Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Jutaan Wong Ngungsi saka Ukraina

Jutaan Wong Ngungsi saka Ukraina

 Tanggal 24 Februari 2022, Rusia nyerang Ukraina. Akibaté, akèh penduduk Ukraina kudu ngungsi. a

 ”Ing endi-endi ana bom lan ledakan. Medèni banget. Terus pas dikandhani nèk isa ngungsi, kami langsung lunga. Kami mung isa nggawa surat-surat penting, obat-obatan, banyu, karo panganan.”​—Nataliia, saka Kharkiv, Ukraina.

 ”Aku jané ora percaya nèk ana perang. Tapi terus aku krungu ana beberapa ledakan. Akhiré aku ngungsi, terus sing tak gawa mung sing penting-penting thok. Jam 8 ésuk aku mangkat saka omah, terus numpak kréta ing Lviv, bar kuwi oper bis ing Polandia.”​—Nadija, saka Kharkiv, Ukraina.

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Ngapa kok wong-wong kudu ngungsi?

 Penduduk Ukraina kudu ngungsi merga diserang karo Rusia. Tapi, ing sak donya sakjané ya ana akèh wong sing kudu ngungsi saka negarané. Lha ngapa? Ing Alkitab dijelaské alesané.

  •   Pamréntah manungsa kuwi kejem. Akèh sing seneng nindhes rakyaté.​—Pengkhotbah 4:1; 8:9.

  •   Sing nguwasani donya iki Sétan si Iblis. Menurut Alkitab, ”Donya iki dikuwasani Sétan.”​—Yohanes 14:30; 1 Yohanes 5:19.

  •   Menurut Alkitab, saiki wis akhir jaman. Dadi ”keadaane bakal angel diadhepi lan berbahaya”. (2 Timotius 3:1) Makané saiki ana akèh perang, bencana alam, kelaparan, lan wabah penyakit. Akhiré, wong-wong kudu ngungsi.​—Lukas 21:10, 11.

 Harapan kanggo para pengungsi

 Menurut Alkitab, Gusti Allah Yéhuwah b kuwi sayang lan perduli karo para pengungsi. (Pangandharing Torèt 10:18) Dhèwèké janji nèk Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa sing mung marahi masalah. (Danièl 2:44; Matius 6:10) Yéhuwah ya bakal nyingkirké Sétan. (Roma 16:20) Mengko mung Kerajaané Gusti Allah sing bakal mréntah bumi. Dadi kabèh wong bakal rukun lan bersatu. Menurut Alkitab, ”Saben wong bakal lungguh ing ngisor wit anggur lan wit arané dhéwé. Ora ana sing bakal nggawé wedi merga sing ngomong kaya ngono Yéhuwah pemimpiné pasukan.”​—Mikha 4:4.

 Mung Kerajaané Gusti Allah sing isa ngrampungi kabèh masalah saiki. Misalé apa waé?

 Saran-saran ing Alkitab

 Ing Alkitab ana saran-saran sing bermanfaat dienggo para pengungsi.

 Ayat: ”Wong sing ora nduwé pengalaman percaya karo kabèh omongané wong, ning wong sing pinter mikirké tenanan apa sing bakal ditindakké.”​—Wulang Bebasan 14:15.

 Artiné: Kudu ngati-ati. Merga durung ngerti situasi ing panggonan sing anyar, biasané para pengungsi luwih gampang diapusi.

 Ayat: ”Dadi, awaké dhéwé bakal puas nèk wis nduwé panganan lan klambi.”​—1 Timotius 6:8.

 Artiné: Aja ngutamakké harta. Bèn isa bahagia, kudu puas karo apa sing diduwèni saiki.

 Ayat: ”Apa sing mbok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong kuwi.”​—Matius 7:12.

 Artiné: Nèk njenengan apikan lan sabar, wong liya ya bakal apikan karo njenengan.

 Ayat: ”Aja mbales kejahatan nganggo kejahatan marang sapa waé.”​—Roma 12:17.

 Artiné: Nèk dijahati, aja mbales. Mengko malah nambahi masalah.

 Ayat: ”Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé, merga Gusti mènèhi aku kekuwatan.”​—Filipi 4:13.

 Artiné: Kudu kerep ndonga bèn isa akrab karo Gusti Allah. Dhèwèké isa mbantu bèn njenengan tetep kuwat ngadhepi kabèh masalah.

 Ayat: ”Aja nguwatirké apa waé. Tapi, ing kabèh keadaan, kowé kudu terus ndonga njaluk tuntunané Gusti Allah lan terus ngucap syukur. Nèk kowé nindakké kuwi, Gusti Allah bakal mènèhi kowé rasa ayem sing ora isa dipahami manungsa. Terus, liwat Kristus Yésus, Gusti Allah bakal njaga ati lan pikiranmu.”​—Filipi 4:6, 7.

 Artiné: Ndonga njaluk bèn dibantu tetep ayem meskipun ana masalah. Wacanen artikel ”Filipi 4:6, 7—’Jangan Khawatirkan Apa Pun’”.

a Tanggal 25 Februari, Badan PBB untuk Urusan Pengungsi (UNHCR) ngomong nèk keadaané wis gawat banget, makané kudu ndang ngungsi. Rolas dina bar kuwi, wis ana sak juta sing ngungsi ing dhaérah sing luwih aman ing Ukraina, terus ana rong juta manèh sing ngungsi ing negara liya.

b Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Wacanen artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?