Èster 10:1-3

  • Wewenang lan jabatané Mordekai (1-3)

10  Raja Ahaswéros netepké kerja paksa ing kabèh negara kuwi lan ing pulau-pulau ing lautan.  Kabèh hasil apik sing wis ditindakké Mordekai+ merga wewenangé lan rincian soal piyé Raja wis mènèhi Mordekai jabatan sing dhuwur,+ kuwi kabèh ditulis ing buku sejarahé+ raja-raja Média lan Pèrsia.+  Mordekai wong Yahudi kuwi wong sing nomer loro sakwisé Raja Ahaswéros. Dhèwèké kuwi wong penting ing antarané wong Yahudi lan diajèni karo wong Yahudi liyané. Mordekai terus ngupaya bèn wong Yahudi uripé kepénak lan kabèh keturunané wong-wong kuwi isa urip ayem.

Katrangan Tambahan