Langsung mlebu

20 DESEMBER 2017
RUSIA

Terjemahan Donya Anyar Tetep Dilarang ing Rusia

Terjemahan Donya Anyar Tetep Dilarang ing Rusia

Agustus wingi, Pengadilan Kota Vyborg mutuské nèk Seksi Yéhuwah ing Rusia ora éntuk nduwé utawa mbagèkké Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar (NWT). Terus, Seksi Yéhuwah ngejokké permohonan bandhing ing Pengadilan Regional Leningrad. Tapi dina iki, permohonan bandhing kuwi ditolak lan NWT tetep dianggep bacaan ”berbahaya”. Pas kuwi, sing teka ana wong 30, termasuk wakil kedutaan Inggris, Belanda, Swiss, lan Amerika Serikat.

”Para ahli” sing ditunjuk pengadilan ngomong nèk NWT kuwi dudu Alkitab, makané kuwi disebut ”berbahaya”. Tapi, selama pemeriksaan ana bukti-bukti nèk ”para ahli” kuwi sakjané ora memenuhi syarat lan ora adil.

”Para ahli” nyebut nèk NWT kuwi dudu Alkitab merga ing bagéan sampulé ora ana tulisan ”Alkitab”. Padahal, ing bagéan kata pengantar NWT basa Rusia taun 2007 halaman lima paragraf telu, ana tulisan, ”Iki terjemahan Alkitab ing basa Rusia.” Makané, ”para ahli” kuwi dikritik merga ora maca keterangan kuwi, padahal jaréné wis mriksa selama 287 dina.

Terus ana siji ahli sing ngomong nèk NWT kuwi dudu Alkitab, merga ing kono ora ana tulisan ”wis disetujui patriark [uskup sing jabatané paling dhuwur ing Gréja Ortodoks]” utawa ungkapan sing mèh mirip kaya ngono. Terus, kuwi ya merga ing NWT ditulis jenengé Gusti Allah, yaiku Yéhuwah. ”Para ahli” ya nganggep nèk isiné NWT kuwi ora cocog karo ajarané Gréja. Seksi Yéhuwah njaluk bèn ana ahli anyar sing mriksa NWT, tapi kuwi ditolak karo hakim.

Merga dina iki permohonan bandhingé wis ditolak, Seksi Yéhuwah ora isa njaluk bandhing manèh. Makané, kasus iki bakal digawa ing Mahkamah Eropa untuk Hak Asasi Manusia.

Seksi-Seksi Yéhuwah yakin nèk Alkitab bakal terus ana meskipun ana sing berupaya nyingkirké kuwi.​—Yésaya 40:8.

Kontak Média:

Internasional: David A. Semonian, Kantor Humas Pusat (Office of Public Information), +1-845-524-3000