Ézra 1:1-11

  • Keputusané Raja Korès kanggo mbangun manèh bait (1-4)

  • Persiapan kanggo bali saka penawanan ing Babilon (5-11)

1  Ing taun pertama pamréntahané Korès+ raja Pèrsia, Yéhuwah ngarahké Korès raja Pèrsia bèn nggawé pengumuman ing kabèh wilayah ing kerajaané. Kuwi kelakon bèn omongané Yéhuwah sing disampèkké Yérémia+ dadi kenyataan. Pengumuman kuwi ya ditulis.+ Isiné:  ”Iki sing diomongké Korès raja Pèrsia, ’Yéhuwah, Gusti Allah sing nguwasani swarga, wis mènèhi kabèh kerajaan ing bumi marang aku,+ lan Dhèwèké nugasi aku mbangun omah kanggo Dhèwèké ing Yérusalèm,+ yaiku ing Yéhuda.  Sapa waé ing antaramu sing dadi umaté, muga-muga Gusti Allahé ndhukung wong kuwi. Balia menyang Yérusalèm ing Yéhuda lan bangunen manèh omahé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl. Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing bener, sing omahé mbiyèn ana ing Yérusalèm.*  Sapa waé sing manggon dadi wong asing,+ ing endi waé panggonané, bakal dibantu karo tangga-tanggané.* Tangga-tanggané bakal mènèhi pérak, emas, barang-barang, ternak, lan persembahan sukaréla kanggo omahé Gusti Allah sing bener+ sing ana ing Yérusalèm.’”  Terus, para pemimpin keluarga pihak bapaké suku Yéhuda lan suku Bènyamin, para imam, lan wong Lèwi, yaiku kabèh wong sing atiné digerakké Gusti Allah sing bener, padha siap-siap kanggo mangkat lan mbangun manèh omahé Yéhuwah ing Yérusalèm.  Sakliyané mènèhi persembahan sukaréla, kabèh wong sing ana ing sekitaré wong-wong kuwi ya mènèhi* peralatan saka pérak lan emas, barang-barang, ternak, lan barang-barang sing berharga.  Raja Korès ya ngetokké peralatan-peralatan saka omahé Yéhuwah sing wis digawa Nébukhadnézar saka Yérusalèm lan ndèlèhké kuwi ing kuilé allahé.+  Korès raja Pèrsia nugasi Mitrédat sing dadi bendahara bèn nggawa peralatan-peralatan kuwi. Terus, kabèh peralatan kuwi didaftar karo Mitrédat lan diwènèhké marang Syésbazar,*+ pemimpiné Yéhuda.  Iki daftaré: kranjang saka emas 30, kranjang saka pérak 1.000, lan wadhah liyané 29. 10  Ana manèh mangkok cilik saka emas 30, mangkok cilik saka pérak 410, lan peralatan liyané 1.000. 11  Jumlahé kabèh peralatan sing digawé saka emas lan pérak yaiku 5.400. Syésbazar nggawa kuwi kabèh pas para tawanan+ digawa metu saka Babilon menyang Yérusalèm.

Katrangan Tambahan

Utawa mungkin ”sing ana ing Yérusalèm”.
Lit.: ”karo wong-wong ing dhaérahé”.
Lit.: ”ya nguwatké tangané wong-wong kuwi nganggo”.
Mungkin Zérubabèl sing disebutké ing Ézr 2:2; 3:8.