Ézra 3:1-13

  • Mézbah dibangun manèh lan korban diwènèhké (1-6)

  • Pembangunan bait dimulai (7-9)

  • Pondhasi bait digawé (10-13)

3  Ing sasi kepitu,+ pas wong Israèl wis padha manggon ing kuthané dhéwé-dhéwé, wong-wong kuwi padha ngumpul ing Yérusalèm.  Yésyua+ anaké Yéhozadak, para imam liyané, Zérubabèl+ anaké Syéaltièl,+ lan sedulur-seduluré padha mbangun mézbah kanggo Gusti Allahé Israèl. Mézbah kuwi bakal dienggo mènèhké korban bakaran kaya sing ditulis ing Hukum Musa+ abdiné Gusti Allah sing bener.  Senajan wedi karo penduduk ing dhaérah-dhaérah sekitaré,+ wong-wong kuwi mbangun mézbah ing panggonané mézbah kuwi mbiyèn lan mènèhké korban bakaran kanggo Yéhuwah ing mézbah kuwi, yaiku korban bakaran ésuk lan soré.+  Terus, wong-wong kuwi nganakké Perayaan Pondok* kaya sing wis ditulis ing Hukum,+ lan saben dina wong-wong kuwi mènèhké korban bakaran sesuai karo jumlah sing wis ditentokké.+  Bar kuwi, sakliyané mènèhké persembahan bakaran saben dina,+ wong-wong kuwi ya mènèhké persembahan pas bulan-bulan anyar+ lan pas kabèh musim perayaan suci+ kanggo Yéhuwah. Ana manèh wong-wong sing mènèhké persembahan sukaréla+ kanggo Yéhuwah.  Kèt dina pertama sasi kepitu,+ wong-wong kuwi mulai mènèhké korban bakaran marang Yéhuwah senajan pondhasi baité Yéhuwah durung mulai dibangun.  Wong-wong kuwi mènèhi dhuwit marang tukang motong watu+ lan para pengrajin.+ Wong-wong kuwi ya mènèhi panganan, minuman, lan minyak marang wong Sidon lan Tirus bèn diijoli kayu-kayu aras* sing digawa saka Lébanon menyang Yopa liwat laut,+ sesuai karo ijin sing ditampa saka Korès raja Pèrsia.+  Ing taun keloro sasi keloro, sakwisé tekan ing omahé Gusti Allah sing bener ing Yérusalèm, Zérubabèl anaké Syéaltièl, Yésyua anaké Yéhozadak lan sedulur-seduluré, para imam lan wong Lèwi, lan kabèh wong sing padha teka ing Yérusalèm saka penawanan+ langsung padha mulai nyambut gawé. Wong-wong kuwi nglantik wong Lèwi sing umuré 20 taun munggah kanggo ngawasi pembangunan omahé Yéhuwah.  Dadi, Yésyua karo anak-anaké lanang lan sedulur-seduluré lan Kadmièl karo anak-anaké lanang, yaiku keturunané Yéhuda bareng-bareng padha ngawasi gawéan ing omahé Gusti Allah sing bener. Kabèh wong kuwi dibantu wong Lèwi liyané, yaiku keturunané Hénadad,+ anak-anaké lanang lan sedulur-seduluré. 10  Sakwisé para tukang rampung mbangun pondhasi baité Yéhuwah,+ para imam nganggo jubah resmi lan nggawa trompèt.+ Wong Lèwi saka keturunané Asaf ya nggawa simbal. Kabèh wong kuwi ngadeg lan muji Yéhuwah, kaya pengaturan sing wis digawé Daud raja Israèl.+ 11  Wong-wong kuwi mulai nyanyi saut-sautan+ kanggo ngucap syukur lan muji Yéhuwah, ”merga Dhèwèké apikan lan katresnané* marang Israèl ana nganti saklawasé”.+ Bangsa kuwi padha sorak-sorak muji Yéhuwah merga pondhasi omahé Yéhuwah wis rampung dibangun. 12  Akèh imam, wong Lèwi, lan pemimpin keluarga pihak bapak, yaiku wong-wong tuwa sing mbiyèn wis tau ndelok dhéwé omahé Gusti Allah,+ padha nangis banter banget pas ndelok pondhasi omahé Gusti Allah iki. Akèh wong liyané padha sorak-sorak merga seneng.+ 13  Wong-wong nganti ora isa mbédakké endi swara sorak-sorak lan endi swara tangisan, merga swarané banter banget nganti krungu tekan adoh.

Katrangan Tambahan

Utawa ”Panggonan Sementara”.
Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.
Utawa ”Katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.