Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Kenapa Wong Tuwaku Ora Ngijinké Aku kanggo Seneng-Seneng?

Kenapa Wong Tuwaku Ora Ngijinké Aku kanggo Seneng-Seneng?

 Kowé dijak dolan karo kanca-kancamu. Nah pas arep njaluk ijin, kowé wis mikir nèk ora bakal diijinké wong tuwamu soalé sing sakdurungé ya ngono. Kenyataané tenan kowé ora diijinké.

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Kenapa wong tuwaku selalu nglarang aku?

 Kowé mungkin ngrasa nèk wong tuwamu selalu nglarang kowé, akhiré kowé mikir nèk wong tuwamu ora péngin kowé seneng-seneng.

 Cah enom sing jenengé Marie ya ngrasa ngono wektu pertama kali nduwé HP. Marie ngomong, ”Bapakku ngekèki akèh aturan, misalé soal aplikasi apa sing éntuk tak download, sapa waé sing éntuk tak chat, lan nganti jam pira aku éntuk chatting-an. Padahal, kanca-kancaku bébas nèk mèh ngapa-ngapa.”

 Kanggo dipikirké: Apa bapaké Marie mémang ora péngin anaké seneng-seneng? Apa sing mungkin dikuwatirké bapaké Marie?

Pas nyetir, kudu ana batas kecepatan bèn kowé ora kecelakaan. Padha kaya ngono, aturan sing digawé wong tuwa isa nglindhungi kowé bèn ora kena masalah.

 Cobanen: Bayangna kowé nduwé anak sing isih remaja lan lagi waé nduwé HP. Apa sing mbok kuwatirké? Kira-kira kowé bakal ngekèki aturan apa bèn anakmu ora kenapa-napa? Terus, nèk anakmu ngomong kowé ora ngéntukké dhèwèké seneng-seneng, kowé bakal piyé?

 ”Bapakku kerep ngomong, ’Coba bayangké nèk kowé dadi wong tuwa.’ Nèk mbayangké kaya ngono, aku ora mung ngerti apa manfaaté aturan kuwi, tapi ya dadi paham kenapa wong tuwaku nggawé aturan kuwi. Nèk nduwé anak, aku péngin anakku manut karo aku, kaya bapakku sing péngin aku manut karo dhèwèké.”—Tanya.

 Piyé bèn wong tuwaku ora nglarang aku terus?

 Aja nganti: Ngenengké, mbantah, utawa protès karo wong tuwa.

 ”Nèk kowé mbengok-mbengok, masalahé ora bakal rampung. Kowé lan wong tuwamu malah bakal kesel dhéwé. Nèk kowé mbantah, wong tuwamu bakal nganggep nèk kowé durung déwasa lan durung isa dipercaya.”—Richard.

 Luwih apik: Daripada langsung ora setuju karo wong tuwamu, luwih apik bayangna apa sing mungkin dipikirké wong tuwamu. Pikirna iki, ’Apa mémang wong tuwamu bener-bener ora percaya karo kowé? Utawa, apa wong tuwamu nglarang merga wedi nèk kowé kenapa-napa ing kono? Apa wong tuwamu ora sreg karo kanca-kanca dolanmu?’ Coba bahasen iki karo wong tuwamu bèn kowé isa paham kenapa wong tuwamu nglarang kowé.

 ”Nèk wong tuwaku ngekèki aturan, tujuané mesthi apik. Wong tuwaku ora nglarang aku kanggo seneng-seneng. Meréka mung ora péngin aku kena masalah.”—Ivy.

 Ayat Alkitab: ”Wong bodho gampang ngamuk, ning wong wicaksana tetep tenang.”—Wulang Bebasan 29:11.

 Aja nganti: Ora jujur karo wong tuwamu.

 ”Aku ora manut karo bapakku. Aku meneng-meneng nge-chat kancaku pas tengah wengi utawa download aplikasi sing ora diéntukké karo bapakku. Akhiré aku konangan, terus bapakku ngekèki aturan sing luwih ketat merga dhèwèké wis ora percaya manèh karo aku. Pokoké nèk meneng-meneng nglanggar aturané wong tuwa, hasilé mesthi ora apik.”—Marie.

 Luwih apik: Buktèkna nèk kowé gelem manut aturané wong tuwamu bèn meréka isa percaya karo kowé.

 ”Kudu sabar. Meskipun wong tuwamu ora langsung ngubah aturané, ngupayaa tetep manut karo wong tuwamu. Isa waé mengko wong tuwamu bakal ngekèki luwih akèh kebébasan.”—Melinda.

 Ayat Alkitab: ”Kowé kudu manut karo wong tuwamu.”—Kolose 3:20.

 Aja nganti: Meksa wong tuwamu kanggo ngijinké kowé. Misalé kowé crita nèk kanca-kancamu diijinké karo wong tuwané, dadi kowé berharap wong tuwamu ya bakal ngijinké kowé.

 ”Nèk kowé terus ngrèngèk lan meksa wong tuwamu, isa waé wong tuwamu malah tambah ora ngijinké lan akhiré sing mbok péngini malah ora kelakon.”—Natalie.

 Luwih apik: Pas mbahas soal aturan ing omah karo wong tuwamu, kowé isa nggunakké lembar kegiatan sing judhulé, ”Kamu Mau Ubah Peraturan di Rumah?

 ”Wong tuwa péngin awaké dhéwé nggawé keputusan sing apik. Dadi pas ngobrol karo wong tuwaku, aku ngupaya mènèhi penjelasan sing masuk akal, ora mung nuruti perasaanku thok. Hasilé, aku luwih kerep diijinké karo wong tuwaku.”—Joseph.

 Ayat Alkitab: ”Kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu.”—Éfésus 6:2.