Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Tumindaké Wong Kristen sing Apikan

Tumindaké Wong Kristen sing Apikan

JOHN lan keluargané manggon ing kutha cilik ing Gujarat, India. Keluargané John kuwi agamané Katolik Roma lan sregep ngibadah. Ning, bapaké John dadi Seksi Yéhuwah ing akir taun 1950-an. Mula, bapaké John ditentang karo keluargané.

Ing sawijiné dina, John dikongkon bapaké kanggo ngeterké surat menyang kancané bapaké sing uga Seksi Yéhuwah. Ning, ésuk kuwi, drijiné John suwèk wektu mbukak drim gedhé. Senajan ngono, John tetep mangkat lan drijiné diblebed nganggo kain.

Wektu tekan nggoné, kancané bapaké ora ana ing omah, mung ana bojoné. Bojoné kuwi ya Seksi Yéhuwah. Wektu nampa surat kuwi, dhèwèké nggatèkké nèk drijiné John suwèk lan kandha nèk arep nambani. Sedulur wédok kuwi banjur njupuk kothak P3K, ngresiki lukaké, lan mblebed drijiné John. Banjur, dhèwèké nggawèkké wédang tèh kanggo John. Bar kuwi, dhèwèké ngajak John omong-omongan bab Alkitab.

Merga sedulur mau wis apikan, John dadi nduwé pikiran sing apik bab Seksi-Seksi Yéhuwah. Banjur, John ngejokké rong pitakonan bab kapracayané Seksi-Seksi Yéhuwah sing béda karo Greja Katolik. John takon apa Yésus kuwi Allah lan apa wong Kristen kuwi kudu ndonga marang Maria. Sedulur wédok kuwi isa basa Gujarat, dadi isa nerangké nganggo basané John. Dhèwèké nduduhké jawabané saka Alkitab lan mènèhi buku sing judhulé ”Kabar Kesukaan dari Kerajaan”.

Wektu maca buku kuwi, John langsung ngerti nèk kuwi ajaran sing bener. Banjur, John nemoni pastor lan takon bab rong pitakonan sing padha. Pastor kuwi nesu banget lan Alkitabé diuncalké menyang John karo mbengok, ”Kowé kuwi wis dadi Sétan! Duduhna ayat endi sing kandha nèk Yésus kuwi dudu Allah. Duduhna ayat endi sing kandha nèk Maria kuwi ora éntuk disembah. Ayo duduhna!” John kagèt banget merga tanggepané pastor kuwi kaya ngono. John kandha nèk dhèwèké ora bakal mara manèh menyang greja Katolik.

John mulai sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah, banjur dadi abdiné Yéhuwah. Akiré, ana anggota keluargané sing mulai mèlu sinau Alkitab. Nganti kira-kira 60 taun sakbanjuré, bekas lukak ing drijiné John ngélingké dhèwèké bab tumindaké wong Kristen sing apikan lan isa ndadèkké dhèwèké dadi abdiné Yéhuwah.​—2 Kr. 6:4, 6.