Èster 6:1-14

  • Raja mènèhi penghormatan marang Mordekai (1-14)

6  Bengi kuwi Raja ora isa turu. Mula, dhèwèké mréntahké bèn buku sejarah kerajaan dijupuk+ lan diwacakké kanggo Raja.  Ing buku kuwi, ana cathetan soal Mordekai sing nglaporké Bigtana lan Tèrès, yaiku pejabat istana loro sing ditugasi njaga lawang. Wong loro kuwi nduwé rencana arep matèni Raja Ahaswéros.+  Raja takon, ”Penghormatan lan penghargaan apa sing wis diwènèhké marang Mordekai?” Para pelayan pribadiné Raja njawab, ”Dhèwèké ora diwènèhi apa-apa.”  Terus Raja takon, ”Sapa kuwi sing ana ing halaman?” Wektu kuwi, Haman ana ing halaman njaba+ istana Raja arep ngandhani Raja soal rencanané nggantung Mordekai ing cagak sing wis dhèwèké siapké.+  Para pelayané Raja njawab, ”Sing ngadeg ing halaman kuwi Haman.”+ Raja kandha, ”Kongkonen dhèwèké mlebu.”  Pas Haman mlebu, Raja takon, ”Nèk Raja péngin mènèhi penghormatan marang wong, wong kuwi kudu diapakké?” Haman mbatin, ’Sapa manèh sing arep diwènèhi penghormatan karo Raja sakliyané aku?’+  Mula Haman njawab, ”Nèk Raja péngin mènèhi penghormatan marang wong,  wong kuwi kudu diwènèhi klambi kerajaan+ kaya sing biasané dienggo Raja lan jaran sing biasané ditumpaki Raja, yaiku jaran sing nganggo hiasan kerajaan.  Terus, tugasna salah siji pejabat tinggi Raja kanggo ngurusi klambi lan jaran kuwi. Pejabat kuwi kudu nganggokké klambi mau marang wong sing péngin Raja wènèhi penghormatan, terus wong kuwi kudu numpak jaran ing lapangan kutha. Ing ngarepé wong kuwi, wong-wong kudu mbengok, ’Kaya ngéné iki wong sing diwènèhi penghormatan karo Raja!’”+ 10  Raja langsung kandha marang Haman, ”Ndang njupuka klambi lan jaran. Terus, tindakna kaya sing mbok omongké mau marang Mordekai wong Yahudi sing lungguh ing gerbang istana Raja. Tindakna kabèh sing mbok omongké, aja nganti ana sing kliwatan.” 11  Mula, Haman njupuk klambi lan jaran, terus nganggokké klambi kuwi marang Mordekai. Bar kuwi, Haman ngatur bèn Mordekai+ numpaki jaran mau ing lapangan kutha, terus Haman mbengok ing ngarepé, ”Kaya ngéné iki wong sing diwènèhi penghormatan karo Raja!” 12  Sakwisé kuwi, Mordekai balik ing gerbang istana Raja, ning Haman cepet-cepet mulih karo sedhih banget lan nutupi sirahé. 13  Wektu Haman nyritakké kabèh sing wis kelakon marang Zèrès bojoné+ lan kabèh kancané, kanca-kancané sing wicaksana lan Zèrès bojoné kandha, ”Saiki waé kowé wis kalah saka Mordekai. Dadi, nèk dhèwèké kuwi pancèn keturunané wong Yahudi,* kowé ora bakal isa menang nglawan dhèwèké. Kowé mesthi bakal kalah saka dhèwèké.” 14  Wektu wong-wong kuwi isih omong-omongan, para pejabat istana teka lan cepet-cepet nggawa Haman menyang pésta sing dianakké Èster.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”kuwi asalé saka benihé wong Yahudi.”