Èster 4:1-17

  • Mordekai sedhih banget (1-5)

  • Mordekai njaluk bantuané Èster (6-17)

4  Wektu ngerti kuwi kabèh,+ Mordekai+ nyuwèk klambiné, terus nganggo kain goni lan nyawuri awaké nganggo awu. Bar kuwi, dhèwèké lunga menyang tengah-tengah kutha lan nangis nggero-nggero karo sedhih.  Pas tekan ngarep gerbang istana, dhèwèké mandheg merga wong sing nganggo kain goni ora éntuk mlebu ing gerbang istana Raja.  Ing saben provinsi,+ yaiku ing endi waé préntah lan keputusané Raja disampèkké, wong Yahudi ing kono padha sedhih banget, terus padha pasa+ lan nangis karo sambat. Akèh sing padha turu ing ndhuwuré kain goni lan awu.+  Pas wong-wong wédok sing nglayani Èster lan para pejabat ngandhani Èster soal apa sing lagi kelakon, Ratu dadi sedhih banget. Terus, Ratu ngirimi klambi bèn dienggo Mordekai supaya dhèwèké ora nganggo kain goni manèh, ning Mordekai ora gelem.  Mula Èster ngundang Hatakh, salah siji pejabaté Raja sing ditugasi kanggo nglayani Èster. Èster ngongkon Hatakh nakoni Mordekai sakjané lagi ana apa.  Mula, Hatakh nemoni Mordekai ing lapangan kutha sing ana ing ngarep gerbang istana Raja.  Terus, Mordekai nyritakké marang Hatakh kabèh sing kelakon lan jumlah dhuwit+ sing dijanjèkké Haman arep dilebokké ing kas kerajaan bèn isa nyingkirké wong Yahudi.+  Mordekai ya mènèhi Hatakh salinan surat keputusan sing wis ditokké ing Syusyan*+ soal wong Yahudi sing arep disingkirké mau. Mordekai ngongkon Hatakh nduduhké surat kuwi marang Èster lan njelaské kuwi. Mordekai ya ngongkon Èster+ ngadhep Raja lan njaluk bèn Raja gelem mesakké bangsané Èster.  Terus, Hatakh bali lan ngandhani Èster kabèh sing diomongké Mordekai. 10  Èster ngongkon Hatakh bèn ngandhani Mordekai,+ 11  ”Kabèh pelayané Raja lan rakyat ing provinsi-provinsi kerajaan padha ngerti nèk Raja wis mènèhi hukum yaiku sapa waé, embuh kuwi wong lanang utawa wong wédok, sing mlebu menyang halaman njero kerajaan+ ning ora diundang,* wong kuwi kudu dipatèni. Dhèwèké isa tetep urip mung nèk Raja ngethungké tongkat emasé marang wong kuwi.+ Padahal, wis 30 dina aku ora diundang Raja.” 12  Bar Mordekai nampa pesené Èster, 13  dhèwèké njawab, ”Aja ngira nèk kowé luwih aman timbang wong Yahudi liyané mung merga kowé anggota keluarga kerajaan. 14  Nèk saiki kowé meneng waé, sakjané wong Yahudi bakal tetep slamet lan dibébaské embuh piyé carané,+ ning kowé lan keluargané bapakmu bakal mati. Sapa ngerti kanggo tujuan iki kowé dadi ratu.”+ 15  Terus Èster njawab Mordekai, 16  ”Klumpukna kabèh wong Yahudi sing manggon ing Syusyan,* lan kongkonen+ wong-wong kuwi pasa kanggo aku. Aja mangan utawa ngombé telung dina telung bengi.+ Aku lan wong-wong wédok sing dadi pelayanku ya arep pasa. Aku bakal ngadhep Raja senajan kuwi nglanggar hukum. Nèk aku kudu mati, ya bèn aku mati.” 17  Mula, Mordekai lunga lan nindakké kabèh sing dipréntahké Èster.

Katrangan Tambahan

Utawa ”Susa”.
Utawa ”diceluk”.
Utawa ”Susa”.