Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apik Ati—Sipat sing Diduduhké liwat Omongan lan Tumindak

Apik Ati—Sipat sing Diduduhké liwat Omongan lan Tumindak

KITA mesthi seneng banget nèk ana sing apikan karo kita. Kuwi bukti nèk wong mau perduli karo kita. Mula, piyé carané bèn kita isa nduduhké sipat apik ati?

Wong sing apikan kuwi tenanan perduli karo wong liya, lan kuwi kétok saka omongan lan tumindaké. Dhèwèké nindakké kuwi merga sayang lan ngertèni perasaané wong liya. Sipat apik ati kuwi ya bagéan saka woh sing dihasilké roh suci. (Gal. 5:22, 23) Yéhuwah péngin kita nduduhké sipat kuwi. Kita bakal nggatèkké tuladhané Yéhuwah lan Yésus sing nduduhké sipat apik ati, lan carané kita isa niru.

TULADHA SAKA YÉHUWAH

Yéhuwah apikan karo kabèh wong, klebu ”wong sing jahat lan wong sing ora nduwé rasa matur nuwun”. (Luk. 6:35) Contoné, Yéhuwah ”nggawé srengéngé mlethèk kanggo wong sing jahat lan wong sing apik, uga nggawé udan kanggo wong sing bener lan wong sing ora bener”. (Mat. 5:45) Dadi, senajan ana sing ora percaya nèk Yéhuwah kuwi Pencipta, wong-wong mau tetep isa ngrasakké nèk Yéhuwah apikan.

Yéhuwah nduduhké sipat apik ati sing luar biasa marang Adam lan Hawa. Sakwisé nggawé dosa, Adam lan Hawa ”nggandhèng-nggandhèng godhong anjir kanggo nutupi awaké”. Ning, Yéhuwah ngerti nèk Adam lan Hawa butuh pakaian sing isa nglindhungi merga ing njaba Taman Èden akèh ”eri lan rerungkudan”. Mula, Yéhuwah nggawé ”sandhangan saka welulang [utawa, kulit kéwan]” kanggo Adam lan Hawa.​—Pd. 3:7, 17, 18, 21, Basa Jawi Padintenan.

Senajan apikan karo ”wong sing jahat lan wong sing apik”, Yéhuwah khususé apikan karo para abdiné sing setya. Contoné, wektu ana malaékat sing sedhih merga bangsa Israèl mandheg mbangun bait ing Yérusalèm, Yéhuwah ngrungokké malaékat mau lan njawab nganggo ”tetembungan kang kapénak lan nglipur”. (Za. 1:12, 13) Conto liyané yaiku Nabi Élia. Merga ngrasa dhèwèkan lan strès banget, Nabi Élia kandha karo Yéhuwah nèk péngin mati waé. Yéhuwah nduduhké nèk perduli karo perasaané Élia lan ngutus malaékat kanggo nguwatké dhèwèké. Yéhuwah ya njamin nèk Élia ora dhèwèkan. Kuwi nyemangati Élia kanggo nglanjutké tugasé. (1 Ra. 19:1-18) Saiki, ayo ngrembug soal abdiné Yéhuwah sing bener-bener niru sipat apik atiné Yéhuwah.

TULADHA SAKA YÉSUS

Wektu ing bumi, wong-wong isa ngrasakké nèk Yésus apikan. Yésus ora tau kasar utawa meksa wong-wong bèn nurut dhèwèké. Yésus perduli karo wong liya. Yésus kandha, ’Hé, kowé kabèh sing kesel lan mikul beban sing abot, padha mrénéa. Aku bakal nggawé kowé seger manèh. Pasanganku kuwi gampang dipikul.’ (Mat. 11:28-30) Merga mesakké, Yésus mènèhi panganan, marèkké wong lara, lan mulang wong-wong soal Yéhuwah. (Mrk. 6:34; Mat. 14:14; 15:32-38) Mula, akèh wong sing seneng ngetutké Yésus.

Yésus apikan lan ngertèni perasaané wong liya. Senajan arep ngaso, Yésus tetep gelem nulungi wong-wong sing marani dhèwèké. (Luk. 9:10, 11) Ana wong wadon sing wis lara pendarahan 12 taun ndemèk pakaiané Yésus merga péngin dimarèkké. Nurut Hukum Musa, wong wadon mau ora éntuk ndemèk wong liya merga dhèwèké najis. (Km. 15:25-28) Ning, Yésus ora nesu. Yésus mesakké lan ngerti nèk wong wadon kuwi kewedèn. Yésus kandha, ”Ndhuk, imanmu wis nggawé kowé mari. Lungaa kanthi tentrem. Kowé wis mari saka penyakitmu sing nggawé kowé sengsara.” (Mrk. 5:25-34) Yésus apikan banget.

WONG SING APIKAN SENENG NULUNGI WONG LIYA

Saka conto-conto mau, kita isa ngerti nèk wong sing nduwé sipat apik ati bakal seneng nulungi wong liya. Yésus nduduhké pentingé sipat iki wektu nyritakké perumpamaan soal wong Samaria sing apikan. Ana wong Yahudi sing dirampok, digebugi nganti arep mati, terus ditinggal ing pinggir dalan. Senajan wektu kuwi wong Samaria lan wong Yahudi ora rukun, ana wong Samaria sing lagi liwat dalan kuwi ngrasa mesakké lan akhiré nulungi wong Yahudi mau. Wong Samaria kuwi ngresiki luka-lukané lan nggawa wong Yahudi mau ing penginepan. Dhèwèké mbayar wong sing nduwé penginepan kanggo ngrawat wong kuwi, malah gelem mènèhi dhuwit manèh nèk kurang.​—Luk. 10:29-37.

Sipat apik ati bakal mbantu kita nguwatké lan ngertèni perasaané wong liya. Iki isa kétok saka omongan lan tumindak kita. Alkitab kandha, ”Sumelanging ati ndadèkaké wungkuking wong, nanging pitembungan kang becik iku ndadèkaké senengé atiné.” (WB. 12:25) Kita isa nduduhké sipat apik ati lan apikan wektu nguwatké wong liya liwat omongan. * (Deloken cathetan ing ngisor.) Wong kuwi bakal seneng merga ngrasakké nèk kita perduli, lan dhèwèké bakal luwih kuwat wektu ngadhepi masalah.​—WB. 16:24.

CARANÉ NDUDUHKÉ SIPAT APIK ATI

Kita isa nduduhké sipat apik ati merga kita digawé nurut gambaré Gusti Allah. (Pd. 1:27) Contoné, ana perwira Romawi sing jenengé Yulius dikongkon nggawa Rasul Paulus menyang Roma. Dhèwèké ’apikan banget marang Paulus lan ngijinké Paulus marani kanca-kancané supaya isa nampa bantuan saka kanca-kancané’ ing kutha Sidon. (Kis. 27:3) Wektu ngalami kapal kèrem, Paulus lan wong liyané ditulungi karo penduduk Malta sing ”apikan banget”. Penduduk Malta nganti nggawé api unggun bèn wong-wong kuwi ora kadhemen. (Kis. 28:1, 2) Yulius lan penduduk Malta nduduhké sipat apik ati. Ning, kanggo nyenengké Yéhuwah kita kudu terus nduduhké sipat apik ati, ora mung kadhang-kadhang thok.

Yéhuwah péngin kita nduwé sipat apik ati. Kuwi sebabé Yéhuwah péngin kita nduduhké sipat kuwi saben dina. (Kol. 3:12) Ning, kuwi ora mesthi gampang merga kita mungkin isin utawa rada égois. Kita mungkin ya kangèlan nduduhké sipat kuwi karo wong sing njahati kita. Ning, Yéhuwah mesthi bakal mbantu kita nduduhké sipat kuwi nèk kita ndonga njaluk roh suci lan ngupaya niru Yéhuwah.​—1 Kor. 2:12.

Piyé carané nduduhké sipat apik ati? Kita isa mikir, ’Wektu ana sing crita karo aku, apa aku ngrungokké tenanan lan ngupaya ngertèni perasaané? Apa aku perduli karo wong liya? Apa aku apikan karo wong liya sing dudu sedulur utawa kancaku?’ Terus, kita ya kudu ngupaya luwih akrab karo wong liya, khususé para sedulur ing jemaat, bèn isa ngerti masalah lan bantuan sing dibutuhké karo para sedulur mau. Kaya kita ya péngin dibantu wektu ngalami masalah, kita ngupaya kanggo mènèhi bantuan sing cocog. (Mat. 7:12) Kita ya kudu njaluk bantuané Yéhuwah. Yéhuwah bakal mberkahi kita merga ngupaya dadi wong sing apikan.​—Luk. 11:13.

PENGARUHÉ SIPAT APIK ATI KANGGO WONG LIYA

Sipat apik ati kuwi salah siji sipat sing nggawé Rasul Paulus dadi abdiné Yéhuwah sing apik. (2 Kor. 6:3-6) Akèh wong sing seneng karo Paulus merga omongané sing nguwatké lan tumindaké sing apikan. (Kis. 28:30, 31) Sipat apik ati sing kita duduhké isa waé nggawé wong-wong dadi kepéngin sinau Alkitab. Nèk nduduhké sipat apik ati marang wong-wong sing njahati kita, mungkin wong-wong mau gelem berubah lan akhiré gelem sinau Alkitab.​—Rm. 12:20.

Kabèh wong sing manggon ing Firdaus bakal nduduhké sipat apik ati. Wong-wong sing diuripké manèh bakal ngrasakké manfaat saka sipat apik ati, isa waé kanggo pertama kaliné. Akhiré, wong-wong kuwi ya bakal nduduhké sipat apik ati karo wong liya. Wong-wong sing ora gelem nduduhké sipat apik ati bakal disirnakké. Dadi, sing urip sakterusé ing Firdaus kuwi mung wong-wong sing nduduhké sipat apik ati. (Ms. 37:9-11) Keadaané mesthi bener-bener aman lan nyenengké. Ning, apa manfaaté nèk nduduhké sipat kuwi saiki?

MANFAATÉ NDUDUHKÉ SIPAT APIK ATI

Alkitab kandha, ”Wong kang ambek darma [utawa, apik ati] mbeciki awaké dhéwé.” (WB. 11:17) Wong-wong seneng karo wong sing apikan lan bakal nduduhké sipat apik ati karo wong kuwi. Yésus kandha, ”Takeran sing kok enggo naker wong liya bakal digunakké kanggo naker kowé.” (Luk. 6:38) Wong sing apikan bakal gampang nggolèk kanca lan tetep kekancan kanggo sakterusé.

Rasul Paulus ngandhani jemaat ing Éfésus bèn ”apikan karo siji lan sijiné, nduwé welas asih, lan kanthi saktulusé ati ngapurani siji lan sijiné”. (Éf. 4:32) Nèk kabèh sedulur ing jemaat nduduhké sipat apik ati, jemaat isa tetep rukun. Kita ora bakal nyacad sedulur liya, nggosip, utawa ngomong sing nylekit senajan mung guyon. Malah, omongan kita kudu nguwatké wong liya. (WB. 12:18) Hasilé, para sedulur bakal seneng wektu ngabdi marang Yéhuwah.

Kita wis ngerti nèk sipat apik ati kudu diduduhké liwat omongan lan tumindak. Nèk nduduhké sipat apik ati, kuwi berarti kita niru Yéhuwah sing apikan. (Éf. 5:1) Sipat iki nggawé jemaat tetep rukun lan nggawé wong liya kepéngin ngabdi marang Yéhuwah. Mula, kita kudu ngupaya nduduhké nèk Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi wong sing apikan.

^ par. 13 Sipat apikan bakal dirembug ing artikel sakbanjuré saka sèri artikel ”woh sing dihasilké roh suci”.