Èster 2:1-23

  • Raja nggolèk ratu sing anyar (1-14)

  • Èster dadi ratu (15-20)

  • Mordekai mbukak rencana jahat (21-23)

2  Sakwisé kuwi kabèh, wektu Raja Ahaswéros+ wis ora nesu manèh, dhèwèké mikirké kelakuané Wasti+ lan keputusan sing wis digawé kanggo Wasti.+  Terus, pelayan pribadiné Raja kandha, ”Raja, wènèhana préntah kanggo nggolèk prawan sing ayu-ayu.  Tugasna wong-wong ing kabèh provinsi kerajaané njenengan+ bèn padha nggawa kabèh prawan sing ayu menyang Bèntèng* Syusyan,* yaiku menyang omahé wong-wong wédok.* Para prawan kuwi bakal diawasi karo Hégai,+ pejabat kerajaan lan penjagané wong-wong wédok. Wènèhana perawatan kecantikan* kanggo para prawan kuwi.  Terus, cah wédok sing paling njenengan senengi bakal dadi Ratu nggantèni Wasti.”+ Raja setuju karo saran iki, lan kuwi ditindakké.  Ing Bèntèng Syusyan,+ ana wong Yahudi jenengé Mordekai,+ anaké Yair anaké Syiméi anaké Kis, wong Bènyamin.+  Dhèwèké digawa Nébukhadnézar raja Babilon saka Yérusalèm menyang penawanan, bareng karo Yékonia+ raja Yéhuda lan wong-wong liyané.  Mordekai kuwi sing nggedhèkké* Hadasa* yaiku Èster, sepupuné,* merga Èster wis ora nduwé bapak+ utawa ibu. Cah wédok iki ayu lan penampilané nyenengké. Wektu wong tuwané Èster mati, Mordekai ngangkat dhèwèké dadi anaké.  Wektu omongan lan hukumé Raja diumumké lan akèh cah wédok padha digawa marang Hégai ing Bèntèng* Syusyan,* Èster ya digawa menyang istanané Raja lan diawasi Hégai,+ penjagané wong-wong wédok kuwi.  Hégai seneng lan sayang karo* Èster. Mula, dhèwèké langsung ngatur perawatan kecantikan*+ lan menu panganané Èster. Dhèwèké ya milih cah wédok pitu saka istanané Raja bèn nglayani Èster, terus mindhahké Èster lan para pelayané menyang panggonan sing paling apik ing omahé wong-wong wédok.* 10  Èster ora crita apa-apa soal bangsa lan keluargané,+ merga Mordekai+ ngongkon dhèwèké bèn ora crita karo sapa-sapa.+ 11  Saben dina, Mordekai mloka-mlaku ing ngarep halaman omahé wong-wong wédok* merga péngin ngerti keadaané Èster lan apa sing dialami Èster. 12  Saben cah wédok bakal ngadhep Raja Ahaswéros sakwisé ngrampungké perawatan kecantikan* 12 sasi suwéné sesuai karo pengaturan sing wis digawé, yaiku enem sasi perawatan nganggo minyak mur,*+ enem sasi nganggo minyak balsam,*+ lan minyak-minyak liyané kanggo perawatan kecantikan.* 13  Sakwisé kuwi, cah wédok mau siap ngadhep Raja. Apa waé sing dijaluk cah wédok kuwi bakal diwènèhké wektu arep mangkat saka omahé wong-wong wédok* menyang istanané Raja. 14  Benginé, cah wédok kuwi bakal ngadhep Raja. Sésuk ésuké, dhèwèké bakal pindhah menyang omah liyané sing diawasi pejabaté Raja sing jenengé Syaasgaz, penjagané para selir.+ Cah wédok kuwi ora bakal ngadhep Raja manèh, kecuali Raja seneng karo dhèwèké lan Raja ngundang* jenengé.+ 15  Pas Èster anaké Abihail, yaiku sepupuné Mordekai sing diangkat Mordekai dadi anaké,+ éntuk giliran ngadhep Raja, dhèwèké ora njaluk apa-apa sakliyané sing disaranké Hégai, pejabat kerajaan lan penjagané wong-wong wédok. (Wektu kuwi, kabèh wong sing ndelok Èster padha seneng karo dhèwèké.) 16  Ing sasi kesepuluh, yaiku sasi Tebet,* ing taun kepitu+ pamréntahané Raja Ahaswéros, Èster digawa ngadhep Raja. 17  Raja nresnani Èster ngluwihi kabèh wong wédok liyané. Raja seneng lan sayang karo* Èster timbang kabèh prawan liyané. Mula, Raja masangké mahkota* kerajaan ing sirahé Èster lan ndadèkké dhèwèké Ratu+ nggantèni Wasti.+ 18  Raja nganakké pésta gedhé kanggo Èster lan ngundang kabèh pejabat lan pelayané. Raja ya mènèhi amnèsti* ing akèh provinsi. Raja ya terus mènèhi hadiah marang rakyat merga Raja sugih banget. 19  Wektu para prawan*+ diklumpukké manèh, Mordekai lagi lungguh ing gerbang istana Raja. 20  Èster ora ngomong apa-apa soal keluargané lan bangsané,+ kaya sing dipréntahké Mordekai. Èster terus manut omongané Mordekai, kaya pas dhèwèké isih manggon bareng karo Mordekai.+ 21  Ing dina-dina kuwi, wektu Mordekai lagi lungguh ing gerbang istana Raja, petugas loro sing njaga lawang istanané Raja yaiku Bigtan lan Tèrès, dadi nesu lan péngin matèni Raja Ahaswéros. 22  Ning, Mordekai ngerti soal kuwi lan langsung ngandhani Ratu Èster. Terus, Èster ngandhani Raja nganggo jenengé Mordekai. 23  Dadi, masalah kuwi diselidiki lan kebukti bener. Akhiré, wong lanang loro kuwi digantung ing cagak. Kabèh kuwi ditulis ing ngarepé Raja ing buku cathetan sejarah.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”Istana”.
Utawa ”Susa”.
Utawa ”harem”, yaiku panggonan kanggo bojo lan seliré raja.
Utawa ”pemijatan”.
Utawa ”sing ngopèni”.
Hadasa kuwi jeneng Ibraniné Èster sing artiné ”Tanduran Mirtèl”.
Utawa ”anak wédok saka kakang utawa adhiné bapaké Mordekai”.
Utawa ”Istana”.
Utawa ”Susa”.
Utawa ”lan nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”pemijatané”.
Utawa ”harem”, yaiku panggonan kanggo bojo lan seliré raja.
Utawa ”harem”, yaiku panggonan kanggo bojo lan seliré raja.
Utawa ”pemijatan”.
Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”lan nganggo pemijatan kanggo wong-wong wédok”.
Utawa ”harem”, yaiku panggonan kanggo bojo lan seliré raja.
Utawa ”nyeluk”.
Deloken Lamp. B15.
Utawa ”lan nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
Mungkin kaya kudhung.
Isa waé iki maksudé dibébaské saka pajeg, saka dinas militèr, saka penjara, utawa telu-teluné.
Utawa ”cah-cah wédok”.