Langsung mlebu

BANTUAN KANGGO KELUARGA | PERKAWINAN

Kecanduan Alkohol Marahi Perkawinan Dadi Ora Bahagia

Kecanduan Alkohol Marahi Perkawinan Dadi Ora Bahagia

 Apa bojoné njenengan mulai kerep ngandhani soal kebiasaané njenengan ngombé alkohol? Nèk iya, ana beberapa hal sing isa njenengan pikirké.

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Bahayané kecanduan alkohol

 Kecanduan alkohol isa marakké penyakit, misalé penyakit jantung, sirosis hati, lan kanker. Tapi ora mung kuwi, kecanduan alkohol ya ana pengaruhé kanggo perkawinané njenengan. Misalé ana sing nganti KDRT, ngalami masalah ékonomi, dadi ora setya karo bojoné, lan malah ana sing nganti pegatan.

 Menurut Wulang Bebasan 23:32, alkohol isa ”nyokot kaya ula, lan nyemburké racun kaya ula beracun”. Dadi, kecanduan alkohol kuwi bahaya banget. Nah, apa tandhané nèk njenengan wis kecanduan alkohol?

 Apa njenengan wis kecanduan alkohol?

 Bèn isa ngerti, pikirna pertanyaan-pertanyaan iki:

  •   Apa aku angèl mandheg pas ngombé alkohol?

  •   Apa aku terus-terusan kepikiran kanggo ngombé alkohol?

  •   Apa aku tetep ngombé meskipun ngerti nèk kuwi isa marahi masalah, termasuk masalah ing keluarga?

  •   Pas nyoba mandheg ngombé alkohol, apa awakku dadi krasa ora pénak?

  •   Apa kuwi nggawé aku dadi kerep padu karo bojoku?

  •   Apa saiki alkohol sing tak ombé luwih akèh timbang sakdurungé?

  •   Ing omah utawa ing panggonan kerja, apa aku ngumpetké alkohol lan ndhelik-ndhelik nèk mèh ngombé?

 Nèk jawabané njenengan iya kanggo siji utawa beberapa pertanyaan iki, isa waé njenengan wis kecanduan alkohol.

 Aja nggolèk-nggolèk alesan

 Pas bojoné njenengan ngélingké soal kebiasaan ngombé alkohol, apa njenengan dadi nggolèk-nggolèk alesan? Utawa, apa njenengan malah nyalahké wong liya, termasuk bojoné njenengan? Njenengan mungkin ngomong:

  •   ”Nèk kowé luwih perhatian karo aku, aku ya ora bakal ngombé-ngombé.”

  •   ”Aku ki lagi strès. Jal nèk kowé dadi aku, mesthi kowé ya kaya ngéné.”

  •   ”Aku ki ngombéné mung sithik. Sing liyané luwih parah timbang aku.”

 Apa njenengan tau ngomong kaya ngono? Nèk iya, isa waé njenengan wis ora mikirké perasaané bojoné njenengan, tapi malah ngutamakké kepénginan kanggo ngombé-ngombé.

 Ayat Alkitab: ”Wong lanang sing nikah mikirké soal . . . nyenengké bojoné.”​—1 Korintus 7:33.

Nggolèk-nggolèk alesan kuwi kaya nggawé témbok, tapi nèk gelem ngrungokké kuwi kaya nggawé jendhéla. Njenengan dadi isa luwih ngerti perasaané bojoné njenengan.

 Sing isa diupayakké

  •   Aja ngrèmèhké pendapaté bojoné njenengan. Meskipun pendapaté berlebihan, ya ora salah nèk njenengan ngrungokké pendapaté lan ngupaya kanggo berubah. Tapi nèk ora gelem berubah padahal ngerti nèk bojoné njenengan kuwatir, kuwi isa waé nduduhké nèk njenengan wis kecanduan alkohol.

     Ayat Alkitab: ”Saben wong kudu mikirké kepentingané wong liya, dudu kepentingané dhéwé.”​—1 Korintus 10:24.

  •   Nggolèk keterangan. Prajurit isa menang perang nèk meréka ngerti siasat mungsuhé. Padha kaya ngono, njenengan ya kaya lagi perang nglawan alkohol. Makané bèn isa menang, njenengan kudu nggolèk keterangan soal apa tandhané wong sing kecanduan lan kudu piyé bèn ora kecanduan. Njenengan ya isa nggolèk keterangan soal carané bèn isa bener-bener mandheg ngombé alkohol lan carané bèn ora kegodha ngombé alkohol manèh.

     Ayat Alkitab: ”Terus nolak kepénginan sing salah sing perang nglawan awakmu dhéwé.”​—1 Pétrus 2:11.

  •   Nggolèk bantuan. Ana panggonan-panggonan sing khusus mbantu wong-wong sing kecanduan alkohol, misalé pusat réhabilitasi utawa rumah sakit. Njenengan ya isa njaluk saran karo kanca sing dipercaya sing mungkin nduwé pandhangan soal hal-hal liya sing isa marahi njenengan kecanduan manèh. Terus pas kegodha kanggo ngombé-ngombé manèh, njenengan isa njaluk tulung karo wong kuwi.

    Nggolèk bantuan karo tenaga keséhatan

     Ayat Alkitab: ”Kanca sejati kuwi terus nresnani lan dadi sedulur sing isa diendelké wektu ana kesusahan.”​—Wulang Bebasan 17:17.

 Kecanduan alkohol kuwi masalah sing serius. Wong sing wis kecanduan ora isa langsung mandheg nèk mung maca artikel soal carané bèn ora kecanduan alkohol, utawa mung ngomong, ”Ngombé alkoholé bakal tak kurangi.” Dadi, njenengan kudu mikirké tenanan piyé carané ngatasi masalah iki merga kuwi bakal ana pengaruhé kanggo keséhatan lan perkawinané njenengan.

 Keterangan liyané: Wacanen artikel soal wong-wong sing wis berhasil ngatasi kecanduan alkohol.

 ”Aku Wis Ora Kejem Manèh”

 ”Saya Tidak Lagi Malu dengan Diri Saya”

 ”Jalanan Adalah Rumah Saya”

 Terus, deloken vidéo sing judhulé ’Aku Gething karo Uripku’