ par. 7 Dudu jeneng asli.

^ par. 8 Deloken bab 25 saka buku Pertanyaan Kaum Muda—Jawaban yang Praktis, Jilid 1.