Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kanggo nggawé drama Alkitab iki, dibutuhké luwih saka 27.500 kilogram krikil ing studio Mt. Ebo

CARANÉ SUMBANGANÉ NJENENGAN DIGUNAKKÉ

Nggawé Vidéo Kebaktian Gabungan Wilayah 2020 ”Terusa Bungah”

Nggawé Vidéo Kebaktian Gabungan Wilayah 2020 ”Terusa Bungah”

10 AGUSTUS 2020

 Vidéo-vidéo ing kebaktian gabungan wilayah mesthi nguwatké lan mbantu awaké dhéwé luwih paham wulangané Alkitab. Ing kebaktian gabungan wilayah taun 2020 ”Terusa Bungah”, ana 114 vidéo sing diputer. Kuwi termasuk 43 ceramah sing disampèkké karo anggota Pengurus Pusat lan asistèné. Piyé carané lan pira biaya sing dibutuhké kanggo nggawé kabèh vidéo kuwi?

 Ana kira-kira 900 sedulur sing nggunakké wektu lan ketrampilané kanggo nggawé vidéo-vidéo kuwi. Para sedulur kuwi nggunakké kira-kira 100.000 jam kanggo nggarap gawéan iki sing suwéné rong taun luwih. Iki termasuk 70.000 jam sing dibutuhké kanggo ngrampungké drama Alkitab Néhémia: ”Rasa Bungah saka Yéhuwah Nggawé Kowé Kuwat” sing suwéné 76 menit.

 Kaya sing mungkin njenengan pikirké, dibutuhké biaya sing akèh kanggo nyedhiakké kebutuhané para rélawan, bantuan tèknis, peralatan, lan fasilitas sing dibutuhké kanggo ngrampungké gawéan iki.

 Jared Gossman sing kerja ing Layanan Audio/Video kandha, ”Panitya Pendhidhikan saka Pengurus Pusat seneng nduduhké vidéo saka negara lan budaya sing béda-béda. Tujuané yaiku bèn wong-wong isa ndelok persatuané umaté Yéhuwah. Mula, ana 24 tim ing 11 negara sing kerja sama kanggo ngrampungké gawéan iki. Gawéan sing gedhé kaya ngéné mbutuhké pengaturan, rencana sing apik, lan sumber daya sing akèh.”

 Akèh vidéo sing mbutuhké peralatan lan panggonan sing khusus. Contoné, panggonan kanggo syuting drama Néhémia: ”Rasa Bungah saka Yéhuwah Nggawé Kowé Kuwat” digawé ing studio Mt. Ebo ing Patterson, New York, AS. Bèn isa ngirit dhuwit sumbangan lan nggawé panggonan sing padha karo asliné, para sedulur nggawé rancangan sing padha persis karo témbok Yérusalèm kuno. Saben rancangan sing digawé saka kayu kuwi dhuwuré enem mèter lan dilapisi busa sing dibentuk kaya watu. ”Témbok” kuwi isa dipindhah-pindhah bèn isa cocog karo keadaan sing ana ing kisah asliné. Senajan nggunakké rancangan iki, isih dibutuhké 1,4 milyar rupiah kanggo nggawé rancangan kuwi. a

 Awaké dhéwé mesthi tambah bersyukur merga ngerti piyé carané vidéo iki digawé. Awaké dhéwé yakin nèk upaya sing ditindakké kanggo nggawé vidéo-vidéo iki isa nggawé Yéhuwah tambah dimulyakké. Maturnuwun kanggo sumbangané njenengan liwat situs donate.pr418.com lan liwat cara liyané. Sumbangané njenengan isa ndhukung gawéan sakdonya.

a Syuting drama Néhémia: ”Rasa Bungah saka Yéhuwah Nggawé Kowé Kuwat” digawé sakdurungé ana wabah COVID-19. Dadi ora perlu pembatasan sosial.