Èster 9:1-32

  • Kemenangané wong Yahudi (1-19)

  • Perayaan Purim ditetepké (20-32)

9  Dina ke-13 sasi ke-12, yaiku sasi Adar,*+ kuwi dina sing ditentokké kanggo nindakké préntah lan hukumé Raja.+ Ing dina kuwi, mungsuh-mungsuhé wong Yahudi wis ngarep-arep bakal ngalahké wong Yahudi. Ning wong-wong mau malah dikalahké wong Yahudi.+  Ing kabèh provinsi sing dipréntah Raja Ahaswéros,+ wong Yahudi padha nglumpuk ing kutha-kuthané kanggo nglawan wong-wong sing arep nyilakani wong Yahudi. Kabèh bangsa padha wedi karo wong Yahudi, mula ora ana sing isa ngadhepi.+  Kabèh pejabat provinsi, wakilé raja,+ gubernur, lan pengawas urusan raja padha ndhukung wong Yahudi, merga wong-wong kuwi wedi karo Mordekai.  Mordekai éntuk kekuasaan+ ing istanané Raja. Dhèwèké terkenal ing kabèh provinsi merga kekuasaané saya gedhé.  Wong Yahudi ngalahké kabèh mungsuhé nganggo pedhang, matèni, lan nyingkirké mungsuh-mungsuhé. Wong Yahudi tumindak sak senengé marang mungsuh-mungsuhé.+  Wong Yahudi matèni wong 500 ing Bèntèng* Syusyan.*+  Wong-wong kuwi ya matèni Parsyandata, Dalfon, Aspata,  Porata, Adalia, Aridata,  Parmasta, Arisai, Aridai, lan Waizata, 10  yaiku sepuluh anaké lanang Haman anaké Hamédata, mungsuhé wong Yahudi.+ Ning bar matèni wong-wong kuwi, wong Yahudi ora njarah apa-apa.+ 11  Dina kuwi, jumlahé wong sing dipatèni ing Bèntèng* Syusyan* dilaporké marang Raja. 12  Raja kandha marang Ratu Èster, ”Ing Bèntèng* Syusyan* waé wong Yahudi wis matèni wong 500 lan anaké lanang Haman 10. Kuwi durung termasuk sing ana ing provinsi-provinsi liyané.+ Saiki, kowé péngin apa manèh? Kuwi bakal dikabulké. Kowé njaluk apa manèh? Kuwi bakal tak wènèhké.” 13  Èster njawab, ”Nèk Raja setuju,+ tulung hukum sing wis ditindakké dina iki,+ sésuk isa ditindakké manèh karo wong Yahudi ing Syusyan.* Tulung mayaté sepuluh anaké lanang Haman digantung ing cagak.”+ 14  Mula, Raja mréntahké bèn kuwi ditindakké. Ana hukum sing ditokké ing Syusyan,* lan sepuluh anaké lanang Haman digantung. 15  Wong Yahudi ing Syusyan* nglumpuk manèh pas dina ke-14 sasi Adar+ lan matèni wong 300 ing Syusyan,* ning ora njarah apa-apa. 16  Wong Yahudi liyané sing ana ing provinsi sing dipréntah Raja ya padha nglumpuk lan nglawan wektu diserang.+ Wong-wong kuwi nyingkirké mungsuh-mungsuhé,+ matèni 75.000 wong, ning ora njarah apa-apa. 17  Kuwi kelakon ing dina ke-13 sasi Adar. Ing dina ke-14, wong-wong kuwi padha lèrèn lan ndadèkké dina kuwi dina kanggo pésta lan seneng-seneng. 18  Wong Yahudi ing Syusyan* padha nglumpuk kanggo nyerang ing dina ke-13+ lan ke-14.+ Ing dina ke-15, wong-wong kuwi padha lèrèn lan ndadèkké kuwi dina kanggo pésta lan seneng-seneng. 19  Kuwi sebabé, wong Yahudi sing manggon ing kutha-kutha liyané ndadèkké dina ke-14 sasi Adar kuwi dina kanggo seneng-seneng lan pésta, dina perayaan,+ lan wektu kanggo kirim-kiriman panganan.+ 20  Mordekai+ nyathet kabèh sing kelakon kuwi lan ngirimké surat-surat marang kabèh wong Yahudi ing kabèh provinsi sing dipréntah Raja Ahaswéros, embuh sing cedhak utawa sing adoh. 21  Dhèwèké mréntahké wong Yahudi ngrayakké dina ke-14 lan ke-15 sasi Adar saben taun, 22  merga ing dina-dina kuwi wong Yahudi padha bébas saka mungsuh-mungsuhé, lan ing sasi kuwi rasa susah malih dadi rasa seneng, lan dina sedhih+ dadi dina perayaan. Dina-dina kuwi kudu dirayakké dadi dina kanggo pésta lan seneng-seneng, dina kanggo kirim-kiriman panganan lan mènèhi sedhekah kanggo wong mlarat. 23  Wong Yahudi setuju karo préntahé Mordekai, lan perayaan sing wis dimulai kuwi bakal terus dianakké saben taun. 24  Nganggo cara kuwi, wong Yahudi bakal éling nèk Haman+ anaké Hamédata wong Agag+ mungsuhé wong Yahudi wis nggawé rencana jahat kanggo nyingkirké wong Yahudi.+ Dhèwèké nguncalké Pur,+ yaiku Undhi, bèn wong Yahudi kewedèn lan isa disingkirké. 25  Ning pas Èster ngadhep Raja, Raja nggawé préntah tertulis sing isiné,+ ”Bèn Haman dhéwé sing kena rencana jahaté marang wong Yahudi.”+ Terus, Haman lan anak-anaké digantung ing cagak.+ 26  Kuwi sebabé wong-wong nyebut kuwi perayaan Purim, sing asalé saka kata Pur.*+ Merga isi suraté Mordekai lan merga apa sing wis didelok lan dialami dhéwé, 27  wong Yahudi mutuské nèk wong-wong kuwi, keturunané, lan wong-wong sing padha nggabung karo wong Yahudi+ kudu ngrayakké rong dina kuwi saben taun, aja nganti lali. Wong-wong kuwi kudu nindakké apa sing wis ditulis Mordekai soal perayaan kuwi ing wektu sing wis ditentokké saben taun. 28  Perayaan iki kudu diéling-éling lan dirayakké turun-temurun ing saben keluarga, saben provinsi, lan saben kutha. Wong Yahudi kudu terus ngrayakké perayaan Purim, lan perayaan iki kudu terus ditindakké keturunané wong Yahudi. 29  Terus, nganggo wewenangé sing gedhé, Ratu Èster anaké wédok Abihail lan Mordekai wong Yahudi kuwi nulis surat keloro kanggo neguhké soal perayaan Purim. 30  Surat-surat kuwi dikirimké marang kabèh wong Yahudi ing 127 provinsi+ sing dipréntah Raja Ahaswéros.+ Kata-kata ing surat-surat kuwi nyenengké lan isa dipercaya. 31  Surat kuwi kanggo neguhké perayaan Purim sing kudu dianakké ing wektu sing wis ditentokké, kaya sing dipréntahké Mordekai wong Yahudi lan Ratu Èster marang wong-wong kuwi+ lan kaya keputusan sing wis digawé wong Yahudi kanggo wong-wong kuwi dhéwé lan keturunané.+ Wong-wong kuwi ya kudu pasa+ lan nggawé permohonan.+ 32  Préntahé Èster kuwi neguhké keputusan soal Purim,+ lan kuwi dicathet ing buku.

Katrangan Tambahan

Deloken Lamp. B15.
Utawa ”Istana”.
Utawa ”Susa”.
Utawa ”Istana”.
Utawa ”Susa”.
Utawa ”Istana”.
Utawa ”Susa”.
Utawa ”Susa”.
Utawa ”Susa”.
Utawa ”Susa”.
Utawa ”Susa”.
Utawa ”Susa”.
”Pur” artiné ”Undhi”. Bentuk jamaké yaiku ”Purim”. Kuwi sebutan kanggo perayaané wong Yahudi ing sasi ke-12 kalènder agama Yahudi. Deloken Lamp. B15.