Èster 3:1-15

  • Raja Ahaswéros ngunggahké pangkaté Haman (1-4)

  • Haman nggawé rencana jahat kanggo matèni kabèh wong Yahudi (5-15)

3  Sakwisé kuwi kabèh kelakon, Raja Ahaswéros ngunggahké pangkaté Haman+ anaké Hamédata wong Agag+ lan mènèhi dhèwèké jabatan sing luwih dhuwur timbang kabèh pejabat liyané.+  Raja mréntahké bèn kabèh pelayané Raja sing ana ing gerbang istana Raja padha mbungkuk lan sujud marang Haman. Ning, Mordekai ora gelem mbungkuk utawa sujud.  Mula, para pelayan kuwi padha takon marang Mordekai, ”Ngapa kok kowé ora manut préntahé Raja?”  Saben dina wong-wong kuwi padha ngomong kaya ngono, ning Mordekai ora gelem ngrungokké. Terus, wong-wong kuwi lapor marang Haman merga péngin ngerti apa tumindaké Mordekai kuwi bakal dijarké waé.+ Sakdurungé, Mordekai wis ngandhani wong-wong kuwi nèk dhèwèké kuwi wong Yahudi.+  Pas ndelok nèk Mordekai bener-bener ora gelem mbungkuk lan sujud, Haman dadi nesu banget.+  Haman wis dikandhani nèk Mordekai kuwi wong Yahudi, mula dhèwèké ora gelem nèk mung matèni Mordekai. Dadi, Haman mulai ngupaya matèni kabèh wong Yahudi sing manggon ing kabèh dhaérah kerajaané Ahaswéros, yaiku kabèh wong sing sak bangsa karo Mordekai.  Ing sasi pertama, yaiku sasi Nisan,* ing taun ke-12+ pamréntahané Raja Ahaswéros, wong-wong padha nguncalké Pur+ (maksudé, Undhi) ing ngarepé Haman bèn isa nentokké dina lan sasi sing cocog kanggo nindakké rencanané. Hasil undhiné yaiku sasi ke-12, sasi Adar.*+  Terus Haman kandha marang Raja Ahaswéros, ”Ana bangsa sing kesebar lan mencar ing antarané bangsa-bangsa liya+ ing kabèh provinsi ing dhaérah kerajaané njenengan.+ Hukumé béda karo kabèh bangsa liyané, lan wong-wong kuwi ora manut karo hukumé Raja. Nèk wong-wong kuwi diejarké waé, njenengan bakal rugi.  Nèk njenengan setuju, nggawéa surat keputusan sing isiné wong-wong kuwi kudu disingkirké. Aku bakal mbayar para pejabat 10.000 talènta* pérak bèn dilebokké ing kas kerajaan.”* 10  Raja langsung nyopot cincin cap+ saka tangané lan mènèhké kuwi marang Haman+ anaké Hamédata wong Agag,+ mungsuhé wong Yahudi. 11  Raja kandha marang Haman, ”Bangsa kuwi lan kabèh péraké tak pasrahké kowé, tumindaka sak karepmu.” 12  Bar kuwi, para sekretarisé Raja+ padha diundang* pas dina ke-13 sasi pertama. Wong-wong kuwi nulis+ kabèh préntahé Haman, terus ngirimké surat kuwi marang para wakilé raja, para gubernur provinsi, lan para pejabat saka kabèh bangsa. Saben provinsi nampa surat ing tulisané* dhéwé-dhéwé, lan saben bangsa ing basané dhéwé-dhéwé. Kuwi ditulis nganggo jenengé Raja Ahaswéros lan disahké nganggo cincin cap duwèké Raja.+ 13  Surat-surat kuwi dikirim liwat para utusan menyang kabèh provinsi kerajaan. Isiné yaiku préntah nèk ing dina ke-13 sasi ke-12, yaiku sasi Adar,+ kabèh wong Yahudi embuh kuwi sing tuwa utawa sing enom, bocah-bocah utawa wong wédok, kudu disingkirké ing wektu sedina lan dijarah kabèh hartané.+ 14  Isiné surat kuwi dadi hukum ing saben provinsi lan diumumké marang kabèh bangsa supaya wong-wong kuwi isa siap ngadhepi dina kuwi. 15  Kaya préntahé Raja, para utusan mau padha cepet-cepet mangkat.+ Hukum kuwi ditokké ing Bèntèng* Syusyan.*+ Wektu kuwi Haman lungguh karo ngombé-ngombé bareng Raja, ning wong-wong ing kutha Syusyan* padha gègèr.

Katrangan Tambahan

Deloken Lamp. B15.
Deloken Lamp. B15.
Utawa mungkin, ”mènèhi 10.000 talènta ing kas kerajaan kanggo mbayar wong sing nindakké rencana kuwi.”
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”diceluk”.
Utawa ”hurufé; gaya penulisané”.
Utawa ”Istana”.
Utawa ”Susa”.
Utawa ”Susa”.