Langsung mlebu

Apa Isiné Alkitab Cocog karo Ilmu Pengetahuan?

Apa Isiné Alkitab Cocog karo Ilmu Pengetahuan?

Jawaban ing Alkitab

 Cocog. Meskipun Alkitab dudu buku soal ilmu pengetahuan, tapi keterangané soal ilmu pengetahuan mesthi bener. Ing ngisor iki ana bukti-buktiné. Ing Alkitab ya ana keterangan sing durung dingertèni wong-wong pas jamané Alkitab ditulis.

  •   Langit karo bumi diciptakké. (Purwaning Dumadi 1:1) Jaman mbiyèn akèh sing ngomong nèk langit karo bumi ora diciptakké, tapi ujug-ujug ana. Wong Babilon percaya nèk déwa-déwa sing nggawé langit karo bumi asalé saka laut loro. Terus, ya ana crita nèk langit karo bumi asalé saka endhog sing gedhé banget.

  •   Langit karo bumi diatur hukum alam, dudu déwa-déwa. (Ayub 38:33; Yérémia 33:25) Ana cerita nèk manungsa mung isa manut karo déwa-déwa, padahal déwa-déwa kuwi kejem.

  •   Bumi ora ana sing nyangga. (Ayub 26:7) Jaman mbiyèn, akèh wong percaya nèk bumi kuwi datar, terus disangga karo raksasa utawa kéwan, contoné kebo utawa kura-kura.

  •   Kali karo mata air asalé saka udan, salju, karo udan ès. Udan asalé saka banyu laut sing menguap. (Ayub 36:27, 28; Pengkhotbah 1:7; Yésaya 55:10; Amos 9:6) Wong Yunani jaman mbiyèn percaya nèk kali asalé saka laut sing ana ing bawah tanah. Wong-wong percaya soal kuwi nganti taun 1800-an.

  •   Gunung sing ing ngisor laut isa muncul ing permukaan. Gunung sing ing permukaan laut ya isa tenggelam. (Mazmur 104:​6, 8) Tapi, ana crita nèk déwa-déwa nyiptakké gunung bentuké langsung kaya saiki.

  •   Bèn tetep séhat kudu resikan. Bangsa Israèl dikèki hukum sing isiné termasuk kudu ngumbah klambi bar ndemèk mayat, kudu dikarantina nèk nduwé penyakit menular, terus bar ngising, kotorané kudu dipendhem. (Kaimaman 11:28; 13:​1-5; Pangandharing Torèt 23:13) Tapi wektu kuwi wong Mesir malah nambani luka nganggo obat sing dicampur kotorané manungsa.

Apa keterangan ing Alkitab soal ilmu pengetahuan kuwi bener?

 Bener. Ing ngisor iki ana pendapat nèk Alkitab ora cocog karo ilmu pengetahuan, tapi ana bukti nèk sakjané ora ngono:

 Salah: Menurut Alkitab, langit karo bumi diciptakké enem dina sing sedinané 24 jam.

 Bener: Ing Alkitab ora ana keterangan pastiné kapan Gusti Allah nyiptakké langit karo bumi. (Purwaning Dumadi 1:1) Terus, ing Purwaning Dumadi 1 ora ana keterangan sing pasti soal suwéné dina penciptaan. Pas Gusti Allah nyiptakké langit karo bumi, kuwi ya disebut ”dina”.​—Purwaning Dumadi 2:4.

 Salah: Menurut Alkitab, tanduran diciptakké sakdurungé matahari, padahal sinar matahari dibutuhké kanggo prosès fotosintesis.​—Purwaning Dumadi 1:​11, 16.

 Bener: Matahari kuwi salah siji bintang ing ”langit”. Menurut Alkitab, matahari diciptakké sakdurungé tanduran. (Purwaning Dumadi 1:1) Pas ”dina” pertama penciptaan, wis ana cahaya matahari sing tekan ing bumi. Pas ”dina” ketelu penciptaan, langité wis padhang, dadi cahaya matahariné wis isa dienggo prosès fotosintesis. (Purwaning Dumadi 1:​3-5, 12, 13) Sakwisé kuwi, matahari lagi isa kétok saka bumi.​—Purwaning Dumadi 1:​16.

 Salah: Menurut Alkitab, matahari ngubengi bumi.

 Bener: Menurut Pengkhotbah 1:5, ”Matahari terbit, lan matahari terbenam, terus cepet-cepet bali manèh ing panggonané terbit.” Tapi, ayat kuwi sakjané lagi njelaské pergerakané matahari nèk didelok saka bumi. Saiki, wong ya ngomong nèk ”matahari terbit” lan ”matahari terbenam”, padahal ngerti nèk sakjané bumi sing ngubengi matahari.

 Salah: Menurut Alkitab, bumi kuwi datar.

 Bener: Kata-kata ”papat ujung bumi” ora berarti bumi nduwé ujung, tapi kuwi maksudé sak donya.​—Wahyu 7:1.

 Salah: Menurut Alkitab, keliling lingkaran kuwi ping teluné diamèter padahal sing bener kuduné dipingké pi (π), utawa dipingké 3,1416.

 Bener: ”Laut Tembaga” sing disebutké ing 1 Para Raja 7:​23 karo 2 Babad 4:2 diamèteré 10 hasta, terus ”kelilingé 30 hasta”. Mungkin bèn gampang, ukurané mung dipingké telu. Kuwi ya mungkin ukuran diamèter bagéan njaba lan keliling bagéan njero.