Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

CARANÉ SUMBANGANÉ NJENENGAN DIGUNAKKÉ

Penerjemahan Acara Kebaktian Gabungan Wilayah Taun 2020 ”Terusa Bungah”

Penerjemahan Acara Kebaktian Gabungan Wilayah Taun 2020 ”Terusa Bungah”

10 JULI 2020

 Kebaktian Gabungan Wilayah taun 2020 judhulé ”Terusa Bungah”. Ora kaya taun-taun sakdurungé, kebaktian iki bakal dinikmati karo kabèh sedulur sakdonya liwat rekaman vidéo ing sasi Juli lan Agustus. Mula, rekaman vidéo kuwi kudu diterjemahké ing luwih saka 500 basa. Biasané, mbutuhké wektu setaun utawa luwih kanggo ngrampungké proyèk kaya ngéné iki. Ning merga ana virus corona, proyèk iki kudu rampung kurang saka patang sasi.

 Kanggo nggarap proyèk sing gedhé iki, tim penerjemah mbutuhké akèh peralatan, khususé mikrofon sing kualitasé apik. Mula, Layanan Terjemahan lan Bagian Pembelian Kantor Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah kerjasama kanggo ndhukung proyèk iki. Sakwisé éntuk laporan saka Layanan Terjemahan, Bagian Pembelian nukokké 1000 mikrofon sing bakal dikirim ing mèh 200 lokasi.

 Regané mikrofon lan ongkos kirimé kira-kira loro setengah juta. Kuwi luwih hémat 20 persèn, merga tukuné luwih akèh sisan lan dikirim ing sak panggonan, bar kuwi lagi dikirim ing panggonan liyané.

 Bagian Pembelian kudu tuku lan ngirim peralatan kanggo rekaman ing sasi April lan Mei 2020. Kuwi ora gampang, merga akèh perusahaan kena dampak virus corona lan ora isa kerja kaya biasané. Senajan ngono, ing akhir Mei kabèh penerjemah ing kantor penerjemahan jarak jauh, kantor cabang, lan panggonan liyané wis nampa peralatan kuwi.

 Pengawas Bagian Pembelian sing jenengé Jay Swinney kandha, ”Ana kerja sama sing apik antara departemèn-departemèn ing Bètel lan perusahaan-perusahaan sing ndhukung proyèk iki. Hasilé, proyèk iki isa rampung luwih cepet lan awaké dhéwé isa ngirit dhuwit sumbangan. Kuwi kabèh isa kelakon merga roh suciné Yéhuwah.”

 Sedulur Nicholas Ahladis, sing kerja ing Layanan Terjemahan, kandha, ”Para penerjemah sing lagi lockdown seneng banget wektu nampa peralatan kuwi. Senajan ora isa langsung ketemu karo para penerjemah liyané, para penerjemah kuwi tetep isa kerja sama kanggo nerjemahké lan ngrekam ceramah, drama, lan lagu ing luwih saka 500 basa.”

 Gawéan penerjemahan iki termasuk salah siji proyèk sing kudu dirampungké bèn kabèh sedulur sak donya isa nikmati Kebaktian Gabungan Wilayah taun 2020 ”Terusa Bungah”. Kabèh peralatan kanggo ndhukung gawéan penerjemahan iki isa dituku merga njenengan wis apikan mènèhi sumbangan liwat situs donate.pr418.com.