Langsung mlebu

PENJELASAN AYAT ALKITAB

Wulang Bebasan 3:5, 6, ”Aja Suméndhé marang Pangretènmu Dhéwé”

Wulang Bebasan 3:5, 6, ”Aja Suméndhé marang Pangretènmu Dhéwé”

 ”Kowé kudu percaya karo Yéhuwah saktulusé atimu, lan aja ngendelké pengetahuanmu dhéwé. Kowé kudu éling karo Dhèwèké ing saben tumindakmu, lan Dhèwèké bakal nggawé kowé berhasil.”​—Wulang Bebasan 3:5, 6, Terjemahan Donya Anyar.

 ”Kumandela marang Pangéran Yéhuwah klawan gumolonging atimu, lan aja suméndhé marang pangretènmu dhéwé. Ing salaku-lakumu ngakonana Panjenengané, temah Panjenengané bakal nglencengaké dalanmu.”​—Wulang Bebasan 3:5, 6, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.

Artiné Wulang Bebasan 3:5, 6

 Pas arep nggawé keputusan, awaké dhéwé kudu njaluk arahané Yéhuwah a, aja mung ngendelké pikirané dhéwé.

 ”Kowé kudu percaya karo Yéhuwah saktulusé atimu.” Percaya karo Yéhuwah kuwi maksudé tingkah lakuné awaké dhéwé sesuai karo pathokané Gusti Allah. Awaké dhéwé bener-bener percaya karo Gusti Allah saktulusé ati. Ing Alkitab, kata ati biasané ana hubungané karo cara mikir, apa sing disenengi, apa sing péngin ditindakké, lan apa alesané nindakké kuwi. Dadi, percaya karo Gusti Allah saktulusé ati kuwi ora mung perasaan ing ati thok. Awaké dhéwé gelem percaya merga yakin nèk Gusti Allah ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé.​—Roma 12:1.

 ”Aja ngendelké pengetahuanmu dhéwé.” Awaké dhéwé kudu percaya karo Gusti Allah soalé awaké dhéwé ora sempurna, dadi ora isa ngendelké pikirané dhéwé. Pas arep nggawé keputusan, nèk mung ngendelké pikiran utawa perasaan, mungkin awaké dhéwé nganggep nèk keputusané wis apik, tapi jebulé hasilé ora apik. (Wulang Bebasan 14:12; Yérémia 17:9) Terus, kawicaksanané Gusti Allah kuwi luwih unggul timbang awaké dhéwé. (Yésaya 55:8, 9) Nèk gelem manut pathokané Gusti Allah, awaké dhéwé bakal bahagia.​—Mazmur 1:1-3; Wulang Bebasan 2:6-9; 16:20.

 ”Kowé kudu éling karo Dhèwèké ing saben tumindakmu.” Awaké dhéwé péngin niru cara mikiré Yéhuwah wektu nindakké kegiatan apa waé, termasuk pas arep nggawé keputusan. Carané, ndonga njaluk tuntunané Yéhuwah lan manut karo pathokan sing ana ing Alkitab.​—Mazmur 25:4; 2 Timotius 3:16, 17.

 ”Dhèwèké bakal nggawé kowé berhasil.” Carané Yéhuwah nggawé awaké dhéwé berhasil yaiku nyedhiakké pathokan ing Alkitab lan mbantu awaké dhéwé bèn isa manut pathokan kuwi. (Wulang Bebasan 11:5) Hasilé, awaké dhéwé bakal luwih bahagia lan ora bakal kena masalah sing sakjané ora perlu dialami.​—Mazmur 19:7, 8; Yésaya 48:17, 18.

Latar Belakangé Wulang Bebasan 3:5, 6

 Buku Wulang Bebasan isiné pathokan-pathokan sing isa nggawé awaké dhéwé bahagia lan isa nyenengké Gusti Allah. Bab 1 nganti 9 isiné naséhat-naséhat saka bapak kanggo anaké. Bab 3 mbahas apa manfaaté nèk manut préntahé Gusti Allah lan nganggep kuwi berharga.​—Wulang Bebasan 3:13-26.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.​—Mazmur 83:18.