Ézra 5:1-17

  • Wong Yahudi nglanjutké pembangunan bait (1-5)

  • Suraté Taténai marang Raja Darius (6-17)

5  Terus, Nabi Hagai+ lan Nabi Zakharia+ putuné Ido+ ngomong marang wong Yahudi ing Yéhuda lan Yérusalèm nganggo jenengé Gusti Allahé Israèl sing nuntun wong-wong kuwi.  Wektu kuwi, Zérubabèl+ anaké Syéaltièl lan Yésyua+ anaké Yéhozadak mulai mbangun manèh omahé Gusti Allah+ sing ana ing Yérusalèm. Para nabiné Gusti Allah ya ana ing kono bareng karo wong-wong kuwi lan ndhukung wong-wong kuwi.+  Pas kuwi, Taténai gubernur dhaérah Sabrang Kali,* Syétar-bozénai, lan kanca-kancané marani wong-wong kuwi, lan takon, ”Sapa sing mréntahké kowé mbangun omah iki lan masang balok kayuné?”  Taténai lan kanca-kancané ya kandha, ”Sebutna jenengé wong-wong sing kerja ing kéné.”  Ning, merga Gusti Allah mbantu para pemimpiné* wong Yahudi,+ Taténai lan kanca-kancané ora isa ngendhegké wong-wong kuwi. Taténai lan kanca-kancané ngirim laporan marang Darius lan nunggu éntuk surat resmi saka Raja soal iki.  Iki salinan surat sing dikirim marang Raja Darius saka Taténai gubernur dhaérah Sabrang Kali, Syétar-bozénai, lan kanca-kancané, yaiku para gubernur bawahan dhaérah Sabrang Kali.  Wong-wong kuwi ngirim laporan marang Darius sing isiné: ”Marang Raja Darius, ”Salam damai.  Aku péngin ngandhani Raja nèk aku lunga menyang omahé Gusti Allah sing agung ing Provinsi Yéhuda. Omah kuwi lagi dibangun nganggo watu-watu gedhé, lan ana kayu-kayu sing dipasang ing témboké. Wong-wong semangat banget nindakké gawéan iki, lan gawéané saya maju merga upayané wong-wong kuwi.  Terus aku nakoni para pemimpiné wong-wong kuwi, ’Sapa sing mréntahké kowé mbangun omah iki lan masang balok kayuné?’+ 10  Aku ya nakoni jenengé wong-wong kuwi bèn isa tak cathet terus tak laporké njenengan sapa pemimpiné wong-wong kuwi. 11  ”Iki jawabané wong-wong kuwi: ’Aku iki abdiné Gusti Allah sing nguwasani swarga lan bumi. Aku lagi mbangun manèh omah sing dibangun pirang-pirang taun kepungkur sing dibangun karo raja sing agung ing Israèl.+ 12  Ning, merga nènèk moyangku nggawé Gusti Allah sing nguwasani swarga dadi nesu,+ Gusti Allah nyerahké nènèk moyangku marang Nébukhadnézar+ raja Babilon, wong Khaldéa kuwi. Raja kuwi ngremuk omah iki+ lan nggawa wong-wong dadi tawanan menyang Babilon.+ 13  Ning ing taun pertama pamréntahané Korès raja Babilon, Raja Korès mréntahké bèn omahé Gusti Allah dibangun manèh.+ 14  Malah, Raja Korès ya ngetokké kabèh barang saka emas lan pérak sing digawa Nébukhadnézar saka baité Gusti Allah ing Yérusalèm menyang kuil Babilon.+ Raja Korès ngetokké kuwi saka kuil Babilon lan mènèhké kuwi marang Syésbazar,*+ sing dilantik Korès dadi gubernur.+ 15  Korès kandha marang dhèwèké, ”Gawanen barang-barang iki. Dèlèhna barang-barang iki ing bait ing Yérusalèm ing omahé Gusti Allah sing bakal dibangun manèh ing panggonané mbiyèn.”+ 16  Terus, Syésbazar teka lan masang pondhasi omahé Gusti Allah+ sing ana ing Yérusalèm. Mulai wektu kuwi, omah kuwi mulai dibangun nganti saiki, ning saiki durung rampung.’+ 17  ”Mula nèk njenengan setuju, utusen wong kanggo nyelidiki cathetan sing ana ing panggonan nyimpen harta kerajaan ing Babilon bèn isa mastèkké apa pancèn Raja Korès tau mréntahké bèn omahé Gusti Allah ing Yérusalèm dibangun manèh.+ Terus, kirimana aku hasil keputusané njenengan soal iki.”

Katrangan Tambahan

Deloken ctn. ing Ézr 4:10.
Utawa ”para sesepuhé”.
Mungkin Zérubabèl sing disebutké ing Ézr 2:2; 3:8.