Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Yakub dadi leluhuré Mèsias merga éntuk hak dadi anak mbarep saka Ésau?

Pitakonané sing Maca

Pitakonané sing Maca

Ing jaman Israèl, apa kudu anak mbarep sing isa dadi leluhuré Mèsias?

Mbiyèn kita nganggep nèk kuwi bener, merga Ibrani 12:16 kandha nèk Ésau ”ora ngajèni perkara-perkara sing suci” lan mènèhké marang Yakub ”hak-haké dadi anak mbarep mung kanggo sak porsi panganan”. Dadi, Yakub dianggep nampa ’hak-hak dadi anak mbarep’, klebu kaurmatan dadi leluhuré Mèsias.—Mat. 1:2, 16; Luk. 3:23, 34.

Nèk tenanan sinau Alkitab, kita bakal ngerti nèk ora perlu dadi anak mbarep bèn isa dadi leluhuré Mèsias. Ayo digatèkké bukti-buktiné:

Anak mbarepé Yakub lan Léa yaiku Rubèn. Terus, anak mbarepé Yakub karo Rakhèl kuwi Yusuf. Wektu Rubèn tumindak bejat, dhèwèké kélangan haké dadi anak mbarep, lan kuwi diwènèhké Yusuf. (Pd. 29:31-35; 30:22-25; 35:22-26; 49:22-26; 1 Bb. 5:1, 2) Ning tetep waé, Mèsias asalé ora liwat Rubèn utawa Yusuf. Mèsias asalé saka keturunan Yéhuda, yaiku anaké Yakub lan Léa sing nomer papat.—Pd. 49:10.

Cathetan ing Lukas 3:32 nyritakké nèk ana lima leluhuré Mèsias, lan kétoké saben wong kuwi anak mbarep. Contoné, Boas kuwi bapaké Obèd lan Obèd bapaké Isai.—Rt. 4:17, 20-22; 1 Bb. 2:10-12.

Dawud kuwi dudu anak mbarepé Isai, ning anak nomer wolu. Ning, Mèsias asalé saka keturunané Dawud. (1 Sa. 16:10, 11; 17:12; Mat. 1:5, 6) Semono uga, Mèsias asalé saka keturunané Salomo, senajan Salomo dudu anak mbarepé Dawud.—2 Sa. 3:2-5.

Iki dudu tegesé nèk dadi anak mbarep kuwi ora penting. Anak mbarep nampa kaurmatan sing ora ditampa anak-anak liyané. Misalé, dhèwèké dadi kepala keluarga sakbanjuré lan nampa warisan ping pindhoné anak-anak liyané.—Pd. 43:33; PT. 21:17; Ys. 17:1.

Hak dadi anak mbarep isa diwènèhké marang anak liyané. Wektu Abraham ngongkon Ismaèl lunga, haké dadi anak mbarep diwènèhké marang Iskak. (Pd. 21:14-21; 22:2) Kaya sing wis dirembug mau, haké Rubèn dadi anak mbarep diwènèhké marang Yusuf.

Dadi, apa maksudé ayat sing ditulis Paulus ing Ibrani 12:16? Ayat kuwi kandha, ”Lan waspadaa supaya ing antaramu aja ana wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah, utawa sing ora ngajèni perkara-perkara sing suci, kaya Ésau, sing masrahké hak-haké dadi anak mbarep mung kanggo sak porsi panganan.”

Ing ayat kuwi, Paulus ora lagi ngrembug leluhuré Mèsias. Ning Paulus lagi ngélingké wong Kristen, kandhané, ”Terus mlakua lurus nganggo sikilmu. . . supaya aja nganti ana sing gagal nampa welas asihé Gusti Allah sing nggumunké.” Sayangé, ana akèh wong sing gagal merga tumindak bejat. (Ibr. 12:12-16) Wong-wong kuwi kaya Ésau sing ”ora ngajèni perkara-perkara sing suci”, ning malah ngutamakké pepénginané dhéwé.

Kaya kebiasaan ing jaman mbiyèn, kadhang Ésau éntuk kaurmatan kanggo mènèhké kurban marang Yéhuwah. (Pd. 8:20, 21; 12:7, 8; Ay. 1:4, 5) Ning, Ésau ngutamakké pepénginané dhéwé nganti akiré mènèhké kaurmatan dadi anak mbarep kanggo sak porsi bubur. Mbokmenawa Ésau ora péngin sengsara merga Yéhuwah wis ngendika nèk keturunané Abraham bakal sengsara. (Pd. 15:13) Ésau uga ora ngajèni bab-bab sing suci wektu nikah karo wong wédok loro sing dudu abdiné Yéhuwah, kuwi nggawé wong tuwané sedhih. (Pd. 26:34, 35) Kuwi béda banget karo Yakub sing milih nikah karo abdiné Yéhuwah.—Pa. 28:6, 7; 29:10-12, 18.

Apa sing isa kita sinaoni bab leluhuré Mèsias? Ana sing anak mbarep uga ana sing ora. Iki katrangan sing ditampa lan dipahami wong Yahudi. Apa buktiné? Merga wong-wong kuwi ngakoni nèk Kristus keturunané Dawud yaiku anak ragilé Isai.—Mat. 22:42.