Donya sing Anyar
Download:
1. Coba bayangna keadaané
Wektu isa urip nèng donya anyar.
Bocah padha dolanan
Nèng donya sing nyenengké lan aman.
T’rus ngopèni bumi sing endah iki.
Ngrasakké damai kaya janjiné Yah.
Kuwi bakal s’lawasé.
Kuwi ya bukti tresnané Yéhuwah.
Wektu dipréntah
Karo Putrané
Nèng donya sing anyar.
(REFREIN)
Harapan t’rus nèng ati.
Harapan kuwi sing nguwatké.
Harapané isa tambah nyata
Nèk mbayangké urip
Nèng donya sing anyar
2. Ayo saiki mbayangké menèh
Panggonan sing bakal dadi omahmu.
Kowé manggon nèng kono.
Kowé mlaku-mlaku nèng ngarep omah.
T’rus ana sing marani,
Lan kowé terus langsung nangis.
Ning, kowé bahagia
Ketemu karo sing dibangkitké.
K’wasané Huwah
Tambah kétok nyata
Nèng donya sing anyar.
(REFREIN)
Harapan t’rus nèng ati
Harapan kuwi sing nguwatké.
Harapané isa tambah nyata
Nèk mbayangké urip
Nèng donya sing anyar
(BRIDGE)
Kabèh janjiné Huwah
Mesthi kelakon, kuwi pasti.
Tujuané Yéhuwah
Kabèh isa ngrasa bahagia.
(REFREIN)
Harapan t’rus nèng ati.
Harapan kuwi sing nguwatké.
Harapané isa tambah nyata
Nèk mbayangké urip
Nèng donya sing anyar,
Nèng donya sing anyar,
Nèng donya sing anyar,
Nèng donya sing anyar.