Langsung mlebu

1 NOVEMBER 2016
Italy

Gempa ing Italia

Gempa ing Italia

Ésuk-ésuk tanggal 30 Oktober 2016, ana gempa ing Italia sing kekuwatané 6,6 magnitudo. Kuwi gempa sing paling parah kèt taun 1980. Ora ana sing mati, tapi paling ora ana 20 sing luka-luka.

Pusat gempané ana ing cedhak kutha Norcia. Sakdurungé, bengi-bengi tanggal 26 Oktober 2016, ing kono ya wis ana gempa sing kekuwatané 5,5 magnitudo, terus rong jam bar kuwi ana gempa manèh sing kekuwatané 6,1 magnitudo.

Rong sasi sakdurungé, tanggal 24 Agustus ya wis ana gempa ing cedhak kono. Pas kuwi sing mati ana 300.

Menurut kantor cabangé Seksi-Seksi Yéhuwah ing Italia, ora ana Seksi Yéhuwah sing luka parah utawa mati. Tapi, paling ora ana loro keluarga Seksi sing omahé hancur merga gempa tanggal 26 Oktober. Terus, beberapa omahé ya ana sing rusak. Para pinituwa ngubungi para sedulur sing kena gempa. Para pinituwa kuwi nakonké keadaan lan kebutuhané para sedulur kuwi, apa manèh beberapa ya bar kena gempa sasi Agustus. Akèh sing turuné ing mobil, karavan, utawa ing Balai Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah merga wedi kambrukan omahé.

Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah ing kantor pusat ngatur bèn ana bantuan kanggo sing kena gempa ing Italia. Bantuané dijupuk saka sumbangan sing dikèkké kanggo gawéané Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya. Ing Italia ana luwih saka 251.000 Seksi Yéhuwah.

Kontak Média:

Internasional: David A. Semonian, Kantor Humas Pusat (Office of Public Information), 1-718-560-5000

Italia: Christian Di Blasio, 39-06-872941