Jenengé Gusti Allah Ana Pira?
Jawaban ing Alkitab
Jenengé Gusti Allah mung siji. Ing basa Ibrani jenengé Gusti Allah יהוה nèk ing basa Jawa jeneng kuwi diterjemahké dadi ”Yéhuwah”. a Liwat Nabi Yésaya Gusti Allah ngomong, ”Aku Yéhuwah, kuwi jeneng-Ku.” (Yésaya 42:8) Jeneng kuwi ditulis mèh ping 7.000 ing naskah Alkitab kuna. Jeneng kuwi sing paling kerep disebutké ing Alkitab timbang sebutané Gusti Allah utawa jenengé wong. b
Apa Gusti Allah nduwé jeneng liya?
Menurut Alkitab, jenengé Gusti Allah mung siji, tapi sebutané akèh. Saka sebutan-sebutan kuwi, awaké dhéwé isa ngerti sifat-sifaté Yéhuwah. Iki contoné:
Sebutan |
Ayat |
Arti |
---|---|---|
Allah |
(Ora ana) |
Kata ”Allah” asalé saka basa Arab. Kuwi dudu jeneng, tapi sebutan sing artiné ”Gusti Allah”. Ing Alkitab basa Arab karo basa liyané, kata ”Gusti Allah” diterjemahké ”Allah”. |
Sing Mahakuwasa |
Kuwasané ora ana tandhingané. Kata Ibrani ʼEl Shad·daiʹ, sing artiné ”Gusti Allah sing Mahakuwasa” ana pitu ing Alkitab. |
|
Alfa lan Oméga |
”Sing pertama lan terakhir”, ”sing awal lan sing akhir”. Kuwi artiné ora ana Gusti Allah sing mahakuwasa sakdurungé lan sakwisé Yéhuwah. Alfa karo Oméga kuwi huruf pertama karo sing terakhir abjad Yunani. |
|
Sing Lanjut Usia |
Ora ana awalé. Wis ana sakdurungé liyané ana.—Mazmur 90:2. |
|
Sing Nyiptakké |
Sing nyiptakké sak kabèhé.—Wahyu 4:11. |
|
Bapak |
Sing nggawé urip. |
|
Gusti Allah |
Sing disembah; sing kuwasa. Kata Ibraniné ʼElo·him’ maksudé Yéhuwah kuwi mahakuwasa, luhur, lan mulia. |
|
Gusti Allah sing luwih unggul timbang allah-allah liyané |
Gusti Allah sing Mahaluhur, béda karo ”allah-allah sing ora ana gunané” sing disembah wong.—Yésaya 2:8. |
|
Guru sing hébat |
Mulang lan nuntun.—Yésaya 48:17, 18. |
|
Gusti Allah sing bahagia |
Gusti Allah sing seneng terus.—Mazmur 104:31. |
|
Sing ngrungokké donga |
Gusti Allah seneng ngrungokké donga. |
|
Aku Bakal Dadi Apa Waé sing Tak Péngini |
Gusti Allah isa dadi apa waé bèn sing dikarepké kelakon. Kuwi arti jeneng Yéhuwah sing disebutké ing ayat 15. |
|
Mung Dhèwèké sing kudu disembah |
Ora éntuk nyembah Allah liya sakliyané Dhèwèké. |
|
Raja kanggo saklawasé |
Dhèwèké mréntah saklawasé. |
|
Gusti |
Sing nduwé utawa majikan; kata Ibraniné ʼA·dhohnʹ lan ʼAdho·nimʹ. |
|
Sing Mahaluhur |
Sing kedudukané paling dhuwur. |
|
Sing Mahasuci |
Sing paling suci. |
|
Pengrajin tanah liat |
Nduwé wewenang ngatur manungsa, kaya pengrajin mbentuk tanah liat.—Roma 9:20, 21. |
|
Sing nebus |
Dhèwèké nebus manungsa bèn ora dosa lan mati nganggo korban tebusané Yésus Kristus.—Yohanes 3:16. |
|
Gunung Watu |
Dhèwèké nglindhungi lan nylametké. |
|
Sing nylametké |
Nylametké saka bahaya. |
|
Gembala |
Nggatèkké umaté. |
|
Gusti sing Mahakuwasa |
Kedudukané paling dhuwur; kata Ibraniné ʼAdho·naiʹ. |
Jeneng panggonan ing Kitab-Kitab Ibrani
Ana panggonan sing nganggo jenengé Gusti Allah, tapi kuwi dudu jenengé Gusti Allah.
Panggonan |
Ayat |
Arti |
---|---|---|
Yéhuwah-yirèh |
”Yéhuwah Bakal Nyedhiyani.” |
|
Yéhuwah-nissi |
”Yéhuwah Kuwi Tandhaku.” Yéhuwah mbantu lan nglindhungi umaté.—Pangentasan 17:13-16. |
|
Yéhuwah-syalom |
”Yéhuwah Kuwi Katentreman.” |
Ngapa kok kudu ngerti lan nyebut jenengé Gusti Allah?
Yéhuwah péngin wong nyebut jenengé, mulané kuwi ditulis nganti akèh banget ing Alkitab.—Maléakhi 1:11.
Yésus bola-bali nyebut jenengé Gusti Allah, contoné pas ndonga dhèwèké ngomong, ”Muga-muga jeneng-Mu disucèkké.”—Matius 6:9; Yohanes 17:6.
Wong sing ngerti lan nyebut jenengé Gusti Allah isa dadi kancané. Yéhuwah janji karo kanca-kancané, ”Aku bakal nylametké dhèwèké merga dhèwèké sayang karo Aku. Aku bakal nglindhungi dhèwèké merga dhèwèké kenal jeneng-Ku.”—Mazmur 91:14.
Menurut Alkitab, ”Ana sing disebut allah ing swarga lan ing bumi, lan pancèn ana akèh sing disebut ’allah’ lan ’gusti.’” (1 Korintus 8:5, 6) Tapi Gusti Allah sing bener jenengé Yéhuwah.—Mazmur 83:18.
a Ana penerjemah basa Ibrani sing nerjemahké jenengé Gusti Allah ”Yahwèh”.
b ”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah sing disebutké ing Alkitab kira-kira nganti ping 50 termasuk kata ”Haléluya” sing artiné ”Pujinen Yah”.—Wahyu 19:1; Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.