Langsung mlebu

Apa Kerajaané Gusti Allah Kuwi Ana ing Njero Ati?

Apa Kerajaané Gusti Allah Kuwi Ana ing Njero Ati?

Jawaban ing Alkitab

 Ora. Kerajaané Gusti Allah ora ana ing njero ati. a Kerajaan kuwi ana ing swarga. Mula, Kerajaané Gusti Allah disebut ”Kerajaan swarga”. (Matius 4:​17) Ayo dibahas beberapa ayat sing dadi bukti nèk Kerajaané Gusti Allah kuwi pamréntahan sing ana ing swarga.

 Ing Alkitab ora dijelaské nèk Kerajaané Gusti Allah kuwi ana ing njero ati. Tapi, ”berita soal Kerajaan”, utawa ”kabar apik soal Kerajaan” isa menghibur awaké dhéwé.​—Matius 13:19; 24:14.

Apa maksudé ”Kerajaané Gusti Allah kuwi ana ing njero ati”?

 Wektu maca Lukas 17:21 ing beberapa terjemahan Alkitab, wong-wong dadi bingung Kerajaané Gusti Allah kuwi ana ing endi. Misalé, ing Alkitab King James Version disebutké nèk ”Kerajaané Gusti Allah kuwi ana ing njero ati”. Bèn isa ngerti maksudé ayat kuwi, awaké dhéwé kudu ngerti critané dhisik.

Kerajaané Gusti Allah ora ana ing atiné mungsuh-mungsuhé Yésus sing kejem lan jahat banget

 Wektu kuwi, Yésus lagi omong-omongan karo wong-wong Farisi, yaiku para pemimpin agama sing ora seneng karo Yésus lan péngin matèni Yésus. (Matius 12:14; Lukas 17:20) Yésus ngomong karo wong Farisi, ”Atimu munafik lan jahat banget.” (Matius 23:27, 28) Dadi ora mungkin nèk Kerajaané Gusti Allah ana ing njero atiné wong-wong kuwi.​—Matius 23:27, 28.

 Ing terjemahan Alkitab liyané, kata-katané Yésus ing Lukas 17:21 diterjemahké dadi ”Kratoning Allah iku ana ing antara mu”. (Cetak miring red.; Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi) ”Kerajaané Gusti Allah ana ing tengah-tengah mu.” (Terjemahan Donya Anyar) Dadi, wektu Yésus ngomong nèk Kerajaané Gusti Allah ana ing ”antara”, utawa ing ’tengah-tengahé’ wong Farisi, kuwi maksudé Yésus, Raja Kerajaané Gusti Allah, ana ing ngarepé wong-wong kuwi.​—Lukas 1:​32, 33.

a Akèh wong Kristen nganggep nèk Kerajaané Gusti Allah kuwi ana ing njero ati. Misalé, menurut gréja Southern Baptist Convention ing Amerika Serikat, Kerajaané Gusti Allah kuwi bagian saka ”pamréntahané Gusti Allah sing ana ing njero ati”. Terus, ing buku Jesus of Nazareth, Paus Benediktus XVI ngomong nèk ”Kerajaané Gusti Allah kuwi ana ing atiné wong-wong sing percaya”.