Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Comstock Images/Stockbyte via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Menurut Alkitab, Sapa Pemimpin sing Kudu Dipilih?

Menurut Alkitab, Sapa Pemimpin sing Kudu Dipilih?

 Wong-wong kudu milih pemimpin.

 Menurut Alkitab piyé?

Manungsa nduwé keterbatasan

 Ing Alkitab ditulis nèk manungsa nduwé keterbatasan.

  •   ”Aja percaya karo manungsa utawa para pemimpin sing ora isa nylametké. Wektu manungsa mati, dhèwèké bali dadi debu. Wektu kuwi, dhèwèké wis ora mikir apa-apa manèh.”​—Mazmur 146:3, 4.

 Pemimpin sing paling apik ya isa mati. Dadi, ora ana sing isa njamin nèk program-programé bakal dilanjutké karo pemimpin berikuté.​—Pengkhotbah 2:18, 19.

 Menurut Alkitab, manungsa ora bakal isa mréntah manungsa liyané.

  •   ”Wong sing mlaku ora isa ngarahké langkahé.”​—Yérémia 10:23.

 Terus sapa pemimpin sing paling apik?

Pemimpin sing dipilih Gusti Allah

 Ing Alkitab disebutké nèk Gusti Allah wis milih Yésus Kristus dadi pemimpin. (Mazmur 2:6) Yésus kuwi Raja Kerajaané Gusti Allah ing swarga.​—Matius 6:10.

 Ngapa awaké dhéwé kudu milih Yésus dadi pemimpin? Ing Alkitab ana alesané.

  •   ”Kowé kudu ngajèni putrané, bèn Gusti Allah ora nesu lan bèn kowé ora mati, merga Dhèwèké isa ujug-ujug nesu. Wong sing nggolèk perlindungan marang Dhèwèké kuwi bahagia.”​—Mazmur 2:12.

 Saka ramalan-ramalan ing Alkitab, awaké dhéwé ngerti nèk Yésus mulai mréntah taun 1914 lan Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa.​—Danièl 2:44.

 Bèn isa ndhukung Yésus lan Kerajaané Gusti Allah, wacanen artikel ”Ndhukung Kratoné Allah Saiki”.