Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Tegesé Dadi Manungsa Rohani?

Apa Tegesé Dadi Manungsa Rohani?

’Muga-muga, Gusti Allah maringi saben wong ing antaramu pikiran sing padha kaya pikirané Kristus Yésus.’—RM. 15:5.

LAGU: 17, 13

1, 2. (a) Apa kandhané para sedulur bab nduwé pikiran rohani? (b) Pitakonan apa waé sing arep dirembug?

ANA sedulur wédok ing Kanada kandha nèk uripé luwih bungah lan isa ngatasi masalah saben dina merga nduwé pikiran rohani. Ana sedulur lanang ing Brasil sing wis urip bebojoan 23 taun kandha nèk urip bebojoané isa ayem tentrem merga dhèwèké lan bojoné nduwé pikiran rohani. Ana sedulur ing Filipina crita nèk dhèwèké ngrasa ayem tentrem lan luwih cedhak karo para sedulur saka akèh budaya lan bangsa merga nduwé pikiran rohani.

2 Kita isa éntuk akèh paédah nèk nduwé pikiran rohani. Mula, piyé carané bèn kita isa nduwé pikiran rohani? Kita kudu ngerti apa sing dikandhakké Alkitab bab manungsa rohani, yaiku wong sing pikirané dituntun roh suci lan nduwé pikiran sing padha karo Yéhuwah. Ing artikel iki, kita bakal ngrembug telung pitakonan penting iki: (1) Kaya apa manungsa rohani kuwi? (2) Tuladhané sapa sing isa mbantu kita nggawé kemajuan rohani? (3) Apa hubungané nduwé ”pikirané Kristus” karo dadi manungsa rohani?

KAYA APA MANUNGSA ROHANI KUWI?

3. Nurut Alkitab, apa bédané manungsa jasmani karo manungsa rohani?

3 Rasul Paulus mènèhi naséhat kanggo kita bèn dadi manungsa rohani. Paulus nerangké bédané manungsa rohani lan manungsa jasmani. (Wacanen 1 Korintus 2:14-16.) Manungsa jasmani ”ora nampa bab-bab sing disingkapké roh suciné Gusti Allah, merga dhèwèké nganggep kuwi tanpa guna. Dhèwèké ora isa ngerti bab-bab kuwi”. Ning, manungsa rohani ”nliti samubarang kabèh” lan ngupaya ”nduwé pikirané Kristus”. Apa manèh bédané manungsa jasmani karo manungsa rohani?

4, 5. Kaya apa manungsa jasmani kuwi?

4 Manungsa jasmani niru sikapé wong-wong ing donya iki sing mung mikirké pepénginané dhéwé. Paulus kandha nèk sikap kuwi ”mengaruhi cara mikiré wong-wong sing ora manut”. (Éf. 2:2) Wong-wong kuwi ora perduli karo pathokané Gusti Allah lan nindakké apa sing dhèwèké anggep bener. Manungsa jasmani uga nganggep nèk dhuwit, jabatan, lan haké luwih penting ketimbang apa waé.

5 Manungsa jasmani nindakké bab-bab sing disebut Alkitab ”tumindak sing dihasilké badan sing dosa”. (Gal. 5:19-21) Ing surat sing sepisanan kanggo jemaat ing Korintus, Paulus nyebutké sikap-sikap manungsa jasmani yaiku seneng padu, seneng nuntut ing pengadilan, ora seneng manut, lan ngutamakké mangan sarta ngombé ing uripé. Manungsa jasmani gampang kegodha kanggo nindakké bab sing salah. (WB. 7:21, 22) Yudas kandha nèk manungsa jasmani isa kélangan roh suciné Yéhuwah.—Yud. 18, 19.

6. Kaya apa manungsa rohani kuwi?

6 Ning, manungsa rohani ngupaya nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah lan péngin dituntun karo roh suciné. Dhèwèké sinau pandhangané Yéhuwah ing kabèh bab lan ngetrapké kuwi ing uripé. (Éf. 5:1) Dhèwèké ngrasa luwih cedhak marang Yéhuwah. Ora kaya manungsa jasmani, manungsa rohani manut kabèh pathokané Yéhuwah. (Ms. 119:33; 143:10) Dhèwèké ora nindakké ”tumindak sing dihasilké badan sing dosa” ning ngupaya kanggo nduwé ”woh sing dihasilké roh suci”. (Gal. 5:22, 23) Wong-wong sing ngajèni bab-bab rohani kuwi manungsa rohani.

7. Apa kandhané Alkitab bab wong sing nduwé pikiran rohani?

7 Yésus kandha nèk manungsa rohani kuwi uripé bungah. Matius 5:3 kandha, ”Bungah wong-wong sing mbutuhké tuntunané Gusti Allah, merga Kraton swarga bakal dadi duwèké.” Sakliyané kuwi, Roma 8:6 njelaské paédahé nduwé pikiran rohani. Ayat kuwi kandha, ”Terus mikirké pepénginan daging kuwi tegesé pati, nanging terus mikirké bab-bab sing cocog karo roh suci kuwi tegesé urip lan katentreman.” Dadi, nèk kita nduwé pikiran rohani, kita isa nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah lan nduwé rasa ayem tentrem sarta nduwé pangarep-arep urip saklawasé.

8. Apa sebabé angèl kanggo terus nduwé pikiran rohani?

8 Kita kudu njaga pikiran merga kita urip ing antarané wong-wong sing ora perduli karo pathokané Yéhuwah. Nèk ora, kita bakal dipengaruhi karo sikap lan pikirané wong-wong ing donya iki. Dadi, piyé carané kita isa nduwé pikiran sing rohani lan terus nggawé kemajuan rohani?

SINAU SAKA TULADHA SING APIK

9. (a) Apa sing isa mbantu kita bèn nduwé pikiran rohani? (b) Kita bakal ngrembug conto-conto saka sapa?

9 Kaya cah cilik sing perlu sinau lan niru tuladha sing apik saka wong tuwané, kita uga kudu sinau lan niru para abdiné Yéhuwah sing setya. Kuwi isa mbantu kita nduwé pikiran rohani lan ora nindakké bab-bab sing mentingké awaké dhéwé. (1 Kor. 3:1-4) Alkitab njelaské conto-conto sing apik lan sing èlèk. Saiki ayo digatèkké conto-conto sing apik saka Yakub, Maria, lan Yésus sing isa kita tiru.

Apa sing isa disinaoni saka Yakub? (Deloken paragraf 10)

10. Apa sing nduduhké nèk Yakub nduwé pikiran rohani?

10 Yakub urip ing antarané wong-wong sing ora perduli karo pathokané Yéhuwah. Contoné, Ésau, kakangé péngin matèni dhèwèké. Bapak maratuwané uga ngapusi dhèwèké. Ning, Yakub yakin janjiné Yéhuwah marang Abraham. (Pd. 28:10-15) Yakub ngupaya tetep ngéling-éling janjiné Yéhuwah. Yakub ngerti nèk keluargané bakal dadi bagéan saka janjiné Yéhuwah. Mula dhèwèké tenanan ngopèni keluargané. Contoné, Yakub ndonga marang Yéhuwah bèn slamet wektu ngira nèk arep dipatèni masé. Dhèwèké ndonga, ”Paduka rak sampun ngandika: Ingsun mesthi bakal mbeciki sira lan turunira bakal Sundadèkaké kaya wedhiné sagara.” (Pd. 32:6-12) Yakub nduwé iman sing kuwat marang janji-janjiné Yéhuwah. Kuwi kétok saka tumindaké.

Apa sing isa disinaoni saka Maria? (Deloken paragraf 11)

11. Apa buktiné nèk Maria kuwi wong sing nduwé pikiran rohani?

11 Saiki kita arep ngrembug tuladhané Maria sing dipilih Yéhuwah dadi ibuné Yésus merga nduwé pikiran rohani. Gatèkna kandhané Maria wektu mara ing omahé Zakharia lan Élisabèt. (Wacanen Lukas 1:46-55.) Tembung-tembungé Maria nduduhké nèk dhèwèké nresnani Sabdané Gusti Allah lan ngerti tenan isiné Kitab-Kitab Ibrani. (Pd. 30:13; 1 Sa. 2:1-10; Ml. 3:12) Sakwisé nikah karo Yusuf, wong loro kuwi ora hubungan sèks nganti Yésus lair. Wong loro kuwi nganggep nèk tugas saka Yéhuwah luwih penting timbang pepénginané dhéwé. (Mat. 1:25) Maria uga nggatèkké kabèh kedadéan ing uripé Yésus lan ngrungokké apa sing diwulangké Yésus. Maria ”nyimpen kabèh omongan kuwi ing njero atiné”. (Luk. 2:51) Cetha banget nèk Maria percaya tenan karo janjiné Yéhuwah bab Mèsias. Apa kita isa niru Maria lan terus ngupaya nindakké kersané Yéhuwah?

12. (a) Piyé carané Yésus niru Bapaké? (b) Piyé kita isa niru Yésus? (Deloken gambar ing kaca 16.)

12 Yésus kuwi manungsa paling rohani ing bumi. Yésus nindakké kersané Yéhuwah lan manut pathokan-pathokané. Yésus uga niru Bapaké, kuwi kétok saka cara mikiré, perasaané, lan tumindaké. (Yoh. 8:29; 14:9; 15:10) Contoné, bandhingna apa sing diterangké Zakharia bab welas asihé Yéhuwah karo apa sing diterangké Markus bab welas asihé Yésus. (Wacanen Zakharia 2:8; Markus 6:34.) Apa kita niru welas asihé Yésus lan siap mbantu wong liya? Apa kita uga sibuk martakké lan mulangké kabar apik kaya Yésus? (Luk. 4:43) Wong sing nduwé pikiran rohani bakal niru sikap lan tumindaké Yésus.

13, 14. (a) Apa sing isa kita tiru saka wong-wong sing nduwé pikiran rohani ing jaman saiki? (b) Wènèhana conto.

13 Saiki, akèh sedulur-sedulur sing ngupaya niru Yésus. Para sedulur semangat wektu nginjil, loma, lan nduduhké welas asih. Senajan ora sampurna, para sedulur kuwi ngupaya nduwé sipat-sipat sing apik lan nindakké kersané Yéhuwah. Contoné, sedulur wédok ing Brasil sing jenengé Rachel kandha, ”Aku seneng niru modèl klambiné wong donya sing ora pantes ditiru. Ning sakwisé sinau Alkitab, aku péngin nggawé owah-owahan bèn dadi manungsa rohani. Kuwi ora gampang, ning saiki aku dadi luwih bungah lan nduwé tujuan urip.”

14 Sedulur wédok ing Filipina sing jenengé Reylene nduwé masalah sing béda manèh. Senajan wis sinau Alkitab, dhèwèké tetep péngin ngoyak pendidikan lan jabatan. Dadiné ora ngutamakké bab rohani manèh. Reylene kandha, ”Saya suwé aku ngrasa ana sing kurang ing uripku. Aku sadhar nèk ana sing luwih penting timbang gawéanku.” Mula, Reylene ngowahi pilihané lan mulai ngutamakké Yéhuwah. Saiki Reylene percaya janjiné Yéhuwah ing Matius 6:33, 34, nèk Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané. Panjenengan mungkin ngerti ana sedulur-sedulur sing nduwé pandhangan kaya Reylene ing jemaat panjenengan. Tirunen tuladhané para sedulur kuwi sing niru Yésus.—1 Kor. 11:1; 2 Tés. 3:7.

NIRU ”PIKIRANÉ YÉSUS”

15, 16. (a) Apa sing kita butuhké bèn isa niru Yésus? (b) Piyé kita isa nduwé pikirané Yésus?

15 Piyé carané kita isa niru Yésus? Ing 1 Korintus 2:16 kandha nèk kita perlu nduwé ”pikirané Yésus”. Roma 15:5 uga ngandhakké bèn kita nduwé ”pikiran sing padha kaya pikirané Kristus Yésus”. Mula, kita kudu ngerti tenan cara mikiré, perasaané, lan tumindaké Yésus. Apa sebabé iki penting? Yésus ngutamakké hubungané karo Yéhuwah. Dadi nèk kita niru Yésus, kita isa luwih cedhak karo Yéhuwah.

16 Piyé kita isa niru pikirané Yésus? Para muridé Yésus ndelok langsung wektu Yésus nggawé mukjijat, wektu mulang, wektu manut pathokané Yéhuwah sarta tumindaké sing apikan marang kabèh wong. Para rasul kandha, ”Aku kabèh dadi seksi saka kabèh sing dhèwèké tindakké.” (Kis. 10:39) Saiki, kita ora isa ndelok Yésus. Ning, kita isa kenal Yésus lan ngerti pikirané Yésus kanthi cara maca lan mikirké buku Matius, Markus, Lukas, lan Yohanes. Hasilé, kita isa ’niru kanthi tliti’ lan ”mikir miturut carané Kristus”.—1 Ptr. 2:21; 4:1.

17. Apa paédahé niru pikirané Yésus?

17 Apa paédahé nèk kita niru pikirané Yésus? Padha kaya nèk maem panganan sing séhat awak kita isa séhat, semono uga iman kita isa kuwat nèk terus niru pikirané Yésus. Saya suwé, kita bakal ngerti apa sing Yésus tindakké ing kahanan apa waé lan kita isa nggawé keputusan sing wicaksana. Hasilé kita bakal nyenengké Yéhuwah lan nduwé hati nurani sing resik. Kita pancèn kudu niru cara mikiré Yésus.—Rm. 13:14.

18. Apa waé sing wis panjenengan sinaoni bab dadi manungsa rohani?

18 Kita wis ngerti apa tegesé dadi manungsa rohani lan wis sinau tuladhané wong-wong sing dituntun roh suci. Kita uga wis sinau, nèk nduwé ”pikirané Kristus” kita isa mikir kaya carané Yéhuwah mikir lan mbantu kita luwih cedhak marang Yéhuwah. Ning ana sing kudu kita sinaoni, contoné apa kita nduwé pikiran rohani? Apa manèh sing kudu ditindakké bèn isa nggawé kemajuan rohani? Apa pengaruhé kuwi ing urip saben dina? Bab iki bakal dirembug ing artikel sakbanjuré.