Ézra 10:1-44

  • Perjanjian kanggo ngusir wong wédok saka bangsa liya (1-14)

  • Wong-wong wédok saka bangsa liya diusir (15-44)

10  Wektu Ézra lagi ndonga+ lan ngakoni dosané bangsané karo nangis lan sujud ing omahé Gusti Allah sing bener, akèh wong lanang, wong wédok, lan anak-anaké bangsa Israèl padha ngumpul ngubengi Ézra lan padha nangis nggero-nggero.  Terus, Syékania anaké Yéhièl+ keturunané Élam+ kandha marang Ézra, ”Awaké dhéwé wis ora manut karo Gusti Allahé awaké dhéwé merga nikah karo* wong wédok saka rakyat negara iki.+ Ning, Israèl isih nduwé harapan.  Saiki, ayo nggawé perjanjian karo Gusti Allahé awaké dhéwé+ nèk awaké dhéwé bakal ngusir kabèh wong wédok kuwi sak anak-anaké bèn padha bali menyang negarané, kaya arahané Yéhuwah lan wong-wong sing ngajèni préntahé Gusti Allahé awaké dhéwé.+ Ayo manut karo Hukumé Gusti Allah.  Ngadega merga iki tanggung jawabmu, lan aku kabèh ndhukung kowé. Dadia kendel lan kowé kudu tumindak.”  Terus, Ézra ngadeg lan ngongkon para imam kepala, wong Lèwi, lan kabèh wong Israèl kanggo sumpah nèk bakal nglakoni kabèh sing wis diomongké.+ Mula, wong-wong kuwi padha sumpah.  Bar kuwi, Ézra lunga saka ngarepé omahé Gusti Allah sing bener lan mlebu ing ruangané* Yéhohanan anaké Èliasyib. Senajan lunga mrana, dhèwèké ora mangan utawa ngombé apa-apa. Dhèwèké lagi prihatin merga para tawanan sing bali kuwi padha ora manut.+  Bar kuwi, ana pengumuman sing disampèkké ing kabèh dhaérah Yéhuda lan Yérusalèm nèk kabèh tawanan sing wis padha bali saka pembuangan kudu ngumpul ing Yérusalèm.  Kaya keputusané para pejabat lan para pemimpin,* nèk nganti telung dina padha ora teka, wong-wong kuwi bakal diusir saka antarané para tawanan sing wis padha bali, lan kabèh barangé bakal disita.+  Mula ing wektu telung dina, yaiku ing dina ke-20 sasi ke-9, kabèh wong lanang saka Yéhuda lan Bènyamin padha ngumpul ing Yérusalèm. Kabèh wong kuwi padha lungguh ing halaman omahé Gusti Allah sing bener karo ndredheg merga kewedèn lan merga udan deres. 10  Terus, Imam Ézra ngadeg lan kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé kabèh wis ora manut merga nikah karo wong wédok asing.+ Kowé nambah-nambahi dosané Israèl. 11  Mula saiki kowé kudu ngakoni dosamu marang Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu lan nindakké karepé. Kowé kudu ngedohi bangsa-bangsa ing sekitar kéné lan ngedohi bojomu, yaiku wong-wong wédok asing.”+ 12  Kabèh bangsa kuwi njawab nganggo swara seru, ”Aku kabèh bakal nindakké persis kaya sing mbok omongké. 13  Ning, ana akèh wong sing ngumpul ing kéné, lan saiki ya lagi musim udan. Ora mungkin aku kabèh ngadeg terus ing njaba, lan masalah iki ya ora bakal rampung sedina rong dina, merga sing nindakké dosa iki ana akèh banget. 14  Mula, tulung ijinké para pejabat tetep ing kéné lan ngurusi masalah iki.+ Terus, mengko ing wektu sing wis ditentokké, wong-wong ing kabèh kutha sing padha nikah karo wong wédok asing bèn mara mréné bareng karo para pemimpin lan hakim saka kuthané dhéwé-dhéwé. Nèk nindakké kuwi, Gusti Allah ora bakal nesu manèh merga masalah iki.” 15  Ning, Yonatan anaké Asahèl lan Yahzéya anaké Tikwa ora setuju. Wong-wong kuwi didhukung Mésyulam lan Syabetai+ saka wong Lèwi. 16  Senajan ngono, para tawanan sing wis padha bali kuwi tetep nindakké apa sing wis disepakati. Ing dina pertama sasi kesepuluh, Imam Ézra bareng karo para pemimpin keluarga pihak bapak sing jeneng-jenengé wis kedaftar, padha nganakké rapat dhéwé kanggo nangani masalah iki. 17  Ing dina pertama sasi pertama, wong-wong kuwi ngrampungké masalah soal wong-wong sing padha nikah karo wong wédok asing. 18  Jebulé ya ana anak-anaké imam sing padha nikah karo wong wédok asing,+ yaiku anak-anak lan seduluré lanang Yésyua+ anaké Yéhozadak, yaiku Maaséya, Èlièzèr, Yarib, lan Gédalia. 19  Ning, kabèh wong kuwi janji* arep ngusir bojoné. Merga ngrasa salah, wong-wong kuwi mènèhi persembahan domba lanang siji saka ternaké.+ 20  Wong-wong liyané sing nindakké dosa kuwi yaiku: Saka keluargané Imèr:+ Hanani lan Zébadia. 21  Saka keluargané Harim:+ Maaséya, Èlia, Syémaya, Yéhièl, lan Uzzia. 22  Saka keluargané Pasyur:+ Èlioénai, Maaséya, Ismaèl, Nétanèl, Yozabad, lan Èléasa. 23  Saka suku Lèwi: Yozabad, Syiméi, Kélaya (utawa Kélita), Pétahia, Yéhuda, lan Èlièzèr. 24  Saka antarané para penyanyi: Èliasyib. Saka antarané para penjaga gerbang: Syalum, Tèlèm, lan Uri. 25  Saka antarané wong Israèl, saka keluargané Paros:+ Ramia, Izia, Malkhiya, Miyamin, Èléazar, Malkhiya, lan Bénaya. 26  Saka keluargané Élam:+ Matania, Zakharia, Yéhièl,+ Abdi, Yérémot, lan Èlia. 27  Saka keluargané Zatu:+ Èlioénai, Èliasyib, Matania, Yérémot, Zabad, lan Aziza. 28  Saka keluargané Bébai:+ Yéhohanan, Hanania, Zabai, lan Atlai. 29  Saka keluargané Bani: Mésyulam, Malukh, Adaya, Yasyub, Syéal, lan Yérémot. 30  Saka keluargané Pahat-moab:+ Adna, Khélal, Bénaya, Maaséya, Matania, Bézalèl, Binui, lan Manasyé. 31  Saka keluargané Harim:+ Èlièzèr, Issyiya, Malkhiya,+ Syémaya, Syiméon, 32  Bènyamin, Malukh, lan Syémaria. 33  Saka keluargané Hasyum:+ Maténai, Matatah, Zabad, Èlifèlèt, Yérémai, Manasyé, lan Syiméi. 34  Saka keluargané Bani: Maadai, Amram, Uèl, 35  Bénaya, Bédéya, Khéluhi, 36  Wania, Mérémot, Èliasyib, 37  Matania, Maténai, lan Yaasu. 38  Saka keluargané Binui: Syiméi, 39  Syélémia, Natan, Adaya, 40  Makhnadébai, Syasyai, Syarai, 41  Azarèl, Syélémia, Syémaria, 42  Syalum, Amaria, lan Yusuf. 43  Saka keluargané Nébo: Yéièl, Matitia, Zabad, Zébina, Yadai, Yoèl, lan Bénaya. 44  Kuwi kabèh wong-wong sing padha nikah karo wong wédok asing,+ ning wong-wong wédok kuwi padha diusir sak anak-anaké.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”merga nggawa bali ing omahé awaké dhéwé”.
Utawa ”ruang makané”.
Utawa ”para sesepuh”.
Lit.: ”salaman”.