Dosa Kuwi Apa?
Jawaban ing Alkitab
Dosa kuwi perbuatan, perasaan, utawa pikiran sing ora sesuai karo hukumé Gusti Allah. Nglanggar préntahé Gusti Allah lan nglakoni apa sing salah kuwi ya dosa. (1 Yohanes 3:4; 5:17) Ing Alkitab ya disebutké nèk wis ngerti apa sing bener tapi ora gelem nglakoni kuwi ya dosa.—Yakobus 4:17.
Ing basa Ibrani lan Yunani, kata dosa kuwi artiné ”mlèsèt saka sasaran”. Misalé, tentara Israèl jaman mbiyèn pinter banget mbalang watu lan ”ora mlèsèt babar blas”. Istilah ”ora mlèsèt babar blas” kuwi isa berarti ”ora pernah nggawé dosa”. (Para Hakim 20:16) Dadi, dosa kuwi artiné mlèsèt utawa ora manut hukumé Gusti Allah sing sampurna.
Gusti Allah kuwi sing nyiptakké manungsa. Mula, Dhèwèké nduwé hak kanggo nentokké apa sing bener lan sing salah kanggo manungsa. (Wahyu 4:11) Dadi awaké dhéwé kudu tanggung jawab karo Gusti Allah.—Roma 14:12.
Apa ana wong sing ora nduwé dosa?
Ora. Ing Alkitab disebutké nèk ”kabèh wong wis dosa lan ora isa niru sipat-sipaté Gusti Allah sing mulya”. (Roma 3:23; 1 Para Raja 8:46; Pengkhotbah 7:20; 1 Yohanes 1:8) Kok isa?
Manungsa pertama, Adam lan Hawa, diciptakké sempurna lan ora nduwé dosa. Dadi wong loro kuwi isa niru sipat-sipaté Gusti Allah. (Purwaning Dumadi 1:27) Tapi Adam lan Hawa dadi ora sempurna merga nglanggar préntahé Gusti Allah. (Purwaning Dumadi 3:5, 6, 17-19) Akibaté, kabèh keturunané dadi ora sempurna lan nduwé dosa. (Roma 5:12) Kuwi kaya sing disebutké Raja Daud, ”Aku wis nduwé kesalahan pas aku dilairké.”—Mazmur 51:5.
Apa kabèh dosa kuwi padha?
Ora. Misalé, ing Alkitab tau disebutké nèk wong-wong Sodom jaman mbiyèn ”jahat banget” lan dosané ”gedhé banget”. (Purwaning Dumadi 13:13; 18:20) Dadi ora kabèh dosa kuwi padha. Nèk ngono, pathokané apa waé? Paling ora ana telu.
Dosané gedhé apa ora. Menurut Alkitab awaké dhéwé ora éntuk nggawé dosa sing gedhé. Misalé, hubungan sèks sing ora pantes, nyembah brahala, nyolong, mabuk-mabukan, ngrampok, matèni, lan nglakoni spiritisme. (1 Korintus 6:9-11; Wahyu 21:8) Dosa sing kaya ngono kuwi béda karo dosa sing ora disengaja. Misalé, awaké dhéwé nglarani atiné wong liya merga omongan lan perbuatané awaké dhéwé. (Wulang Bebasan 12:18; Éfésus 4:31, 32) Tapi, kuwi ora berarti awaké dhéwé isa nyepèlèkké dosa sing cilik. Soalé isa waé awaké dhéwé akhiré nggawé dosa sing gedhé merga nyepèlèkké dosa sing cilik.—Matius 5:27, 28.
Dosané disengaja apa ora. Ana wong-wong sing nggawé dosa merga ora ngerti sing dikarepké Gusti Allah. (Kisah 17:30; 1 Timotius 1:13) Tapi ya ana wong sing nggawé dosa merga sengaja nglanggar préntahé Gusti Allah. (Wilangan 15:30, 31) Nèk ana sing sengaja nggawé dosa, kuwi berarti ’atiné jahat’.—Yérémia 16:12.
Dosané ping pisan apa terus-terusan. Menurut Alkitab ana wong sing nglakoni dosa lagi ping pisan, tapi ya ana sing terus-terusan nglakoni dosa. (1 Yohanes 3:4-8) Wong sing ”sengaja nindakké dosa”, padahal wis ngerti apa sing bener, bakal dihukum karo Gusti Allah.—Ibrani 10:26, 27.
Nèk ana wong sing nglakoni dosa sing gedhé, dhèwèké isa waé ngrasa bersalah. Misalé, Daud tau nulis, ”Kesalahanku akèh banget nganti aku kewalahan, kaya beban sing abot sing ora sanggup tak tanggung.” (Mazmur 38:4) Tapi ing Alkitab disebutké, ”Muga-muga wong sing jahat ora nindakké kejahatan manèh lan ora nggawé rencana jahat manèh. Muga-muga wong kuwi mertobat lan bali marang Yéhuwah, Gusti Allahé awaké dhéwé sing bakal mesakké karo wong kuwi, merga Gusti Allah bakal bener-bener ngapura wong kuwi.”—Yésaya 55:7.