Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Cah Enom, Uripmu Isa Nyenengké

Cah Enom, Uripmu Isa Nyenengké

”Paduka ingkang nedahaken margining gesang dhateng kawula.”​—MS. 16:11.

LAGU: 133, 89

1, 2. Piyé pengalamané Tony nduduhké nèk kita isa nggawé perubahan?

TONY digedhèkké mung karo ibuné. Wektu SMA, Tony ora niat sekolah. Dhèwèké malah nganti péngin mandheg waé. Tony biasané nonton film ing bioskop utawa dolan karo kanca-kancané wektu akhir pekan. Senajan apikan lan ora nggunakké narkoba, Tony ora nduwé tujuan urip. Terus, Tony ketemu karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Dhèwèké kandha nèk ora yakin Gusti Allah kuwi ana. Akhiré, Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi mènèhi buku Benarkah Kehidupan Diciptakan? lan Asal Mula Kehidupan—Lima Pertanyaan yang Patut Direnungkan.

2 Pandhangané Tony wis berubah wektu Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi marani dhèwèké manèh. Buku-buku mau wis diwaca kabèh, malah nganti lecek. Tony kandha, ”Berarti Gusti Allah ana, ya?” Tony mulai sinau Alkitab lan hasilé dhèwèké nggawé perubahan. Contoné, Tony dadi salah siji murid sing nilainé paling apik ing sekolahané. Padahal sakdurungé sinau Alkitab, dhèwèké ora kaya ngono. Kepala sekolahé nganti kandha, ”Saiki tingkah lakumu saya apik. Nilaimu ya apik-apik. Apa kuwi merga kowé kekancan karo Seksi-Seksi Yéhuwah?” Tony ngiyani, terus nyritakké sing wis dhèwèké sinaoni. Akhiré, Tony lulus sekolah. Saiki, dhèwèké dadi perintis biasa lan abdiné jemaat. Tony seneng banget isa ngerti soal Yéhuwah.​—Ms. 68:6.

KOWÉ ISA SUKSÈS NÈK MANUT YÉHUWAH

3. Yéhuwah mènèhi naséhat apa kanggo cah enom?

3 Pengalamané Tony nduduhké nèk Yéhuwah sayang karo cah enom. Yéhuwah péngin kowé bener-bener suksès lan nduwé urip sing nyenengké. Yéhuwah mènèhi naséhat, ”Élinga marang kang nitahaké [utawa, nyiptakké] kowé ing sajroné isih anom.” (Ko. 12:1) Iki ora gampang, ning kowé mesthi isa. Yéhuwah bakal mbantu kowé bèn isa suksès wektu isih enom lan wektu wis diwasa. Bèn isa yakin, kita bakal ngrembug apa sing mbantu bangsa Israèl isa ngalahké wong-wong sing manggon ing Tanah Perjanjian lan apa sing nggawé Daud isa ngalahké Goliat.

4, 5. Apa sing isa disinaoni wektu bangsa Israèl ngalahké wong-wong sing manggon ing Tanah Perjanjian lan wektu Daud ngalahké Goliat? (Deloken gambar ing kaca 21.)

4 Wektu bangsa Israèl mèh tekan Tanah Perjanjian, Yéhuwah ora ngongkon bangsa Israèl latihan perang bèn dadi prajurit sing kuwat. (PT. 28:1, 2) Ning, Yéhuwah ngongkon bangsa Israèl bèn manut lan percaya karo Dhèwèké. (Ys. 1:7-9) Senajan kétoké ora masuk akal, ning sakjané kuwi naséhat sing paling apik. Buktiné, Yéhuwah bola-bali mbantu bangsa Israèl ngalahké wong-wong sing manggon ing kono. (Ys. 24:11-13) Kita butuh iman bèn isa manut karo Yéhuwah. Kaya sing wis kelakon ing jaman mbiyèn, kita mesthi suksès nèk nduduhké iman sing kaya ngono.

5 Goliat kuwi prajurit sing kuwat banget, lan dhuwuré mèh telung mèter. Dhèwèké ya nduwé senjata. (1 Sa. 17:4-7) Ning, Daud malah arep nglawan Goliat. Kanggoné wong sing ora nduwé iman, Daud mungkin dianggep bodho merga mung nggawa bandhil. Ning, Daud nduwé iman marang Yéhuwah. Hasilé, dhèwèké isa ngalahké Goliat.​—1 Sa. 17:48-51.

6. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

6 Ing artikel sakdurungé, kita wis ngrembug patang bab sing isa nggawé urip kita luwih seneng lan suksès. Kita wis sinau nèk kita kudu njaluk tuntunané Yéhuwah, kekancan karo sing nyembah Yéhuwah, nduwé cita-cita rohani, lan nganggep kebébasan saka Yéhuwah berharga. Ing artikel iki, kita bakal ngrembug carané isa éntuk manfaat nèk nindakké patang bab mau. Wektu ngrembug kuwi, kita bakal nggunakké pathokan sing ana ing Jabur 16.

NJALUK TUNTUNANÉ YÉHUWAH

7. (a) Apa ciri-ciriné wong sing nduwé pikiran rohani? (b) Apa sing dimaksud ’pandumané’ Daud, lan apa pengaruhé kanggo dhèwèké?

7 Wong sing nduwé pikiran rohani ngupaya nduwé pandhangan sing padha karo Gusti Allah. Merga nduwé iman, dhèwèké ngupaya manut karo Yéhuwah. (1 Kor. 2:12, 13) Daud kuwi salah sijiné wong sing nduwé pikiran rohani. Daud nyanyi, ’Yéhuwah ingkang dados panduman warisan kawula.’ (Ms. 16:5) Daud nganggep berharga ’pandumané’, yaiku hubungané sing akrab karo Yéhuwah. Daud ya ngendelké Yéhuwah. (Ms. 16:1) Hasilé, Daud isa kandha, ”Nyawaku asurak-surak.” Daud seneng banget nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah.​—Wacanen Jabur 16:9, 11.

8. Apa sing isa nggawé kowé bener-bener seneng?

8 Wong sing ngutamakké dhuwit utawa kesenengan ora bakal ngrasakké seneng kaya sing dirasakké Daud. (1 Tim. 6:9, 10) Ana sedulur saka Kanada sing kandha, ”Kita isa bener-bener seneng dudu merga apa sing ana ing donya iki, ning merga kita ngabdi karo Yéhuwah, sumberé kabèh anugrah sing apik.” (Yak. 1:17) Kowé bakal bener-bener seneng lan suksès nèk nduduhké iman lan ngabdi marang Yéhuwah. Apa sing isa nggawé imanmu kuwat? Kowé kudu maca Alkitab, ngrenungké ciptaan, lan mikirké sipat-sipaté Yéhuwah.​—Rm. 1:20; 5:8.

9. Piyé carané bèn kita isa nggawé perubahan?

9 Kaya bapak sing sayang karo anaké, kadhang kala Yéhuwah ya kudu ngorèksi kita. Daud seneng banget wektu dikorèksi Yéhuwah. Dhèwèké kandha, ”Aku ngalembana marang Sang Yéhuwah, kang paring pitedah marang aku; malah ing wayah bengi aku digegulang [utawa, dikorèksi] déning telenging batinku.” (Ms. 16:7) Daud ngrenungké lan ngupaya niru pandhangané Yéhuwah. Hasilé, Daud isa nggawé perubahan bèn dadi wong sing luwih apik. Nèk niru Daud, kita isa dadi luwih sayang karo Yéhuwah lan dadi wong Kristen sing diwasa rohaniné. Ana sedulur wadon sing jenengé Christin kandha, ”Wektu sinau lan ngrenungké sing tak waca, aku ngrasa kaya-kaya Yéhuwah mènèhi naséhat langsung karo aku.”

10. Nurut Yésaya 26:3, apa manfaaté nduwé pikiran rohani?

10 Nèk nduwé pikiran rohani, kowé bakal nduwé pandhangan sing padha kaya Yéhuwah soal donya iki lan masa depan. Kuwi isa mbantu kowé ngerti apa sing paling penting, nggawé keputusan sing bener, lan siap ngadhepi apa waé ing masa depan. (Wacanen Yésaya 26:3.) Ana sedulur lanang ing Amerika Serikat sing jenengé Joshua. Dhèwèké kandha nèk ngupaya akrab karo Yéhuwah kita bakal ngerti endi sing penting lan sing ora.

KEKANCAN KARO SING NYEMBAH YÉHUWAH

11. Daud milih kanca-kanca sing kaya piyé?

11 Wacanen Jabur 16:3. Daud seneng kekancan karo wong sing nyembah Yéhuwah. Daud nyebut kanca-kancané ”para suci” merga wong-wong kuwi ngupaya manut pathokan moral saka Yéhuwah. Sing nulis Jabur kandha, ”Kawula manunggil kaliyan sakathahipun tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka, saha kaliyan para tiyang ingkang sami netepi dhawuh-dhawuh Paduka.” (Ms. 119:63) Kaya sing wis dirembug ing artikel sakdurungé, kowé ya isa nduwé kanca sing sayang lan manut karo Yéhuwah. Kanca-kanca sing kaya ngono ora kudu saumuran.

12. Apa sing nggawé Daud lan Yonatan isa dadi kanca sing akrab?

12 Daud ora mung kekancan karo wong sing saumuran. Wektu maca Alkitab, kita ngerti nèk Daud lan Yonatan kuwi kanca sing akrab. Ning, apa kowé ngerti nèk Yonatan luwih tuwa 30 taun saka Daud? Apa sing nggawé wong loro kuwi isa dadi kanca sing akrab? Merga wong loro kuwi padha-padha nduwé iman karo Yéhuwah. Daud ngajèni Yonatan lan ngalem sipat-sipat apiké, contoné sipat kendelé wektu nglawan mungsuh-mungsuhé Yéhuwah. Yonatan ya nindakké sing padha marang Daud.​—1 Sa. 13:3; 14:13; 17:48-50; 18:1.

13. Piyé carané kowé isa nduwé akèh kanca? Wènèhana conto.

13 Kaya Daud lan Yonatan, kita isa ngrasa seneng nèk kekancan karo wong sing sayang lan nduwé iman karo Yéhuwah. Ana sedulur sing jenengé Kiera kandha, ”Aku kekancan karo para sedulur saka akèh negara sing latar belakang lan budayané béda-béda.” Nèk ngupaya kekancan karo sedulur sing béda-béda, kowé isa ngrasakké nèk umaté Yéhuwah sakdonya kuwi rukun.

NDUWÉ CITA-CITA ROHANI

14. (a) Piyé carané bèn kowé isa nduwé cita-cita rohani? (b) Apa pendapaté cah-cah enom soal cita-cita rohani?

14 Wacanen Jabur 16:8. Daud nganggep nèk ngabdi marang Yéhuwah kuwi penting banget. Kaya Daud, kowé kudu terus mikirké apa sing dikarepké Yéhuwah bèn isa nduwé cita-cita rohani. Nèk nindakké kuwi, uripmu bakal nyenengké. Ana sedulur sing jenengé Steven kandha, ”Wektu ngéling-éling upayaku bèn cita-cita rohaniku kelakon, aku ngrasa seneng banget.” Terus, ya ana sedulur saka Jerman sing saiki nglayani ing negara liya sing kandha, ”Aku ora péngin nggunakké uripku mung kanggo ngutamakké kepentinganku dhéwé.” Apa kowé setuju? Mula, gunakna kemampuan lan bakatmu kanggo ngluhurké Yéhuwah lan mbantu wong liya. (Gal. 6:10) Kowé kudu ngupaya nduwé cita-cita rohani. Terus, kowé isa njaluk bantuané Yéhuwah bèn cita-citamu isa kelakon. Yéhuwah mesthi seneng mbantu kowé.​—1 Yoh. 3:22; 5:14, 15.

15. Cita-cita rohani apa sing isa diupayakké? (Deloken kothak ”Cita-cita Rohani sing Isa Diupayakké”.)

15 Cita-cita rohani apa sing isa diupayakké? Mungkin kowé isa ngupaya mèlu urun rembug ing pakumpulan nganggo kata-katamu dhéwé, dadi perintis, utawa ngabdi ing Bètel. Kowé ya isa sinau basa liya kanggo nginjil marang luwih akèh wong. Sedulur enom sing dadi pelayan sepenuh waktu sing jenengé Barak kandha, ”Aku seneng banget merga wis nggunakké kabèh kemampuanku kanggo ngabdi marang Yéhuwah.”

NGANGGEP KEBÉBASAN SAKA YÉHUWAH BERHARGA

16. Piyé pandhangané Daud soal hukum lan pathokané Yéhuwah, lan apa sebabé?

16 Wacanen Jabur 16:2, 4Kaya sing dirembug ing artikel sakdurungé, hukum lan pathokané Yéhuwah mbantu kita nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah soal apa sing apik lan sing jahat. Kuwi isa nggawé kita bener-bener bébas. (As. 5:15) Daud kandha nèk Yéhuwah kuwi sumberé kabèh ”ingkang saé [utawa, apik]”. Basa Ibrani kanggo kata ”saé” ya isa berarti moral sing unggul, utawa tanpa cacad. Kabèh sing ditindakké Yéhuwah kuwi apik. Mula, kabèh sing apik kuwi mesthi asalé saka Dhèwèké. Daud ngupaya nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah soal apa sing apik. Ning, Daud ya ngupaya sengit karo apa sing disengiti Yéhuwah. Salah sijiné yaiku nyembah brahala, yaiku nyembah apa waé sakliyané Yéhuwah. Kuwi padha waé ora ngluhurké Yéhuwah, lan wong sing nyembah brahala kuwi isa dianggep bodho.​—Yé. 2:8, 9; Why. 4:11.

17, 18. (a) Apa kandhané Daud soal akibaté nyembah brahala? (b) Apa sebabé akèh wong ing jaman saiki ”kasisahanipun sangsaya mindhak ageng”?

17 Ing jaman mbiyèn, hubungan sèks sing ora sah kuwi biasané dadi bagéan saka ibadah palsu. (Hs. 4:13, 14) Kuwi sebabé akèh sing seneng nindakké ibadah palsu. Ning, apa wong-wong kuwi isa bahagia? Ora. Daud kandha nèk wong sing nyembah brahala kuwi ”kasisahanipun sangsaya mindhak ageng”. Malah, ana uga sing nganti ngorbanké anaké kanggo brahala. (Yé. 57:5) Yéhuwah ora seneng karo tumindaké wong-wong kuwi. (Ym. 7:31) Nèk kowé urip wektu kuwi, kowé mesthi bersyukur banget nèk wong tuwamu nyembah Yéhuwah.

18 Jaman saiki, akèh agama palsu sing ndhukung hubungan sèks sing ora sah, misalé homosèksual. Wong-wong sing ora manut pathokan moralé Yéhuwah mungkin isa ngrasa bébas, ning nyatané wong-wong kuwi nggawé ”kasisahanipun sangsaya mindhak ageng”. (1 Kor. 6:18, 19) Mula, kowé kudu manut karo Yéhuwah. Kowé isa mbuktèkké dhéwé nèk manut karo Yéhuwah kuwi akèh manfaaté. Pikirna akibaté nèk nindakké hubungan sèks sing ora sah. Rasa senengé ora sepadan karo akibaté. (Gal. 6:8) Joshua, sing mau wis disebutké kandha, ”Kita bébas arep nindakké apa waé, ning kita ora bakal ngrasa seneng nèk nggunakké kebébasan nganggo cara sing salah.”

19, 20. Apa berkahé nèk kowé nduwé iman lan manut karo Yéhuwah?

19 Yésus kandha, ”Nèk kowé terus percaya marang omonganku, kowé bener-bener muridku, lan kowé bakal ngerti apa sing bener, lan apa sing bener kuwi bakal mbébaské kowé.” (Yoh. 8:31, 32) Kita seneng banget merga ora gampang diapusi karo agama palsu lan takhayul. Ing masa depan, kita bakal ngrasakké ”kemerdékaan sing mulya kaya sing diduwèni anak-anaké Gusti Allah”. (Rm. 8:21) Malah, saiki kita ya isa ngrasakké kebébasan nèk manut karo piwulangé Yésus. Kita ora mung ”ngerti apa sing bener”, ning ya ngrasakké dhéwé manfaaté.

20 Kowé kudu nganggep kebébasan saka Yéhuwah berharga. Gunakna kuwi nganggo cara sing bener. Kuwi isa mbantu kowé wektu nggawé keputusan sing mengaruhi masa depanmu. Ana sedulur enom sing kandha, ”Nggunakké kebébasan nganggo cara sing bener isa mbantu kowé wektu nggawé keputusan sing penting, misalé nggolèk gawéan utawa milih arep nikah apa ora.”

21. Piyé carané kowé isa éntuk ”urip sing saktenané”?

21 Senajan saiki manungsa kétoké isa urip kepénak, ning kuwi ora langgeng. Kita ora ngerti apa sing bakal kelakon mbésuk. (Yak. 4:13, 14) Mula, kowé kudu ngupaya bèn isa éntuk ”urip sing saktenané”, yaiku urip langgeng ing donya anyar. (1 Tim. 6:19) Yéhuwah ora meksa kowé dadi abdiné. Kowé sing kudu nggawé keputusan. Mula, kowé kudu ngupaya saya akrab karo Yéhuwah lan nganggep berharga kabèh bab ”kang becik” saka Yéhuwah bèn Yéhuwah isa dadi ’pandumanmu’. (Ms. 103:5) Uripmu mesthi bakal nyenengké kanggo saklawasé.​—Ms. 16:11.