Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Nganggep Berharga ”Apa sing Wis Didadèkké Siji karo Gusti Allah”

Nganggep Berharga ”Apa sing Wis Didadèkké Siji karo Gusti Allah”

”Apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.”​—MRK. 10:9.

LAGU: 131, 132

1, 2. Naséhat apa sing ditulis ing Ibrani 13:4?

YÉHUWAH pantes diajèni. Nèk kita ngajèni Yéhuwah, Yéhuwah ya bakal ngajèni kita. (1 Sa. 2:30; WB. 3:9; Why. 4:11) Yéhuwah ya péngin kita ngajèni wong liya, contoné pejabat pamréntahan. (Rm. 12:10; 13:7) Ning, ana liyané manèh sing kudu diajèni yaiku urip bebojoan.

2 Rasul Paulus kandha, ”Urip bebojoan kuwi kudu diajèni karo kabèh wong lan ora éntuk digawé najis.” (Ibr. 13:4) Paulus ngandhani wong Kristen bèn ngajèni urip bebojoan. Kuwi maksudé kita kudu nganggep urip bebojoan berharga. Apa panjenengan nduwé pandhangan sing padha?

3. Apa kandhané Yésus soal urip bebojoan? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

3 Nèk nganggep urip bebojoan berharga, berarti panjenengan niru Yésus. Wektu ditakoni wong Farisi soal pegatan, Yésus nyebutké pandhangané Yéhuwah soal urip bebojoan, ”Wong lanang bakal ninggalké bapaké lan ibuné, lan loro-loroné kuwi bakal dadi siji [utawa, ”sak daging”, cathetan ngisor].” Yésus ya kandha, ”Apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.”​—Wacanen Markus 10:2-12; Pd. 2:24.

4. Yéhuwah péngin bèn urip bebojoan kuwi piyé?

4 Yésus ngerti nèk Yéhuwah sing nggawé urip bebojoan lan péngin wong bebojoan tetep setya karo bojoné. Wektu nggawé urip bebojoan sing sepisanan, Yéhuwah ora kandha nèk Adam lan Hawa isa pegatan. Ning, Yéhuwah péngin bèn urip bebojoan kuwi kanggo saklawasé.

KEADAAN SING MENGARUHI URIP BEBOJOAN

5. Apa pengaruhé kematian kanggo urip bebojoan?

5 Keadaané berubah sakwisé Adam nggawé dosa. Salah sijiné yaiku manungsa dadi isa mati, lan kuwi ana pengaruhé kanggo urip bebojoan. Rasul Paulus kandha nèk wong sing ditinggal mati bojoné wis ora nduwé ikatan manèh karo bojoné kuwi lan éntuk nikah manèh.​—Rm. 7:1-3.

Saka Hukum Musa, kita isa ngerti nèk Yéhuwah nganggep urip bebojoan berharga

6. Saka Hukum Musa, piyé pandhangané Yéhuwah soal urip bebojoan?

6 Hukum Musa ya nyebutké pengaturan soal urip bebojoan. Contoné, wong lanang Israèl isa nduwé bojo luwih saka siji. Kebiasaan iki sakjané wis ana sakdurungé Yéhuwah mènèhi hukum kuwi. Ning, liwat Hukum Musa Yéhuwah nglindhungi wong wadon lan bocah-bocah saka tumindak ora adil. Misalé, nèk ana wong lanang Israèl sing nikah karo budhak terus dhèwèké nikah manèh, Yéhuwah péngin wong lanang kuwi tetep nyukupi kebutuhané bojoné sing pertama. (Pa. 21:9, 10) Hukum Musa pancèn wis ora digunakké manèh saiki. Ning, saka hukum kuwi, kita isa ngerti nèk Yéhuwah nganggep urip bebojoan berharga. Kuwi mbantu kita bèn nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah.

7, 8. (a) Apa kandhané Pangandharing Torèt 24:1 soal pegatan? (b) Piyé pandhangané Yéhuwah soal pegatan?

7 Hukum Musa ya ngomongké soal pegatan. Yéhuwah sakjané ora péngin wong bebojoan pegatan. Ning, Hukum Musa ngéntukké wong lanang Israèl megat bojoné nèk ”kabuktèn ana tindaké kang ora pantes”. (Wacanen Pangandharing Torèt 24:1.) Hukum Musa ora njelaské sing dimaksud ’tindak kang ora pantes’. Ning, kuwi mesthi dudu masalah sing sepélé. (PT. 23:14) Wektu Yésus urip ing bumi, akèh wong lanang Yahudi sing megat bojoné ”nganggo alesan apa waé”. (Mat. 19:3) Kita kuduné ora niru wong-wong kuwi.

8 Ing jamané Nabi Maléakhi, akèh wong lanang Israèl sing megat bojoné merga péngin nikah manèh karo wong wadon sing luwih enom lan ora nyembah Yéhuwah. Ning, Yéhuwah kandha, ”Ingsun sengit marang pegatan.” (Ml. 2:14-16) Wektu nyiptakké Adam lan Hawa, Yéhuwah péngin bèn wong lanang ”rumaket marang bojoné, sarta sakaroné iku bakal dadi daging siji”. (Pd. 2:24) Yésus ya setuju karo Yéhuwah. Mula, Yésus kandha, ”Apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.”​—Mat. 19:6.

ALESAN SING SAH KANGGO PEGATAN

9. Apa naséhaté Yésus sing ditulis ing Markus 10:11, 12?

9 Mungkin ana sing takon, ’Apa wong Kristen isa pegatan lan nikah manèh?’ Gatèkna kandhané Yésus, ”Nèk wong lanang megat bojoné lan nikah karo wong liya, dhèwèké laku jina lan ora setya marang bojoné. Lan nèk wong wadon megat bojoné lan nikah karo wong liya, dhèwèké uga laku jina.” (Mrk. 10:11, 12; Luk. 16:18) Yésus nganggep urip bebojoan berharga lan péngin wong liya nduwé pandhangan sing padha. Nèk ana wong lanang sing megat bojoné terus nikah manèh, padahal bojoné ora laku jina, artiné wong lanang mau nindakké laku jina. Iki ya berlaku kanggo wong wadon. Senajan isa pegatan, Gusti Allah nganggep wong loro kuwi isih ”sak daging”. Yésus kandha nèk wong lanang megat bojoné, padahal bojoné ora laku jina, kuwi bahaya kanggo sing wadon. Wong wadon sing dipegat kuwi mungkin rumangsa kudu nikah manèh kanggo nyukupi kebutuhan uripé. Nèk nganti nikah manèh, wong wadon kuwi padha karo nindakké laku jina.

10. Apa alesan sing sah kanggo wong Kristen isa pegatan lan nikah manèh?

10 Yésus ngandhani nèk mung ana siji alesan kanggo pegatan. Yésus kandha, ”Nèk ana wong sing megat bojoné sakliyané merga hubungan sèks sing ora sah, banjur nikah karo wong liya, kuwi tegesé wong kuwi laku jina.” (Mat. 19:9) Yésus ya nyebutké soal kuwi wektu nyampèkké Ceramah ing Gunung. (Mat. 5:31, 32) Yésus ping pindho nyebutké ”hubungan sèks sing ora sah”. Hubungan sèks sing ora sah kuwi klebu homosèksual, hubungan sèks karo kéwan, hubungan sèks ing antarané wong sing durung nikah, pelacuran, lan selingkuh. Nèk ana wong lanang sing nindakké hubungan sèks sing ora sah, bojoné éntuk mutuské arep pegatan apa ora. Nèk mutuské kanggo pegatan, wong wadon mau isa nikah manèh.

11. Apa sing mungkin dadi alesané wong Kristen ora gelem pegatan senajan bojoné nindakké hubungan sèks sing ora sah?

11 Ning, Yésus ora kandha nèk wong sing bojoné nindakké hubungan sèks sing ora sah kudu pegatan. Contoné, mungkin ana wong wadon sing ora gelem pegatan senajan bojoné nindakké hubungan sèks sing ora sah. Kenapa? Dhèwèké mungkin isih sayang lan gelem ngapura bojoné. Nèk pegatan lan ora nikah manèh, wong wadon kuwi isa waé bakal ngadhepi kesusahan. Contoné, piyé dhèwèké isa nyukupi kebutuhan uripé? Apa dhèwèké bakal kesepian? Apa pengaruhé kanggo bocah-bocah? Apa dhèwèké isa ndhidhik bocah-bocah bèn ngabdi karo Yéhuwah? (1 Kor. 7:14) Kuwi nduduhké nèk wong sing pegatan bakal tetep ngadhepi kesusahan.

12, 13. (a) Apa sing dialami Hoséa? (b) Apa sebabé Hoséa gelem ngapura Gomèr, lan apa sing isa disinaoni?

12 Kita isa ngerti pandhangané Yéhuwah soal urip bebojoan saka pengalamané Nabi Hoséa. Yéhuwah ngongkon Hoséa nikah karo Gomèr sing bakal dadi ”wong wadon tuna-susila”. Senajan Gomèr lan Hoséa nduwé anak lanang, Hoséa ya bakal nduwé ”anak-anak turuné wong wadon tuna-susila”. (Hs. 1:2, 3) Kuwi merga Gomèr nduwé anak-anak sing kayané hasil hubungan sèks karo wong liya. Senajan Gomèr bola-bali selingkuh, Hoséa ora megat dhèwèké. Akhiré, Gomèr ninggalké Hoséa lan dadi budhak. Ning, wong wadon kuwi dituku manèh karo Hoséa. (Hs. 3:1, 2) Yéhuwah nggunakké pengalamané Hoséa kanggo nduduhké nèk Dhèwèké gelem ngapura bangsa Israèl sing nyembah allah-allah liya. Apa manèh sing isa disinaoni?

13 Wong Kristen sing bojoné nindakké hubungan sèks sing ora sah isa mutuské arep pegatan apa ora. Yésus kandha nèk wong kuwi nduwé alesan sing sah kanggo pegatan lan nikah manèh. Ning, wong kuwi ya ora salah nèk gelem ngapura bojoné. Sakwisé Gomèr dijak bali karo Hoséa, dhèwèké dikandhani bèn ora selingkuh manèh. Hoséa ora nindakké hubungan sèks karo Gomèr kanggo sementara. (Hs. 3:3) Ning akhiré, Hoséa mesthi nindakké hubungan sèks manèh karo bojoné kuwi. Iki nduduhké nèk Yéhuwah gelem ngapura lan nrima bangsa Israèl dadi umaté manèh. (Hs. 1:11; 3:3-5) Apa sing isa disinaoni kanggo urip bebojoan? Nèk ana wong sing gelem nindakké hubungan sèks manèh karo bojoné sing ora setya, kuwi berarti dhèwèké wis ngapura bojoné. (1 Kor. 7:3, 5) Wong kuwi wis ora nduwé alesan sing sah kanggo pegatan lan kudu ngupaya bèn isa tetep setya.

TETEP RUKUN SENAJAN NGADHEPI MASALAH

14. Nurut 1 Korintus 7:10, 11, apa sing mungkin diadhepi wong bebojoan?

14 Kaya Yéhuwah lan Yésus, kita kudu nganggep urip bebojoan berharga. Ning, kadhang kala kuwi angèl merga kita ora sampurna. (Rm. 7:18-23) Mula, ana wong Kristen ing jaman mbiyèn sing ngadhepi masalah ing urip bebojoan. Ana sing nganti pisahan, padahal Paulus kandha nèk ”wong wadon ora olèh pisah saka bojoné”.​—Wacanen 1 Korintus 7:10, 11.

Apa sing isa ditindakké wektu ngadhepi masalah ing urip bebojoan? (Deloken paragraf 15)

15, 16. (a) Nèk wong bebojoan ngadhepi masalah, apa sing kudu ditindakké? Apa sebabé? (b) Apa sing kudu ditindakké wong Kristen sing bojoné ora seiman wektu ngadhepi masalah?

15 Paulus ora njelaské keadaan apa waé sing isa nggawé wong bebojoan éntuk pisahan. Ning, masalahé mesthi dudu ”hubungan sèks sing ora sah” merga wong sing ngalami kaya ngono isa pegatan lan nikah manèh. Paulus kandha nèk wong wadon sing pisah saka bojoné ’kudu tetep ora nikah utawa kudu rukun manèh karo bojoné’. Gusti Allah isih nganggep wong loro kuwi ”sak daging”. Nèk masalahé dudu hubungan sèks sing ora sah, wong bebojoan sing lagi ngadhepi masalah ”kudu rukun”, maksudé ngupaya ngrampungi masalahé lan tetep manggon bareng. Wong loro kuwi ya isa njaluk bantuané para pinituwa. Para pinituwa ora bakal mihak salah siji, ning mènèhi naséhat saka Alkitab.

16 Ning, piyé nèk ana wong Kristen sing bojoné ora seiman? Apa dhèwèké isa pisahan nèk ngadhepi masalah ing urip bebojoané? Kaya sing wis disebutké mau, alesan sing sah kanggo pegatan yaiku merga salah sijiné nindakké hubungan sèks sing ora sah. Ning, Alkitab ora nyebutké alesané wong bebojoan isa pisahan. Paulus kandha, ”Nèk sedulur wadon nduwé bojo sing ora seiman, lan bojoné kuwi gelem manggon bareng karo dhèwèké, sedulur wadon kuwi ora olèh ninggalké bojoné.” (1 Kor. 7:12, 13) Pathokan kuwi ora berubah nganti jaman saiki.

17, 18. Apa sebabé ana wong Kristen sing ora pisahan senajan ngadhepi masalah sing abot?

17 Ning, isa waé ”bojo sing ora seiman” nduduhké nèk ora ”gelem manggon bareng” karo bojoné sing nyembah Yéhuwah. Contoné, bojo sing ora seiman mungkin seneng nindakké KDRT, ora gelem nyukupi kebutuhan keluarga, utawa terus ngupaya bèn bojoné ora isa ngibadah manèh marang Yéhuwah. Wong Kristen sing ngalami tumindak kaya ngono isa waé nganggep nèk bojoné ora ”gelem manggon bareng” dhèwèké. Wong kuwi isa mutuské arep pisahan karo bojoné apa ora. Senajan ngalami kaya ngono, ana wong Kristen sing mutuské tetep rukun lan manggon bareng karo bojoné. Apa sebabé?

18 Senajan pisahan, wong Kristen sing ngalami kaya ngono ora isa nikah manèh lan bakal tetep ngadhepi kesusahan kaya sing wis disebutké mau. Ana alesan liyané kenapa wong bebojoan kudu ngupaya tetep rukun lan manggon bareng. Rasul Paulus kandha, ”Wong lanang sing ora seiman dianggep suci merga sedulur wadon kuwi, lan wong wadon sing ora seiman dianggep suci merga sedulur lanang kuwi. Nèk ora, anak-anakmu bakal najis. Nanging saiki, anak-anakmu kuwi suci.” (1 Kor. 7:14) Ana akèh wong Kristen sing ora pisahan saka bojoné sing ora seiman senajan ngadhepi masalah sing abot. Hasilé, bojoné sing ora seiman isa dadi Seksi Yéhuwah.​—Wacanen 1 Korintus 7:16; 1 Ptr. 3:1, 2.

19. Apa sing nggawé urip bebojoan isa bahagia?

19 Yésus mènèhi naséhat soal pegatan, lan Rasul Paulus mènèhi naséhat soal pisahan. Wong loro kuwi péngin umaté Yéhuwah nganggep urip bebojoan berharga. Akèh Seksi Yéhuwah sing urip bebojoané bahagia, sing lanang sayang karo bojoné lan sing wadon ngajèni bojoné. Kuwi nduduhké nèk wong loro mau nganggep urip bebojoan berharga. Iki cocog karo kandhané Alkitab, ”Kuwi sebabé wong lanang bakal ninggalké bapaké lan ibuné, terus bakal urip bareng karo bojoné, lan loro-loroné kuwi bakal dadi sak daging.”—Éf. 5:31, 33, cathetan ngisor.