Èster 5:1-14

  • Èster ngadhep Raja (1-8)

  • Haman nesu; Haman sombong (9-14)

5  Ing dina ketelu,+ Èster nganggo klambi kerajaan lan ngadeg ing halaman njero istana Raja, ing sabrangé istana Raja. Raja lagi lungguh ing takhtané sing madhep lawang.  Pas ndelok Ratu Èster ngadeg ing halaman kuwi, Raja seneng banget. Raja ngethungké tongkat emasé marang Èster,+ terus Èster nyedhak lan nyekel kepala tongkat mau.  Raja takon, ”Ana apa Ratu Èster? Kowé arep njaluk apa? Senajan sing mbok jaluk kuwi setengah saka kerajaanku, kuwi bakal tak wènèhké.”  Èster njawab, ”Nèk Raja gelem, tulung njenengan teka karo Haman+ dina iki ing pésta sing wis tak siapké kanggo njenengan.”  Mula Raja mènèhi préntah, ”Kongkonen Haman bèn ndang teka kaya sing dijaluk Èster.” Terus, Raja lan Haman teka ing pésta sing wis disiapké Èster.  Pas lagi padha ngombé anggur,* Raja takon marang Èster, ”Kowé péngin apa? Kuwi bakal dikabulké. Kowé arep njaluk apa? Senajan sing mbok jaluk kuwi setengah saka kerajaanku, kuwi bakal tak wènèhké.”+  Èster njawab, ”Sing tak péngini lan sing tak jaluk yaiku,  nèk aku nyenengké kanggoné Raja lan nèk Raja gelem ngabulké sing tak péngini lan mènèhi sing tak jaluk, tulung sésuk njenengan teka karo Haman menyang pésta sing bakal tak anakké. Sésuk aku bakal ngandhani apa kepénginanku.”  Dina kuwi, Haman bali saka pésta karo seneng lan atiné bahagia. Ning, pas Haman ndelok Mordekai ing gerbang istana Raja lan weruh nèk Mordekai ora ngadeg lan ora wedi blas karo dhèwèké, Haman dadi nesu banget karo Mordekai.+ 10  Ning Haman isih isa ngempet nesuné, terus bali menyang omahé. Bar kuwi, Haman ngundang kanca-kanca lan Zèrès+ bojoné. 11  Haman nyombongké soal hartané sing akèh, anaké lanang sing akèh,+ lan piyé Raja wis ngunggahké pangkaté lan mènèhi dhèwèké jabatan sing luwih dhuwur timbang kabèh pejabat lan pelayané Raja.+ 12  Haman ya kandha, ”Sakliyané kuwi, Ratu Èster ora ngundang* wong liya, kecuali aku, kanggo ngancani Raja ing pésta sing dianakké Ratu.+ Sésuk, aku ya diundang* manèh kanggo mangan bareng karo Raja lan Ratu.+ 13  Ning, kuwi kabèh ora bakal nggawé aku puas nèk aku isih ndelok Mordekai wong Yahudi kuwi lungguh ing gerbang istana Raja.” 14  Mula Zèrès bojoné lan kabèh kancané kandha, ”Nggawéa cagak sing dhuwuré 50 hasta.* Sésuk ésuk, kandhaa marang Raja nèk Mordekai kudu digantung ing cagak kuwi.+ Terus, lungaa bareng karo Raja ing pésta lan seneng-senenga.” Haman setuju karo usul kuwi, mula dhèwèké ngongkon wong nggawé cagak.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”Pas lagi pésta anggur”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”diceluk”.
Kira-kira 22,3 m. Deloken Lamp. B14.