Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?

Seksi-Seksi Yéhuwah ana ing sakdonya lan asalé saka kabèh suku sarta budaya. Apa sing nggawé anggotané dadi rukun?

Apa Kersané Gusti Allah?

Gusti Allah kepéngin kersané diwartakaké ing salumahing bumi. Apa kersané? Jaman saiki sapa sing mulang bab iki marang wong-wong?

PELAJARAN 1

Wong-Wong Kaya Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Iku?

Apa ana Seksi Yéhuwah sing panjenengan kenal? Apa panjenengan ngerti sapa sajané Seksi-Seksi Yéhuwah iku?

PELAJARAN 2

Apa Sebabé Dijenengi Seksi-Seksi Yéhuwah?

Pikiren telung alesan apa sebabé nggunakaké jeneng Seksi-Seksi Yéhuwah.

PELAJARAN 3

Kepriyé Wong-Wong Bisa Ngerti Manèh Wulangan sing Bener saka Alkitab?

Kepriyé awaké dhéwé bisa yakin yèn saiki pancèn wis nampa wulangan sing satenané saka Alkitab?

PELAJARAN 4

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Nggawé Terjemahan Dunia Baru?

Apa sebabé terjemahan Alkitab iki béda karo liyané?

PELAJARAN 5

Apa Waé Paédahé Yèn Teka ing Pakumpulan Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah?

Seksi Yéhuwah ngumpul kanggo sinau Alkitab lan ngélingaké siji lan sijiné. Seksi Yéhuwah seneng panjenengan teka.

PELAJARAN 6

Apa Gunané Kekancan karo Seksi-Seksi Yéhuwah?

Alkitab kandha kekancan karo Seksi Yéhuwah iku penting. Wacanen bab gunané kekancan karo Seksi Yéhuwah.

PELAJARAN 7

Ana Acara Apa Waé ing Pakumpulan Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah?

Apa panjenengan tau takon kaya apa pakumpulan ibadahé Seksi Yéhuwah iku? Piwulang Alkitab ing pakumpulan ibadahé Seksi Yéhuwah iku apik banget. Yèn teka, panjenengan mesthi gumun.

PELAJARAN 8

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Dandan lan Nganggo Sandhangan sing Pantes Nalika Ngibadah?

Dandanan lan sandhangan sing pantes nalika ibadah, apa iku penting kanggo Gusti Allah? Golèka pathokané Alkitab sing mbantu milih dandanan lan sandhangan sing pantes.

PELAJARAN 9

Kepriyé Carané Supaya Éntuk Paédah saka Pakumpulan Ibadah?

Panjenengan bisa éntuk paédah yèn nyinaoni bahané sadurungé teka ing pakumpulan ibadah.

PELAJARAN 10

Apa Ibadah Sakulawarga Iku?

Wacanen bab carané acara iki mbantu panjenengan cedhak karo Yéhuwah lan nggawé kulawarga saya rukun.

PELAJARAN 11

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Teka ing Kebaktian?

Pendhak taun, Seksi-Seksi Yéhuwah ngumpul ing telung kebaktian. Apa gunané teka ing kebaktian iku?

PELAJARAN 12

Kepriyé Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Martakaké Kabar Apik?

Seksi-Seksi Yéhuwah niru contoné Yesus carané martakaké injil wektu ing bumi. Nganggo cara apa waé?

PELAJARAN 13

Perintis Iku Apa?

Ana Seksi Yéhuwah sing sesasi nginjil 30 jam, 50 jam, utawa luwih. Ngapa kok gelem ngono?

PELAJARAN 14

Ana Sekolah Apa Waé kanggo Para Perintis?

Ana sekolah apa waé kanggo wong-wong sing nggunakaké uripé kusus kanggo nginjil?

PELAJARAN 15

Apa Waé Tugasé Pinituwa?

Para pinituwa kuwi wong sing kuwat imané lan sing ngatur jemaat. Apa sing ditindakaké kanggo jemaat?

PELAJARAN 16

Apa Waé Gawéané Abdiné Jemaat?

Abdiné jemaat mbantu supaya urusané jemaat dadi lancar. Wacanen apa waé gawéané iku.

PELAJARAN 17

Apa Waé Tugasé Pinituwa Wilayah?

Kanggo apa pinituwa wilayah niliki jemaat-jemaat? Apa paédahé kanggo panjenengan?

PELAJARAN 18

Kepriyé Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Mbantu Sedulur Liyané sing Kena Musibah?

Wektu ana musibah, Seksi-Seksi Yéhuwah cepet-cepet mènèhi bantuan lan panglipuran kanggo sing kena musibah. Kepriyé carané?

PELAJARAN 19

Abdi sing Setya lan Pinter Iku Sapa, ta?

Yésus janji bakal netepaké abdi kanggo mènèhi pangertèn bab Gusti Allah ing wektu sing pas. Kepriyé carané?

PELAJARAN 20

Apa sing Ditindakaké Pengurus Pusat ing Jaman Saiki?

Ing jamané para rasul, ana sabagéan rasul-rasul lan para pinituwa sing dadi pengurus pusat. Saiki kepriyé?

PELAJARAN 21

Bètel Iku Apa?

Bètel iku panggonan kusus kanggo nindakaké gawéan sing penting. Wacanen bab wong-wong sing ngabdi ing kono.

PELAJARAN 22

Ana Gawéan Apa Waé ing Kantor Cabang?

Sapa waé éntuk teka ndelok-ndelok ing kantor cabangé Seksi-Seksi Yéhuwah. Panjenengan uga éntuk teka.

PELAJARAN 23

Kepriyé Wacané Seksi-Seksi Yéhuwah Digawé lan Diterjemahaké?

Seksi-Seksi Yéhuwah nggawé wacan nganggo luwih saka 750 basa. Apa sebabé kuwi ditindakaké?

PELAJARAN 24

Kepriyé Carané Gawéané Seksi-Seksi Yéhuwah Sadonya Diragadi?

Apa bédané Seksi-Seksi Yéhuwah karo agama liyané ing bab carané ngragadi gawéané?

PELAJARAN 25

Apa Sebabé Balé Ibadah Dibangun lan Kepriyé Carané?

Balé Ibadah iku panggonan kanggo apa? Wacanen bab gunané bangunan iki kanggo jemaat.

PELAJARAN 26

Kepriyé Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Ngrumat Balé Ibadahé?

Nèk Balé Ibadah resik lan kerumat, Gusti Allah dadi diajèni. Kepriyé carané Seksi-Seksi Yéhuwah ngrumat Balé Ibadah?

PELAJARAN 27

Ana Apa Waé ing Perpustakaané Balé Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah?

Apa panjenengan kepéngin éntuk katrangan sing luwih akèh bab Alkitab? Tekaa ing perpustakaané Balé Ibadah.

PELAJARAN 28

Ana Apa Waé ing Situsé Seksi-Seksi Yéhuwah?

Panjenengan bisa nggolèk katrangan bab Seksi Yéhuwah lan kapracayané, uga jawaban saka pitakonan bab Alkitab.

Apa Panjenengan Gelem Nindakaké Kersané Yéhuwah?

Allah Yéhuwah nresnani panjenengan. Kepriyé panjenengan mbuktèkaké yèn péngin nyenengaké atiné Yéhuwah saben dina?