Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Cah Enom, Yéhuwah Péngin Kowé Seneng

Cah Enom, Yéhuwah Péngin Kowé Seneng

”[Yéhuwah] maregi kekarepanmu kalawan apa kang becik.”​—MS. 103:5.

LAGU: 135, 39

1, 2. Apa sebabé kowé kudu manut pathokané Yéhuwah wektu nggawé keputusan? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

CAH ENOM, isa waé kowé éntuk naséhat kanggo uripmu sukmbèn. Guru utawa wong liya mungkin ngandhani kowé bèn neruské kuliah utawa nggolèk gawéan sing apik. Ning, Yéhuwah mènèhi naséhat sing béda. Pancèn, Yéhuwah péngin kowé sinau sing sregep bèn kowé isa nyukupi kebutuhanmu sukmbèn. (Kol. 3:23) Yéhuwah ya ngerti nèk kowé kudu nggawé keputusan kanggo uripmu sukmbèn. Mula, Yéhuwah nyedhiakké pathokan-pathokan sing isa mbantu kowé nggawé keputusan sing bener saiki.​—Mat. 24:14.

2 Élinga nèk Yéhuwah ngerti sukmbèn bakal kaya apa lan kapan donya iki bakal sirna. (Yé. 46:10; Mat. 24:3, 36) Yéhuwah ya ngerti apa sing isa nggawé kowé seneng, utawa susah. Naséhaté manungsa isa waé kétok apik. Ning, nèk ora cocog karo Alkitab, naséhat kuwi ora bener-bener wicaksana.​—WB. 19:21.

NASÉHAT SING WICAKSANA ASALÉ MUNG SAKA YÉHUWAH

3, 4. Apa sing dialami Adam, Hawa, lan keturunané merga milih ngrungokké naséhaté Sétan?

3 Sétan kuwi sing pertama kali mènèhi manungsa naséhat sing klèru. Dhèwèké kandha karo Hawa nèk manungsa bakal bahagia tanpa tuntunané Yéhuwah. (Pd. 3:1-6) Sakjané Sétan ora mikirké kepentingané Adam lan Hawa. Sétan mung péngin Adam, Hawa, lan keturunané manut lan nyembah dhèwèké, dudu Yéhuwah. Sétan ya ora tau ngekèki apa-apa. Sing mènèhi Adam lan Hawa panggonan sing éndah lan badan sing sampurna kuwi ya Yéhuwah.

4 Ning, Adam lan Hawa milih ngrungokké naséhaté Sétan, lan akhiré ninggalké Yéhuwah. Kaya kembang sing wis dipethik, suwé-suwé dadi layu lan akhiré mati. Adam, Hawa, lan kabèh keturunané ya akhiré dadi sengsara, tuwa, lan mati. (Rm. 5:12) Akèh wong ing jaman saiki ora manut karo Yéhuwah lan nindakké kepénginané dhéwé. (Éf. 2:1-3) Apa hasilé? Alkitab kandha nèk ”ora ana kawicaksanan” kanggo wong-wong sing ora manut Yéhuwah.​—WB. 21:30.

5. Yéhuwah yakin nèk wong-wong bakal tumindak apa? Apa kuwi pancèn bener?

5 Yéhuwah yakin nèk bakal ana wong-wong, klebu cah-cah enom, sing péngin kenal lan nyembah Yéhuwah. (Ms. 103:17, 18; 110:3) Cah-cah enom iki berharga banget kanggo Yéhuwah. Cah-cah enom, kowé mesthi wis ngrasakké bab-bab ”kang becik” saka Yéhuwah sing isa nggawé kowé seneng. (Wacanen Jabur 103:5; WB. 10:22) Ing artikel iki, kita bakal ngrembug patang conto bab-bab ”kang becik” saka Yéhuwah, yaiku piwulang saka Alkitab, kanca akrab, cita-cita rohani, lan kebébasan.

YÉHUWAH MÈNÈHI KOWÉ PIWULANG SAKA ALKITAB

6. Apa sebabé kowé mbutuhké tuntunané Yéhuwah, lan Yéhuwah wis nyedhiakké apa waé?

6 Ora kaya kéwan, manungsa mbutuhké tuntunané Yéhuwah. (Mat. 4:4) Nèk njaluk tuntunané Yéhuwah, kita isa éntuk pemahaman, kawicaksanan, lan rasa seneng. Yésus kandha, ”Bungah wong-wong sing mbutuhké tuntunané Gusti Allah.” (Mat. 5:3) Yéhuwah mènèhi Alkitab lan nggunakké ”budhak sing setya lan wicaksana” kanggo nyedhiakké macem-macem publikasi. (Mat. 24:45) Publikasi-publikasi kuwi piwulang saka Alkitab sing isa nguwatké iman lan nggawé kita saya akrab karo Yéhuwah.​—Yé. 65:13, 14.

7. Apa manfaaté piwulang saka Alkitab?

7 Piwulang saka Alkitab isa mbantu kowé dadi wicaksana. (Wacanen Wulang Bebasan 2:10-14.) Contoné, wektu ana sing kandha nèk Pencipta kuwi ora ana utawa kandha nèk kowé bakal seneng merga nduwé akèh bandha, kowé isa ngerti nèk pandhangan kaya ngono ora bener. Kowé ya isa ngedohi kepénginan lan kebiasaan sing salah. Mula, kowé kudu ngupaya bèn dadi wicaksana. Hasilé, kowé bakal ngrasakké nèk Yéhuwah sayang karo kowé lan péngin kowé seneng.​—Ms. 34:9; Yé. 48:17, 18.

8. Apa sebabé kowé kudu saya akrab karo Yéhuwah saiki, lan apa manfaaté kanggo uripmu sukmbèn?

8 Ora suwé manèh, donyané Sétan bakal sirna. Mung Yéhuwah sing isa nglindhungi lan nyedhiakké kabèh sing kita butuhké. (Hb. 3:2, 12-19) Mula, saiki kita kudu saya akrab lan percaya karo Yéhuwah. (2 Ptr. 2:9) Ora masalah apa sing bakal kowé adhepi, nèk akrab karo Yéhuwah kowé bakal ngrasakké apa sing dirasakké Daud sing kandha, ”Aku tansah madhep marang Sang Yéhuwah, manawa Panjenengané jumeneng ana ing tengenku, aku mesthi ora nganti kéguh [utawa, goyah].”​—Ms. 16:8.

YÉHUWAH MÈNÈHI KOWÉ KANCA AKRAB

9. (a) Nurut Yohanes 6:44, apa sing ditindakké Yéhuwah? (b) Apa sebabé kenalan karo sedulur seiman kuwi béda?

9 Wektu kenalan karo wong sing ora nyembah Yéhuwah, isa waé kowé mung ngerti jenengé lan penampilané. Ning, béda wektu kenalan karo sedulur seiman. Kowé ngerti nèk dhèwèké sayang karo Yéhuwah, lan Yéhuwah péngin dhèwèké dadi umaté merga ndelok sipat-sipat apiké. (Wacanen Yohanes 6:44.) Ora masalah saka endi asalé lan apa latar belakangé, kowé wis kenal dhèwèké, lan dhèwèké ya wis kenal kowé.

Yéhuwah péngin kowé nduwé kanca akrab lan cita-cita rohani (Deloken paragraf 9-12)

10, 11. Apa sing diduwèni karo kabèh umaté Yéhuwah, lan apa pengaruhé kanggo kowé?

10 Wektu kenalan karo sedulur seiman, kowé wis padha-padha nduwé apa sing paling penting. Senajan basané béda, kowé padha-padha nduwé ”basa sing murni”, utawa wulangan sing bener. (Zf. 3:9, Terjemahan Donya Anyar) Artiné kowé padha-padha nduwé iman marang Yéhuwah. Kowé ya nduwé pathokan moral lan harapan sing padha. Kuwi kabèh nggawé kowé lan para sedulur cepet akrab lan akhiré isa kekancan sakterusé.

11 Nèk dadi abdiné Yéhuwah, kowé mesthi nduwé kanca akrab. Senajan durung tau ketemu, kowé nduwé kanca saka akèh negara. Nèk ora dadi abdiné Yéhuwah, apa kowé isa ngrasakké kaya ngono?

YÉHUWAH MBANTU KOWÉ NDUWÉ CITA-CITA ROHANI

12. Kowé isa nduwé cita-cita rohani apa?

12 Wacanen Kohèlèt 11:9–12:1. Apa kowé nduwé cita-cita rohani? Mungkin kowé péngin maca Alkitab saben dina lan ngupaya luwih trampil nggunakké Alkitab wektu nginjil. Isa waé kowé ya péngin luwih apik manèh wektu mènèhi urun rembug utawa nyampèkké bagéan ing pakumpulan. Wektu cita-citamu isa kelakon utawa upayamu digatèkké wong liya, kowé mesthi bakal seneng banget. Apa sebabé? Merga kowé manut karo Yéhuwah, kaya Yésus.​—Ms. 40:9; WB. 27:11.

13. Apa manfaaté ngutamakké ngabdi marang Yéhuwah?

13 Ngutamakké ngabdi marang Yéhuwah isa nggawé kowé seneng. Paulus kandha, ”Dadia kukuh, ora goyah, lan tansah sibuk nindakké akèh gawéan kanggo Gusti, merga kowé kabèh padha ngerti nèk anggonmu kerja kanthi mempeng kanggo nglayani Gusti kuwi ora tanpa guna.” (1 Kor. 15:58) Kuwi ora dialami karo wong sing ngutamakké bandha utawa sing péngin dadi terkenal. Senajan kétoké suksès, ning dhèwèké ora bener-bener ngrasa seneng. (Luk. 9:25) Gatèkna pengalamané Raja Salomo.​—Rm. 15:4.

14. Kowé isa sinau apa saka pengalamané Salomo?

14 Salomo tau dadi wong sing paling sugih lan nduwé kuwasa. Dhèwèké kandha, ”Aku daknguji kabungahanku lan ngemataké kasenengan.” (Ko. 2:1-10) Salomo mbangun omah sing méwah, nggawé taman sing éndah, lan nindakké apa waé sing dadi kepénginané. Apa kuwi kabèh nggawé Salomo seneng? Wektu ngrenungké apa sing wis ditindakké, Salomo kandha nèk ”kabèh iku tanpa guna” lan ”ora ana kang maédahi”. (Ko. 2:11) Kowé isa éntuk manfaat nèk sinau saka pengalamané Salomo.

Manut karo Yéhuwah kuwi akèh manfaaté lan nggawé kita bener-bener bébas

15. Nurut Jabur 32:8, apa sebabé kowé mbutuhké iman, lan apa manfaaté?

15 Yéhuwah ora péngin kowé ngalami kesusahan merga nggawé keputusan sing klèru. Mula, Yéhuwah péngin kowé manut Dhèwèké. Bèn isa manut Yéhuwah, kowé mbutuhké iman. Ning, kowé ora bakal gela wektu nggawé keputusan sing bener merga imanmu. Yéhuwah ya ora bakal lali karo ”katresnan sing kok duduhké kanggo asmané”. (Ibr. 6:10) Dadi, kowé kudu ngupaya bèn nduwé iman sing kuwat. Iki bakal mbantu kowé nggawé keputusan sing bener lan mbuktèkké dhéwé nèk Yéhuwah péngin kowé seneng.​—Wacanen Jabur 32:8.

YÉHUWAH PÉNGIN KOWÉ BENER-BENER BÉBAS

16. Apa sebabé kita kudu nganggep kebébasan berharga lan nggunakké kuwi nganggo cara sing bener?

16 Paulus kandha, ”Ing ngendi ana roh suciné Yéhuwah, ing kono ana kemerdékaan.” (2 Kor. 3:17) Yéhuwah seneng kebébasan. Dhèwèké ya nggawé kowé bèn seneng karo kebébasan. Ning, Yéhuwah péngin kowé nggunakké kebébasan nganggo cara sing bener bèn kowé ora éntuk masalah. Akèh wong seneng ndelok pornografi, nindakké hubungan sèks sing ora sah, mèlu olahraga sing bahaya, nganggo narkoba, utawa mabuk-mabukan. Awalé kuwi kabèh kétok nyenengké. Ning, akhiré kowé malah isa kena penyakit, kecanduan, utawa mati. (Gal. 6:7, 8) Cah-cah enom sing nindakké kuwi isa waé ngrasa bébas, ning sakjané ora.​—Tit. 3:3.

17, 18. (a) Apa sebabé manut karo Yéhuwah isa nggawé kita bener-bener bébas? (b) Apa buktiné nèk Adam lan Hawa luwih bébas ketimbang manungsa ing jaman saiki?

17 Manut karo Yéhuwah kuwi akèh manfaaté. Kita isa tetep séhat lan bener-bener bébas. (Ms. 19:8-12) Nèk manut karo hukum lan pathokané Yéhuwah, kuwi berarti kowé nggunakké kebébasan nganggo cara sing bener. Yéhuwah lan wong tuwamu dadi ngerti nèk kowé isa dipercaya. Wong tuwamu bakal ngekèki kowé luwih akèh kebébasan. Yéhuwah ya janji bakal mènèhi kabèh abdiné sing setya kebébasan sing sejati, utawa ”kemerdékaan sing mulya kaya sing diduwèni anak-anaké Gusti Allah”.​—Rm. 8:21.

18 Kuwi kebébasan sing dirasakké karo Adam lan Hawa. Wektu ing Taman Èden, Yéhuwah nglarang Adam lan Hawa mangan buah saka salah siji wit ing kono. (Pd. 2:9, 17) Apa kuwi bukti nèk Yéhuwah ora adil utawa seneng ngatur-atur? Mesthiné ora, ta? Hukum sing digawé manungsa luwih akèh, lan kabèh dipeksa kudu manut. Ning, Yéhuwah mung mènèhi Adam lan Hawa siji hukum thok.

19. Piyé carané Yéhuwah lan Yésus mulang kita bèn kita isa bébas?

19 Yéhuwah kuwi wicaksana banget. Yéhuwah ora mènèhi akèh hukum, ning Yéhuwah mung mènèhi kita hukum kasih. Yéhuwah péngin kita nindakké pathokané lan sengit karo apa sing salah. (Rm. 12:9) Ing Ceramah ing Gunung, Yésus ya ngandhani carané bèn kita isa ngedohi apa waé sing bakal nggawé kita nindakké sing salah. (Mat. 5:27, 28) Ing donya anyar, Yésus sing wis dadi Raja ing Kratoné Allah bakal tetep mulang kita soal sing bener lan sing salah. (Ibr. 1:9) Yésus bakal gawé kita sampurna. Merga wis dibébaské saka dosa, kita ora bakal nduwé kepénginan kanggo nindakké sing salah. Kita ya ora bakal ngrasakké kesusahan manèh. Akhiré, kita bakal ngrasakké ”kemerdékaan sing mulya” kaya janjiné Yéhuwah.

20. (a) Piyé carané Yéhuwah nggunakké kebébasané? (b) Piyé carané kowé isa niru Yéhuwah?

20 Ing donya anyar, kebébasan tetep ana batesé. Apa maksudé? Katresnan marang Yéhuwah lan wong liya kudu dadi dhasar kabèh tumindak kita. Kuwi bukti nèk kita niru Yéhuwah. Senajan nduwé kebébasan sing ora ana batesé, Yéhuwah milih katresnan dadi dhasar kanggo kabèh tumindaké. (1 Yoh. 4:7, 8) Dadi, kita isa bener-bener bébas nèk niru Yéhuwah.

21. (a) Piyé perasaané Daud marang Yéhuwah? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

21 Kowé mesthi ngrasa seneng banget merga Yéhuwah wis mènèhi piwulang saka Alkitab, kanca akrab, cita-cita rohani, kebébasan, lan liyané. (Ms. 103:5) Perasaanmu mungkin padha kaya Daud. Daud ndonga, lan dongané kuwi dicathet ing Jabur 16:11: ”Paduka ingkang nedahaken margining gesang dhateng kawula; kabingahan pinanggih lubèr wonten ing ngarsa Paduka; ing asta Paduka ingkang tengen wonten kanikmatan ingkang langgeng.” Ing artikel sakbanjuré, kita bakal ngrembug pathokan saka Jabur 16. Kuwi isa mbantu kowé ngrasakké urip sing nyenengké.