Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

E+/taseffski/via Getty Images (Stock photo. Posed by model.)

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Apa ing Alkitab Ana Saran-Saran kanggo Cah-Cah Enom sing Kena Gangguan Méntal?

Apa ing Alkitab Ana Saran-Saran kanggo Cah-Cah Enom sing Kena Gangguan Méntal?

 Dina Senèn, 13 Februari 2023, Pusat Pengendalian dan Pencegahan Penyakit (CDC) nggawé laporan soal cah-cah enom ing Amerika sing kena gangguan méntal. Ing laporan kuwi disebutké nèk luwih saka 40 persèn cah SMA kena déprèsi.

 Dr. Kathleen Ethier, dirèktur Divisi Kesehatan Remaja dan Sekolah (DASH) ing CDC ngomong, ”Mémang, selama 10 taun iki cah enom sing kena gangguan méntal ana akèh banget. Tapi taun iki, cah wédok sing déprèsi nganti péngin bunuh diri dadi luwih akèh manèh.”

 Isiné laporan kuwi:

  •   Luwih saka 14 persèn cah wédok tau diperkosa. Dr. Ethier ngomong, ”Nèk njenengan kenal sepuluh cah wédok, berarti paling ora ana siji sing tau diperkosa. Iki parah banget.”

  •   Mèh 30 persèn cah wédok tau péngin bunuh diri.

  •   Mèh 57 persèn cah wédok strès lan déprèsi.

 Awaké dhéwé mesthi prihatin krungu laporan kuwi. Cah enom kuwi kuduné seneng-seneng. Piyé bèn cah enom ora strès lan déprèsi? Ing Alkitab ana saran-saran apa?

Saran-saran ing Alkitab

 Ing Alkitab disebutké nèk saiki ”keadaané bakal angèl diadhepi lan berbahaya”. (2 Timotius 3:1-5) Tapi, ing Alkitab ana saran-saran sing wis terbukti isa mbantu cah-cah enom ngadhepi masalah. Contoné, deloken ing artikel lan vidéo iki:

 Naséhat kanggo cah enom sing péngin bunuh diri

 Saran kanggo cah enom sing strès lan déprèsi

 Saran kanggo cah enom sing di-bully

 Saran kanggo cah enom sing ngalami pelècèhan sèksual

Saran kanggo wong tuwa

 Ing Alkitab ya ana saran kanggo wong tuwa bèn meréka isa mbantu anaké sing ngadhepi masalah. Deloken artikel-artikel iki: