Langsung mlebu

BANTUAN KANGGO KELUARGA | NDHIDHIK ANAK

Sing Kudu Dingertèni Wong Tuwa soal Tempat Penitipan Anak

Sing Kudu Dingertèni Wong Tuwa soal Tempat Penitipan Anak

 Para wong tuwa sing kerja mungkin mutuské kanggo nitipké anaké sing durung sekolah ing tempat penitipan anak. Tempat penitipan anak kuwi panggonan sing mèh mirip kaya sekolahan. Apa njenengan kudu nitipké anaké njenengan ing tempat penitipan anak?

 Pitakonan-pitakonan sing kudu dipikirké

 Nèk anakku tak titipké, apa kuwi isa nggawé hubunganku karo anakku dadi ora apik? Isa waé. Pas isih cilik, otaké bocah kuwi lagi berkembang cepet banget, lan kuwi bakal mengaruhi carané dhèwèké komunikasi karo wong liya. Mula, njenengan kudu ngupaya kanggo nduwé luwih akèh wektu karo anaké njenengan.​—Pangandharing Torèt 6:6, 7.

  •    Wong tuwa sing arep nitipké anaké ing tempat penitipan anak kudu mikirké piyé carané bèn tetep akrab karo anaké.

 Nèk anakku tak titipké, apa anakku bakal dadi luwih angèl kanggo manut karo aku? Isa waé. Buku Hold On to Your Kids kandha, ”Nèk kerep bergaul karo kanca-kancané, bocah sing durung sekolah bakal luwih gampang dipengaruhi karo kanca-kancané.”

  •    Wong tuwa sing arep nitipké anaké ing tempat penitipan anak kudu mikirké nèk mengko isa waé anaké dadi luwih angèl kanggo manut karo wong tuwané.

 Nèk anakku tak titipké, apa dhèwèké bakal dadi luwih gampang kanggo sinau wektu mengko mulai sekolah? Ana beberapa sing setuju. Sing liyané kandha nèk tempat penitipan anak kuwi ora akèh pengaruhé utawa malah ora ana pengaruhé kanggo kemampuané anak wektu sinau. Ora masalah endi sing bener, psikolog anak sing jenengé Penelope Leach nulis, ”Aja nganggep nèk ’pendidikan’ sing ditampa anaké njenengan ing sekolahan kuwi sing dadi kunci kesuksèsané, lan aja nganggep nèk luwih cepet anaké njenengan sekolah kuwi luwih apik. Nèk nduwé pandangan kaya ngono, kuwi berarti njenengan nganggep nèk ’pendidikan’ sing njenengan wènèhké kanggo anak kèt cilik kuwi ora ana gunané.”

  •   Wong tuwa sing arep nitipké anaké ing tempat penitipan anak kudu mikir apa kuwi ana pengaruhé lan apa kuwi pancèn perlu.

 Apa aku utawa bojoku isa tetep ing omah kanggo ngurus anak? Ana beberapa wong tuwa sing loro-loroné kerja bèn isa éntuk luwih akèh penghasilan. Ning, apa kuwi bener-bener ana manfaaté?

  •   Wong tuwa sing arep nitipké anaké ing tempat penitipan anak kudu mikirké apa isa urip luwih sederhana bèn salah siji wong tuwa isa tetep ing omah kanggo ngurus anak.

 Wong tuwa sing arep nitipké anaké ing tempat penitipan anak kudu bener-bener mikirké dhisik apa manfaat lan akibaté. Nèk wis dipikirké tenanan, piyé nèk njenengan isih tetep ngrasa kudu nitipké anaké njenengan ing tempat penitipan anak?

 Sing isa njenengan tindakké

 Alkitab kandha, ”Wong kang wicaksana iku nggatèkaké lakuné.” (Wulang Bebasan 14:15) Karo manut pathokan kuwi, njenengan isa mikirké tenanan sakdurungé milih jenis penitipan anak.

 Ngerti soal jenis-jenis penitipan anak

  •   Ana wong tuwa sing milih nitipké anaké ing tempat penitipan anak sing ana ing omah. Kuwi tempat penitipan anak sing diawasi karo pengasuh siji utawa beberapa pengasuh, lan bocah sing diawasi ya ora akèh.

  •   Wong tuwa liyané nitipké anaké karo seduluré, karo pengasuh anak sing manggon bareng sak omah, utawa karo pengasuh anak sing teka mung pas wong tuwané ora ing omah.

 Kabèh pilihan ana manfaat lan akibaté. Njenengan isa takon karo wong tuwa liyané sing wis tau nggunakké jenis-jenis penitipan anak kuwi. Alkitab kandha, ”Wong kang ngrungokaké pitutur kadunungan kawicaksanan.”​—Wulang Bebasan 13:10.

 Nèk njenengan milih kanggo nitipké anaké njenengan ing pusat penitipan anak, njenengan kudu . . .

 Ngerti soal fasilitasé

  •   Apa panggonan kuwi wis éntuk ijin saka pamréntah lan wis sesuai karo hukum? Apa kualitas lan réputasiné apik?

  •   Apa panggonané resik lan aman?

  •   Apa waé kegiatan sing bakal ditindakké karo anakku ing kono? a

 Ngerti soal pengasuhé

  •   Pelatihan apa waé sing wis ditampa karo para pengasuh ing kono? Apa para pengasuh kuwi wis dilatih carané ndhidhik cah cilik, carané mènèhi pertolongan pertama, lan carané mènèhi nafas buatan?

  •   Piyé réputasiné para pengasuh ing kono?

  •   Apa pengasuhé kerep gonta-ganti? Nèk kerep gonta-ganti, anaké njenengan dadi kudu terus nggawé penyesuaian karo pengasuh sing anyar.

  •   Ana pira anak sing kudu diawasi karo saben pengasuh? Nèk akèh sing kudu diawasi karo saben pengasuh, anaké njenengan isa waé dadi kurang digatèkké. Ning, sepira akèhé perhatian sing dibutuhké karo anaké njenengan kuwi tergantung karo umur lan kemampuané anaké njenengan.

  •   Apa pengasuhé gelem rembugan karo njenengan nèk ana masalah?

a Contoné, apa anaké njenengan mung bakal nonton TV utawa bakal ana kegiatan-kegiatan sing isa mbantu anaké njenengan bèn isa sinau lan olahraga?