Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Donya Anyar Wis Cedhak

Donya Anyar Wis Cedhak

Download:

  1. 1. Krungu swara manuk ngocèh,

    Ndelok langit sing cerah.

    Mlaku-mlaku liwat sawah

    Ngrasakké segeré udara.

    Lan akhiré ketemu

    Kanca lan k’luargaku.

    Bumi dadi Firdaus

    Wis ora suwé menèh.

  2. 2. Wong-wong padha mbangun omah

    Nèng gunung lan nèng lembah.

    Nèng cedhaké ana kali,

    Swarané nggawé ayem ati.

    Sawah sing tak liwati,

    Wis siap panèn pari.

    Donya sing tak entèni

    Wis ora suwé menèh.

    (BRIDGE)

    Bareng-bareng ‘dha ngrasakké

    Urip ayem lan nyenengké.

    Ora ana sing sengsara.

    Donya anyar wis mèh teka.

  3. 3. Kabèh ngrasa bahagia,

    Ngumpul bareng k’luarga.

    Tangi ésuk saben dina,

    Langsung ndelok taman nèng njaba.

    Maturnuwun Yéhuwah

    Berkah luar biasa.

    Sing bakal tak rasakké

    Wis ora suwé menèh.

    (BRIDGE)

    Saben dina bahagia,

    Ndelok wajah sing ceria.

    Rasané kaya ngimpi,

    Ketemu sing tak kangeni.

  4. 4. Yéhuwah wis janji

    Lan mesthi ditepati.

    Firdaus sing tak entèni

    Bakal dadi nyata nèng bumi.

    Wektu mbayangké kuwi

    Rasané ayem ati.

    Urip sing tak péngini

    Wis ora suwé menèh.