Langsung mlebu

BANTUAN KANGGO KELUARGA | NDHIDHIK ANAK

Ngajari Anak Bèn Ora Gampang Nyerah

Ngajari Anak Bèn Ora Gampang Nyerah

 Pas lagi ngerjakké tugas sing angèl, mungkin anaké njenengan tau ngomong karo nangis, ”Aku ora isa, soalé angèl banget. Pokoké aku ora isa.” Njenengan mungkin mesakké, tapi ya péngin bèn anaké njenengan isa ngatasi masalahé dhéwé. Terus piyé? Apa njenengan bakal langsung nulungi utawa mbantu dhèwèké bèn dadi wong sing ora gampang nyerah?

Sing kudu dingertèni

 Manfaaté nèk ora gampang nyerah. Anak-anak sing ora dimanja karo wong tuwané, biasané isa luwih mandiri pas wis sekolah, luwih séhat lan bahagia, terus isa nduwé akèh kanca. Tapi nèk dimanja, anak-anak isa dadi gampang strès, ora percaya diri, terus nèk wis déwasa ora isa mandiri.

 Kudu dilatih kèt cilik. Nurut siji penelitian, bayi-bayi sing umuré 15 sasi bakal luwih gelem berusaha nèk ndelok wong déwasa sing gelem terus nyoba pas ana sesuatu sing angèl. Dadi, anak-anak sakjané wis isa dilatih kanggo ngatasi kesulitan.

 ”Aku kèlingan pas ngajari anak-anakku wédok nalèni sepatuné. Awalé meréka ya ora langsung isa. Mémang sakwisé meréka nyoba-nyoba nganti 15 menit, akhiré ya tak éwangi. Kadhang meréka isa nganti nangis. Tapi sakwisé beberapa bulan, meréka akhiré isa nalèni sepatuné dhéwé. Sakjané luwih gampang kanggo aku nèk meréka tak tukokké sepatu sing ora ana taliné, soalé aku ora perlu répot-répot ngajari meréka. Tapi aku sadhar, sebagai wong tuwa aku kudu kaya ngono bèn isa ngajari anak-anakku dadi wong sing ora gampang nyerah.”—Colleen.

 Akibaté nèk terlalu dimanja. Ana wong tuwa sing ora sadhar nèk wis nggawé anak-anaké dadi manja, mungkin merga ora péngin ndelok anak-anaké susah utawa ngrasa gagal. Dadi pas anak-anaké kesulitan, meréka langsung péngin cepet-cepet ngéwangi. Tapi nèk ngono terus, kuwi ora apik. Penulis buku The Gift of Failure sing jenengé Jessica Lahey ngomong nèk setiap ana kesulitan anak-anak langsung diéwangi, sakjané kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé ora percaya nèk meréka isa. Akibaté, anak-anak isa dadi gampang nyerah lan kudu bergantung karo wong sing luwih déwasa.

Timbang langsung cepet-cepet ngéwangi, luwih apik ngèki kesempatan anak-anak bèn isa ngatasi masalahé dhéwé

Sing isa diupayakké wong tuwa

 Ngajari bèn gelem kerja keras. Anak-anak isa dikèki tugas sesuai karo umuré. Anak-anak sing durung sekolah isa dikon ngéwangi pas nglempiti klambi utawa nata dolanané. Anak-anak sing luwih gedhé isa dikon nata-nata, ngresiki méja, utawa mbuwang sampah. Terus nèk wis remaja isa dikon resik-resik utawa diajari carané ndandani barang-barang sing rusak. Meskipun kadhang meréka ngrasa males ngerjakké tugasé, tapi nèk anak-anak dikèki tanggung jawab kanggo ngerjakké gawéan omah kuwi ana manfaaté. Mengkoné pas wis kerja, meréka isa dadi wong sing gelem kerja keras lan ora gampang nyerah pas éntuk gawéan sing angèl.

 Ayat Alkitab: ”Kabèh kerja keras kuwi ana manfaaté.”—Wulang Bebasan 14:23.

 ”Aja ngèki anak-anak tugas mung sekedar bèn meréka nduwé kesibukan. Sapa waé mesthi ora seneng dingonokké, termasuk anak-anak. Luwih apik nèk meréka dikèki gawéan sing bermanfaat, sesuai karo kesanggupané meréka. Misalé, nèk isih cilik isa dikon ngelapi perabotan. Nèk njenengan ngumbah mobil, meréka isa dikon mbantu ngresiki bagéan-bagéan sing isa dijangkau, misalé ban lan liya-liyané. Terus aja lali muji nèk anaké njenengan wis kerja keras.”—Chris.

 Ngajari nganti isa. Anak-anak biasané gampang nyerah nèk ora ngerti carané ngrampungké tugasé. Makané pas ngajari ketrampilan sing anyar, pertama-tama njenengan kudu nyontoni sik. Terus, coba kuwi dikerjakké bareng-bareng. Bar kuwi bocahé isa dikon nyoba dhéwé karo tetep dikancani. Nèk ana carané sing kurang pas ya isa dikandhani. Nèk wis ngono, bocahé isa dikon ngerjakké dhéwé nganti rampung.

 Ayat Alkitab: ”Kowé wis tak wènèhi conto, mula kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong liya.”—Yohanes 13:15.

 ”Saka pengalamanku, wong tuwa kudu ngèki conto nèk péngin anaké ora gampang nyerah.”—Doug.

 Mbantu anak-anak bèn paham nèk kesulitan lan kegagalan kuwi wajar. Anak-anak isa dikandhani nèk nyoba sesuatu sing anyar kuwi mémang ora selalu gampang lan isa waé nggawé salah. Tapi saka kono, meréka isa ngerti apa sing kudu diperbaiki. Terus, njenengan ya isa nyritakké pengalamané njenengan pas ngadhepi masalah tapi ora nyerah. Ngomonga nèk meskipun meréka gagal, njenengan bakal tetep sayang karo meréka. Kaya otot sing tambah kuwat nèk terus dilatih, méntalé anak-anak ya isa dadi tambah kuwat nèk dilatih kanggo ngadhepi masalah. Dadi timbang langsung mbantu, luwih apik nèk meréka dikèki kesempatan kanggo nggolèki jalan keluaré dhéwé. Menurut buku How Children Succeed, bèn anak-anak nduwé méntal sing kuwat, meréka kudu njajal sesuatu sing angèl lan kadhang kudu ngerti rasané gagal kuwi piyé.

 Ayat Alkitab: ”Apik nèk wong gelem mikul beban pas isih enom.”—Kidung Pangadhuh 3:27.

 ”Meskipun ngerti nèk wong tuwané isa mbantu, anak-anak isa éntuk manfaat nèk dikèki kesempatan ngrampungké masalahé dhéwé. Nèk ora nyerah, sing mauné kétoké angèl isa dadi luwih gampang. Terus, anak-anak ya isa nduwé ketrampilan lan akhiré isa dadi luwih percaya diri.”—Jordan.

 Pujinen upayané, dudu kepinterané. Ketimbang ngomong, ”Wah kowé pinter ya Lé, pantesan nilaimu apik”, mungkin njenengan isa ngomong, ”Bapak karo ibu bangga karo kowé soalé kowé wis sregep sinau. Makané nilaimu isa apik.” Dr. Carol Dweck ngomong, ”Nèk sing dipuji kepinterané, mengko pas ana sesuatu sing angèl utawa pas nggawé kesalahan, anak-anak isa ngrasa gagal. Cara ndhidhik sing apik kuwi nèk wong tuwa ngajari anaké bèn ora nyerah, gelem sinau saka kesalahan, gelem kerja keras, isa nggolèk cara kanggo ngatasi masalah, terus ya mbantu anaké bèn ora ngrasa nèk wis ngerti kabèh. Nèk didhidhik nganggo cara kaya ngono, anak-anak ora bakal dadi wong sing haus pujian.” a

 Ayat Alkitab: ”Wektu dipuji, wong isa kétok kaya apa asliné.”—Wulang Bebasan 27:21.

a Saka buku Mindset.