Èster 7:1-10

  • Èster mbukak rencana jahaté Haman (1-6a)

  • Haman digantung ing cagak sing wis dhèwèké siapké (6b-10)

7  Dadi, Raja lan Haman+ teka ing péstané Ratu Èster.  Ing dina keloro, pas lagi padha ngombé anggur,* Raja takon manèh marang Èster, ”Kowé péngin apa Ratu Èster? Kuwi bakal dikabulké. Kowé arep njaluk apa? Senajan sing mbok jaluk kuwi setengah saka kerajaanku, kuwi bakal tak wènèhké.”+  Ratu Èster njawab, ”Nèk aku nyenengké kanggoné Raja lan nèk Raja setuju, aku njaluk bèn njenengan nylametké nyawaku lan aku njaluk tenanan bèn njenengan mesakké bangsaku,+  merga aku lan bangsaku wis diedol+ lan arep disingkirké nganti entèk.+ Nèk aku kabèh mung diedol lan didadèkké budhak lanang lan wédok, aku isih meneng waé. Ning bencana iki kuduné ora kelakon, merga iki bakal nggawé njenengan bener-bener rugi.”  Terus Raja Ahaswéros takon marang Ratu Èster, ”Sapa wongé? Ing endi dhèwèké? Wani-waniné tumindak kaya ngono.”  Èster kandha, ”Mungsuh lan wong sing kejem kuwi Haman.” Haman dadi wedi banget karo Raja lan Ratu.  Raja nesu banget, terus ninggalké pésta anggur kuwi lan lunga menyang taman istana. Haman ngerti nèk Raja mesthi bakal ngukum dhèwèké, mula Haman ngadeg lan njaluk tulung bèn Ratu Èster nylametké nyawané.  Pas Raja balik saka taman istana menyang ruangan pésta anggur mau lan ndelok Haman lagi sujud ing lungguhané Èster, Raja kandha, ”Apa kowé ya arep memperkosa Ratu ing istanaku dhéwé?” Sakwisé Raja ngomong kaya ngono, rainé Haman langsung dikrukubi.  Harbona,+ salah siji pejabat istana kandha, ”Haman ya nggawé cagak kanggo Mordekai,+ wong sing tau nylametké Raja.+ Cagak kuwi ana ing cedhak omahé Haman, dhuwuré 50 hasta.”* Terus Raja kandha, ”Gantungen dhèwèké ing cagak kuwi!” 10  Mula Haman digantung ing cagak sing wis dhèwèké siapké kanggo Mordekai. Bar kuwi, Raja wis ora nesu manèh.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”pas lagi pésta anggur”.
Kira-kira 22,3 m. Deloken Lamp. B14.