Ézra 2:1-70

  • Daftar tawanan sing bali (1-67)

    • Pelayan bait (43-54)

    • Keturunané pelayané Salomo (55-57)

  • Persembahan sukaréla kanggo bait (68-70)

2  Iki wong Yahudi saka provinsi* sing bali saka penawanan.+ Wong-wong kuwi digawa Nébukhadnézar raja Babilon kanggo ditawan ing Babilon,+ lan akhiré padha bali menyang Yérusalèm lan Yéhuda, ing kuthané dhéwé-dhéwé.+  Wong-wong sing padha bali bareng Zérubabèl+ yaiku Yésyua,+ Néhémia, Séraya, Réèlaya, Mordekai, Bilsyan, Mispar, Bigwai, Réhum, lan Baanah. Iki jumlahé wong lanang Israèl:+  keluargané Paros, 2.172;  keluargané Syéfatia, 372;  keluargané Arah,+ 775;  keluargané Pahat-moab,+ saka keluargané Yésyua lan Yoab, 2.812;  keluargané Élam,+ 1.254;  keluargané Zatu,+ 945;  keluargané Zakai, 760; 10  keluargané Bani, 642; 11  keluargané Bébai, 623; 12  keluargané Azgad, 1.222; 13  keluargané Adonikam, 666; 14  keluargané Bigwai, 2.056; 15  keluargané Adin, 454; 16  keluargané Atèr, keturunané Hizkia, 98; 17  keluargané Bézai, 323; 18  keluargané Yora, 112; 19  keluargané Hasyum,+ 223; 20  keluargané Gibar, 95; 21  keluargané Bètlehèm, 123; 22  wong Nétofa, 56; 23  wong Anatot,+ 128; 24  keluargané Azmawèt, 42; 25  keluargané Kiriat-yéarim, Khéfira, lan Béèrot, 743; 26  keluargané Rama+ lan Géba,+ 621; 27  wong Mikhmas, 122; 28  wong Bètel lan Ai,+ 223; 29  keluargané Nébo,+ 52; 30  keluargané Magbis, 156; 31  keluargané Élam, 1.254; 32  keluargané Harim, 320; 33  keluargané Lod, Hadid, lan Ono, 725; 34  keluargané Yérikho, 345; 35  keluargané Sénaa, 3.630. 36  Jumlahé imam:+ saka keluargané Yédaya+ keturunané Yésyua,+ 973; 37  keluargané Imèr,+ 1.052; 38  keluargané Pasyur,+ 1.247; 39  keluargané Harim,+ 1.017. 40  Jumlahé wong Lèwi:+ saka keluargané Yésyua lan Kadmièl,+ saka keluargané Hodawia, 74. 41  Jumlahé penyanyi:+ saka keluargané Asaf,+ 128. 42  Jumlahé* penjaga gerbang:+ saka keluargané Syalum, Atèr, Talmon,+ Akub,+ Hatita, lan Syobai, 139. 43  Para pelayan bait*+ yaiku saka keluargané Ziha, Hasufa, Tabaot, 44  Kéros, Siaha, Padon, 45  Lébana, Hagaba, Akub, 46  Hagab, Salmai, Hanan, 47  Gidèl, Gahar, Réaya, 48  Rézin, Nékoda, Gazam, 49  Uza, Paséah, Bésai, 50  Asna, Méunim, Néfusim, 51  Bakbuk, Hakufa, Harhur, 52  Bazlut, Méhida, Harsya, 53  Barkos, Siséra, Témah, 54  Néziah, Hatifa. 55  Para pelayané Salomo yaiku saka keluargané Sotai, Sofèrèt, Péruda,+ 56  Yaalah, Darkon, Gidèl, 57  Syéfatia, Hatil, Pokhèrèt-hazébaim, lan Ami. 58  Jumlahé pelayan bait* lan keluargané pelayané Salomo ana 392. 59  Iki wong-wong sing teka saka Tèl-méla, Tèl-harsya, Khérub, Adon, lan Imèr, ning padha ora isa mbuktèkké nèk wong-wong kuwi lan keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi bener-bener keturunané Israèl:+ 60  saka keluargané Délaya, Tobia, lan Nékoda, 652. 61  Saka keluargané para imam: keluargané Habaya, Hakoz,+ lan Barzilai. Barzilai ngepèk bojo anaké wédok Barzilai+ wong Giléad, terus dhèwèké nganggo jeneng bapak maratuwané kuwi. 62  Wong-wong kuwi nggolèki jeneng keluargané ing daftar silsilah, ning jebulé ora ana. Mula, wong-wong kuwi ora éntuk dadi imam.*+ 63  Gubernur* kandha nèk wong-wong kuwi ora éntuk mangan persembahan sing paling suci+ nganti ana imam sing isa njaluk petunjuk saka Gusti Allah nganggo Urim lan Tumim.*+ 64  Dadi, wong-wong kuwi kabèh jumlahé ana 42.360,+ 65  durung termasuk budhak lanang lan wédok 7.337 lan penyanyi lanang lan wédok 200.* 66  Jarané ana 736, keledainé* ana 245, 67  untané ana 435, lan keledainé ana 6.720. 68  Wektu tekan ing omahé Yéhuwah ing Yérusalèm, ana pemimpin-pemimpin keluarga pihak bapak sing mènèhi persembahan sukaréla+ bèn omahé Gusti Allah sing bener isa dibangun manèh.+ 69  Wong-wong kuwi mènèhi sumbangan nurut kemampuané dhéwé-dhéwé kanggo ndhukung gawéan kuwi. Jumlah sumbangané ana emas 61.000 drakhma,* pérak 5.000 mina,*+ lan jubah imam 100. 70  Terus, para imam, wong Lèwi, sebagéan rakyat, penyanyi, penjaga gerbang, pelayan bait,* lan kabèh wong Israèl liyané manggon ing kuthané dhéwé-dhéwé.+

Katrangan Tambahan

Mungkin maksudé provinsi Babilon utawa provinsi Yéhuda.
Lit.: ”Jumlah anak-anaké lanang”.
Utawa ”Kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.
Utawa ”kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.
Utawa ”ora éntuk dadi imam merga najis”.
Utawa ”Tirsyata”, basa Pèrsiané jabatan gubernur ing provinsi.
Dudu para penyanyi saka suku Lèwi.
Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.
Padha karo darik emas Pèrsia sing aboté 8,4 g. Béda karo drakhma ing Kitab-Kitab Yunani. Deloken Lamp. B14.
Ing Kitab-Kitab Ibrani, 1 mina = 570 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.