Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Bèn Aku Isa Nolak Godhaan?

Piyé Bèn Aku Isa Nolak Godhaan?

 Rasul Paulus nulis, ”Wektu aku péngin nindakké apa sing bener, sing ana ing njero awakku malah kepénginan kanggo nindakké apa sing èlèk.” (Roma 7:​21) Apa kowé ya tau ngrasa kaya ngono? Nèk iya, ing artikel iki ana saran-saran sing isa ditrapké bèn kowé isa nolak godhaan.

 Apa kowé ngerti?

 Luwih angèl nolak godhaan nèk kuwi saka kanca-kancamu. Kuwi cocog karo sing disebutké ing Alkitab, ”Bergaul karo wong sing ora apik bakal ngrusak kebiasaan sing apik.” (1 Korintus 15:33) Hiburan lan pengaruh sing èlèk saka wong liya kuwi isa marakké kowé dadi kegodha kanggo nglakoni sing salah. Malah, kowé isa ”nindakké kejahatan mung merga akèh sing tumindak kaya ngono”.​—Pangentasan 23:2.

 ”Kepénginan kanggo disenengi lan ditampa karo kanca-kancamu kuwi isa nggawé kowé nglakoni kabèh sing disenengi meréka.”​—Jeremy.

 Kanggo dipikirké: Nèk terlalu mikirké pandhangané wong liya soal kowé, ngapa kok kuwi isa nggawé kowé dadi angèl kanggo nolak godhaan?​—Wulang Bebasan 29:25.

 Intiné: Aja nganti pengaruhé kanca-kancamu nggawé kowé dadi ora nduwé pendirian.

 Apa sing isa diupayakké?

 Nduwé pendirian. Nèk kowé ora nduwé pendirian, kowé dadi kaya bonéka sing diatur karo wong liya. Bèn ora kaya ngono, kowé isa ngetrapké naséhat ing Alkitab sing nyebutké, ”Kowé kudu mastèkké apa sing bener lan terus nindakké apa sing apik.” (1 Tésalonika 5:​21) Dadi nèk kowé paham apa sing bener menurut Gusti Allah, kowé bakal berupaya kanggo manut lan bakal luwih gampang kanggo nolak godhaan.

 Kanggo dipikirké: Ngapa kok kowé yakin nèk pathokané Gusti Allah kuwi bermanfaat kanggo kowé?

 ”Aku ngerti nèk aku nduwé pendirian lan nolak godhaan, wong-wong dadi luwih menghargai aku.”​—Kimberly.

 Tokoh Alkitab sing isa ditiru: Danièl. Meskipun isih enom, Danièl ”nduwé tékad ing atiné” kanggo manut karo hukumé Gusti Allah.​—Danièl 1:8.

Nèk kowé ora nduwé pendirian, kowé dadi kaya bonéka sing diatur karo wong liya

 Ngerti kelemahanmu. Ing Alkitab disebutké soal ”kepénginané cah enom”. Kepénginan kuwi isa kuwat banget wektu isih enom. (2 Timotius 2:​22) Kepénginan kuwi ora mung soal sèks thok, tapi kuwi ya kepénginan kanggo ditampa karo kanca-kanca utawa péngin bébas saka aturané wong tuwa.

 Kanggo dipikirké: Ing Alkitab disebutké nèk ”saben wong diuji wektu dhèwèké ditarik lan digodha karo kepénginané dhéwé”. (Yakobus 1:​14) Kepénginan apa sing menurutmu paling angèl kanggo ditolak?

 ”Kowé kudu jujur karo diri sendiri, godhaan apa sing angèl kanggo ditolak. Kowé isa sinau soal carané nolak godhaan lan nyathet kuwi. Dadi wektu ana godhaan, kowé isa ngerti lan kèlingan kudu piyé.”​—Sylvia.

 Tokoh Alkitab sing isa ditiru: Daud. Dhèwèké tau kegodha kanggo nglakoni sing salah merga dipengaruhi wong liya lan merga kepénginané dhéwé. Tapi Daud sadhar nèk dhèwèké nggawé salah lan gelem berubah. Dhèwèké ndonga karo Yéhuwah, ”Bantu aku bèn nduwé kepénginan sing bener, lan wènèhana aku pikiran sing bener bèn aku isa tetep setya.”​—Mazmur 51:10.

 Kudu isa nglawan kepénginan sing salah. Ing Alkitab disebutké, ”Aja nganti kowé dikalahké karo kejahatan.” (Roma 12:21) Dadi pas ana godhaan, kowé isa milih kanggo nglawan godhaan kuwi, ora mung meneng thok.

 Kanggo dipikirké: Pas ana godhaan, apa sing isa mbok upayakké kanggo nglawan kuwi bèn kowé ora nganti nglakoni apa sing salah?

 ”Aku mbayangké nèk aku kegodha kanggo nglakoni sing salah, apa aku isa ngrasa seneng? Ya mungkin, tapi kuwi mung sedhéla thok. Sakwisé kuwi apa aku isa tetep ngrasa seneng? Ora. Aku malah ngrasa bersalah lan kuwi blas ora ana untungé.”​—Sophia.

 Tokoh Alkitab sing isa ditiru: Paulus. Meskipun Paulus ngakoni nèk dhèwèké nduwé kepénginan sing salah, tapi Paulus ngupaya kanggo nglawan kuwi. Dhèwèké ngomong, ”Aku ngendhalèni badanku, lan kuwi tak préntah kaya budhak.”​—1 Korintus 9:​27.

 Intiné: Kowé dhéwé sing isa mutuské kanggo nglawan godhaan utawa malah meneng waé.

 Godhaan kuwi mung sementara. Melissa sing umuré 20 taun ngomong, ”Mbiyèn pas aku isih SMA, godhaané krasa abot banget. Tapi nèk tak pikir-pikir, saiki wis ora krasa abot. Aku dadi sadhar nèk aku isa nolak godhaan sing ana saiki. Sukmbèn nèk diéling-éling manèh, aku mesthi bakal ngrasa bersyukur merga wis berhasil nolak godhaan kuwi.”