Ézra 4:1-24

  • Tantangan wektu mbangun bait (1-6)

  • Para mungsuh ngirim surat marang Raja Artahsasta (7-16)

  • Jawabané Raja Artahsasta (17-22)

  • Pembangunan bait mandheg (23, 24)

4  Wektu mungsuh-mungsuhé wong Yéhuda lan Bènyamin+ krungu nèk para tawanan sing padha bali kuwi+ mbangun bait kanggo Yéhuwah Gusti Allahé Israèl,  wong-wong kuwi langsung nemoni Zérubabèl lan para pemimpin keluarga pihak bapak terus kandha, ”Aku péngin mèlu mbangun bareng karo kowé. Kaya kowé, aku ya nyembah Gusti Allahmu+ lan mènèhké korban marang Dhèwèké kèt jamané Ésar-hadon+ raja Asiria, sing nggawa aku mréné.”+  Ning Zérubabèl, Yésyua, lan para pemimpin keluarga pihak bapaké wong Israèl liyané kandha, ”Kowé ora nduwé hak mbangun omah kanggo Gusti Allahku bareng karo aku.+ Aku dhéwé sing bakal mbangun kuwi kanggo Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, kaya préntahé Korès raja Pèrsia.”+  Wong-wong sing manggon ing negara sekitaré bola-bali nggawé wong Yéhuda dadi ora semangat lan medèn-medèni bèn wong Yéhuda mandheg mbangun.+  Wong-wong kuwi mbayar para penaséhat kerajaan kanggo nggagalké rencana-rencanané wong Yéhuda.+ Kuwi ditindakké kèt jamané Korès raja Pèrsia nganti tekan jamané Darius+ raja Pèrsia.  Wektu awal pamréntahané Ahaswéros, wong-wong kuwi nulis surat sing isiné nudhuh penduduk Yéhuda lan Yérusalèm.  Pas Artahsasta raja Pèrsia mréntah, Bislam, Mitrédat, Tabéèl, lan kanca-kancané nulis surat marang Raja Artahsasta. Surat kuwi diterjemahké ing basa Aram+ lan ditulis nganggo huruf Aram.*  * Terus, Réhum kepala pejabat pamréntahan lan penulis sing jenengé Syimsyai nulis surat marang Raja Artahsasta soal Yérusalèm, sing isiné:  (Surat iki saka Réhum kepala pejabat pamréntahan, penulis sing jenengé Syimsyai lan kanca-kancané, yaiku para hakim, para gubernur bawahan, para sekretaris, wong Èrèkh,+ wong Babilonia, lan penduduk Susa+ yaiku wong Élam,+ 10  saka bangsa-bangsa liyané sing manggon ing kutha-kutha Samaria+ sing ditawan Raja Asénapar sing agung lan dihormati, lan saka wong-wong liyané sing manggon ing dhaérah Sabrang Kali.* 11  Iki salinan surat sing dikirim wong-wong kuwi.) ”Marang Raja Artahsasta saka para abdimu sing manggon ing dhaérah Sabrang Kali. 12  Aku péngin ngandhani Raja nèk wong Yahudi sing teka mréné saka panggonané njenengan kuwi wis tekan Yérusalèm. Wong-wong kuwi saiki lagi mbangun manèh kutha sing penduduké jahat lan seneng mbrontak. Wong-wong kuwi saiki ya lagi ngrampungké témboké+ lan ndandani pondhasiné. 13  Njenengan kudu ngerti nèk wong-wong kuwi ora bakal mbayar pajeg*+ nèk kutha kuwi lan témbok-témboké wis rampung dibangun manèh. Mula, pendapatané kerajaan bakal kurang. 14  Merga aku éntuk gaji saka kerajaan* lan ora téga ndelok Raja dirugèkké, mula aku ngandhani Raja soal iki. 15  Nèk njenengan mriksa cathetan sejarah nènèk moyangé njenengan,+ njenengan bakal ngerti nèk penduduk kutha kuwi seneng mbrontak lan bahaya kanggo Raja lan provinsi-provinsi. Kèt mbiyèn, penduduké seneng ngojok-ojoki wong bèn mbrontak. Kuwi sebabé kutha kuwi mbiyèn disingkirké.+ 16  Nèk kutha kuwi lan témbok-témboké rampung dibangun manèh, njenengan ora bakal isa nguwasani manèh dhaérah Sabrang Kali.”+ 17  Raja ngirim surat marang Réhum kepala pejabat pamréntahan, penulis sing jenengé Syimsyai, kanca-kancané sing manggon ing Samaria, lan wong-wong liyané sing manggon ing dhaérah Sabrang Kali: ”Salam. 18  Surat resmi sing mbok kirim wis diwacakké cetha banget* ing ngarepku. 19  Aku wis mréntahké para abdiku nyelidiki soal iki. Jebulé kèt mbiyèn kutha kuwi pancèn seneng mbrontak nglawan raja, lan ana akèh pembrontakan lan kerusuhan ing kono.+ 20  Ing Yérusalèm, mbiyèn ana raja-raja hébat sing nguwasani kabèh dhaérah Sabrang Kali. Wong-wong padha mbayar pajeg* marang raja-raja kuwi. 21  Préntahna wong-wong kuwi bèn mandheg kerja. Wong-wong kuwi ora éntuk mbangun kutha kuwi manèh nganti aku ngetokké préntah liya. 22  Gatèkna tenanan préntah iki, aja nganti kerajaan dirugèkké terus.”+ 23  Sakwisé salinan surat resmi saka Raja Artahsasta kuwi diwacakké marang Réhum, penulis sing jenengé Syimsyai lan kanca-kancané, wong-wong kuwi cepet-cepet lunga menyang Yérusalèm marani wong Yahudi lan meksa bèn wong Yahudi padha mandheg kerja. 24  Mulai wektu kuwi, pembangunan omahé Gusti Allah ing Yérusalèm mandheg. Pembangunan kuwi ora dilanjutké nganti taun keloro pamréntahané Darius raja Pèrsia.+

Katrangan Tambahan

Utawa mungkin ”Surat kuwi ditulis ing basa Aram, terus diterjemahké”.
Basa asliné Ézr 4:8 nganti 6:18 kuwi basa Aram.
Dhaérah Sabrang Kali maksudé dhaérah sing ana ing sisih kuloné Kali Éfrat.
Ing basa asliné, ana telung macem pajeg sing disebutké ing kéné, yaiku pajeg perorangan, pajeg barang, lan pajeg dalan.
Lit.: ”mangan uyah saka istana”.
Utawa mungkin ”wis diterjemahké lan diwacakké”.
Deloken ctn. ing Ézr 4:13.