Èster 1:1-22

  • Péstané Raja Ahaswéros ing Syusyan (1-9)

  • Ratu Wasti ora gelem manut (10-12)

  • Raja njaluk saran wong-wong sing wicaksana (13-20)

  • Surat keputusané Raja dikirim (21, 22)

1  Iki kelakon pas jamané Ahaswéros,* yaiku Ahaswéros sing mréntah 127 provinsi+ saka India nganti Étiopia.*  Wektu kuwi, Raja Ahaswéros mréntah ing Bèntèng* Syusyan.*+  Ing taun ketelu pamréntahané, dhèwèké nganakké pésta kanggo kabèh pejabat lan pelayané. Pasukan Pèrsia+ lan Média,+ para bangsawan, lan para pejabat provinsi padha teka ing pésta kuwi.  Raja mamèrké harta kerajaané sing megah lan kehébatané sing luar biasa, 180 dina suwéné.  Sakwisé kuwi, Raja nganakké pésta* pitung dina suwéné ing taman istanané kanggo kabèh wong sing ana ing Bèntèng* Syusyan,* embuh kuwi wong penting utawa wong biasa.  Panggonan kuwi dihiasi nganggo kordhèn saka linèn, katun alus, lan kain biru sing ditalèni nganggo tali saka kain sing apik lan wol ungu. Kordhèn kuwi digantungké ing gantungan pérak sing dipasang ing tugu-tugu marmer. Ana kursi-kursi dawa saka emas lan pérak ing lantai saka watu porfiria, mutiara, marmer putih, lan marmer ireng.  Raja Ahaswéros sugih banget, lan dhèwèké nduwé minuman anggur sing akèh banget. Minuman anggur kuwi disuguhké ing gelas-gelas emas sing béda-béda.  Ora ana sing isa meksa sapa waé bèn ngombé. Kuwi aturan ing acara kuwi. Raja wis nggawé pengaturan karo para pejabat istanané nèk saben wong éntuk ngombé sak karepé.  Ratu Wasti+ ya nganakké pésta kanggo wong-wong wédok sing ana ing istanané Raja Ahaswéros. 10  Ing dina kepitu, pas atiné Raja seneng merga ngombé anggur, dhèwèké mènèhi préntah marang Méhuman, Bizta, Harbona,+ Bigta, Abagta, Zétar, lan Karkas, yaiku pejabat istana pitu sing dadi pelayan pribadiné Raja Ahaswéros. 11  Raja mréntahké bèn Ratu Wasti teka ing ngarepé Raja karo nganggo mahkota* kerajaan. Raja péngin mamèrké ayuné Ratu Wasti marang rakyat lan para pejabaté merga Ratu Wasti ayu banget. 12  Ning, wektu para pejabat nyampèkké préntahé Raja, Ratu Wasti bola-bali kandha nèk ora gelem teka. Mula Raja dadi nesu banget. 13  Terus, Raja kandha marang wong-wong sing wicaksana sing paham soal kebiasaan* jaman mbiyèn. (Wektu nangani urusan apa waé, Raja mesthi njaluk sarané wong-wong sing ahli ing bidang hukum lan kasus hukum 14  lan wong-wong sing paling cedhak karo Raja, yaiku Karsyéna, Syétar, Admata, Tarsyis, Mèrès, Marséna, lan Mémukan. Wong-wong kuwi pitu pejabat+ Pèrsia lan Média sing isa langsung nemoni Raja lan sing nduwé jabatan paling dhuwur ing kerajaan.) 15  Raja takon, ”Nurut hukum, Ratu Wasti kudu diapakké merga dhèwèké ora gelem manut karo préntahé Raja Ahaswéros sing disampèkké liwat para pejabat istana?” 16  Mémukan kandha ing ngarepé Raja lan para pejabat, ”Kesalahané Ratu Wasti kuwi ora mung marang Raja,+ ning ya marang kabèh pejabat lan kabèh rakyat sing manggon ing kabèh provinsi sing dipréntah Raja Ahaswéros. 17  Kabèh wong wédok bakal ngerti apa sing ditindakké Ratu. Terus, wong-wong kuwi bakal ngrèmèhké bojoné lan kandha, ’Ratu Wasti waé ora gelem teka pas diundang* Raja Ahaswéros.’ 18  Dina iki, bojoné para pejabat Pèrsia lan Média sing ngerti soal tumindaké Ratu bakal mèlu-mèlu ngomong kaya ngono karo bojoné. Akibaté, sing wédok bakal ngrèmèhké bojoné lan sing lanang bakal nesu banget karo bojoné. 19  Nèk gelem, Raja isa nggawé keputusan, terus ditulis ing hukum Pèrsia lan Média sing ora isa dibatalké. Keputusan kuwi isiné yaiku Wasti ora éntuk ngadhep Raja Ahaswéros manèh.+ Kedudukané Wasti dadi ratu bakal diwènèhké marang wong wédok liya sing luwih apik timbang dhèwèké. 20  Nèk keputusané Raja diumumké ing kabèh wilayah kerajaané njenengan sing amba iki, kabèh wong wédok bakal ngajèni bojoné, embuh bojoné kuwi wong biasa utawa wong penting.” 21  Raja lan para pejabat setuju karo sarané Mémukan. 22  Mula, Raja ngirim surat marang kabèh provinsi ing kerajaané.+ Saben provinsi nampa surat ing tulisané* dhéwé-dhéwé, lan saben bangsa ing basané dhéwé-dhéwé. Surat kuwi isiné yaiku saben wong lanang kudu dadi kepala ing keluargané lan omongan karo keluargané nganggo basané dhéwé.

Katrangan Tambahan

Mungkin maksudé Xerxes I, anaké Darius Agung (Darius Histaspis).
Utawa ”Kus”.
Utawa ”Istana”.
Utawa ”Susa”.
Utawa ”Susa”.
Utawa ”Istana”.
Isa waé sing dimaksud pésta sing disebutké ing ay. 3.
Mungkin kaya kudhung.
Utawa ”conto; tata-cara”.
Utawa ”diceluk”.
Utawa ”hurufé; gaya penulisané”.